BABAD KAMARDIKAN

 BABAD KAMARDIKAN





Purwadi 

Ketua Lokantara

HP 087864404347


1.

Dhandhanggula


Pawartane kamardikan nagri, 

Gambireng tyas sarana pengetan, 

Tlatah Sabang Merauke, 

Barat dumugi timur, 

Mawas dhiri rasa ndarbeni, 

Jiwane kebangsaan, 

Ing sakjuru juru, 

Lulus lila lan legawa, 

Warna warni kinarya tepa palupi, 

Mrih kuncaraning praja. 


Proklamasi kamardikan RI, 

Sangang atus patang puluh lima, 

Pitulas iku tanggale,

Wulanipun Agustus, 

Mula buka hadeging nagri, 

Republik Indonesia, 

Pejuang misuwur, 

Dwi tunggal Soekarno Hatta, 

Amarsudi warga bangsa gya mandiri,

Mardika Nusantara. 


Perjuangan anut konstitusi, 

Nindakake Undang Undang Dasar, 

Presiden Wakil Presiden, 

Sadaya wus sarujuk, 

Amisuda para menteri, 

Netepi kewajiban, 

Sumandhang sinangkul, 

Mranata harjaning praja, 

Angleluri sejarah kang wus kawuri, 

Kanggo tepa tuladha. 


Sutan Syahrir Perdana Menteri, 

Jendral Besar Panglima Soedirman, 

Mumpuni kasatriyane, 

Patriot kukuh teguh, 

Ambelani bumi pertiwi, 

Sumarah jiwa raga, 

Udhu bahu suku, 

Jejering kusuma bangsa, 

Sung palupi murih aruming negari, 

Indonesia merdeka. 


2.

Mijil


Sigrak gumyak suka amangeti, 

Rakyat keplok alok, 

Wiwit Sabang nganti Merauke, 

Tuwa anom miwah jaler estri, 

Suwene sesasi, 

Katon guyup rukun. 


Angadani tandhing warni warni, 

Balap karung bagor, 

Tarik tambang playon menek jambe, 

Gerak jalan sepak bola poli, 

Canthol nyunggi caping, 

Nyokot dhuwit jeruk. 


3.

Kinanthi


Gancar lancar purun urun, 

Tanpa petung tanpa bathi, 

Panitiya suka lila, 

Pasok daya arta dhuwit, 

Amahargya kamardikan, 

Amrih negeri lestari. 


Mesem guyu padha temu, 

Anyengkuyung proklamasi, 

Nuju malem tirakatan, 

Suka sukur olah seni, 

Sinambi nampa hadiah, 

Tumrap warga berprestasi. 


Tanggal pitulas Agustus,

Papat lima ingkang warsi, 

Amahargya kamardikan,

Perjuangan proklamasi, 

Labuh labet nusa bangsa, 

Mrih ngejayeng jagad raya. 


Wus gumregah gya gumregut, 

Dayanipun rakyat sami,

Gumreget gya amakarya, 

Suka lila mawas dhiri, 

Wus suwita marang praja, 

Siyang ratri darma bakti. 


Sigra jumbuh kang ginayuh, 

Pangajabe warga nagri, 

Trus sembada kang sinedya, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Tata tentrem karta harja, 

Gemah ripah loh jinawi.


4.

Gambuh


Kabul unggul pinunjul, 

Laju maju tinata tinemu, 

Olah raga olah jiwa olah pikir, 

Kamardikan maweh semu, 

Samudana den rinaos. 


Bagus alus den utus, 

Lancar lulus gancar mlaku mulus,

Proklamasi sung energi inspirasi, 

Dadi srana wulang wuruk, 

Ing temahan aweh awoh.


5.

Pucung


Kanca srawung mitra sambung kadang dunung, 

Hari kamardikan, 

Amangeti proklamasi, 

Kutha desa seneng bareng njoged mbeksa, 


Sanak atuh aweh kawruh sung pituduh, 

Sakeh pengalaman, 

Perlu kanggo sangu urip, 

Perlombaan nyambi nyumber kasenengan. 


Garap guyup gawe wadhah kanggo ngiyup, 

Jiwa kebangsaan, 

Nasional patriotis, 

Kamanungsan kerakyatan keadilan. 


6.

Sinom


Sagung warga nusantara, 

Aneng saklumahing bumi, 

Gumregut greget gumregah, 

Bagya mulya dha mengeti, 

Mahargya proklamasi, 

Kamardikan ing Agustus, 

Sinebut pitulasan, 

Ajeg ambal saben warsi,

Kebangsaan nasional sisan kenal. 


Kerakyatan keadilan, 

Saben jalmi menghayati, 

Ketuhanan kamanungsan, 

Diweruhi muda mudi, 

Warga bangsa sejati, 

Sarana pedoman hidup, 

Bhinneka Tunggal Ika, 

Falsafah bernegara, 

Perjanjian luhur nyata, 

Pancasila dadi dhasaring negara. 


7.

Pangkur


Darma bakti bela praja, 

Tyas raharja mrih negeri lestari, 

Saben jalma amituhu, 

Tata tertib bebrayan, 

Sigra nyambung anyumbang tulung tinulung, 

Mbakuhake kamardikan, 

Ngukuhake proklamasi. 


8.

Durma


Kebangsaan kerakyatan keadilan, 

Tumraping siswa siswi, 

Rasa kamanungsan, 

Ketuhanan prayoga, 

Kawruhana kanthi permati, 

Bisa sampurna, 

Sarana mawas diri. 


Pancasila iku pedoman sanyata, 

Falsafah hidup becik, 

Pemerintah rakyat, 

Jroning gesang bebrayan, 

Selaras seimbang harmonis, 

Jejeg pranatan, 

Titis ing samukawis. 


9.

Asmarandana


Miturut wulangan suci, 

Ketuhanan kamanungsan, 

iku dadi landhesane, 

Kebangsaan kerakyatan, 

Keadilan wigatekna, 

Wusnya dadya kawruh umum, 

Ngelmune sadhengah titah. 


Kamardikan proklamasi, 

Cihna hadeging negara, 

Pranyata wahana gedhe, 

Pirantining gegayuhan, 

Kawidadan kawibawan, 

Bebrayan gung ngrembuyung, 

Bayang bayang kang tumawang. 


10.

Megatruh


Sigra matur gagasan para leluhur, 

Kamardikan proklamasi, 

Wujud gegayuhan ampuh, 

Bareng mukti kang den esthi, 

Perjuangan kanthi maton. 


Sigra teguh karep kukuh watak wutuh, 

Wilayah bumi pertiwi,

Pancasila sumber kawruh, 

Muda mudi siswa siswi, 

Mengku negara kesohor. 


11.

Maskumambang


Laras laris sugih barang emas picis, 

Wilayah ing nusantara, 

Mus mengeti proklamasi, 

Kamardikan saknegara. 


Sami gemi nastiti angati ati, 

Gegebengan peraturan, 

Pemerintah rakyat becik, 

Kelakon gemah raharja.



Minggu Legi, 17 Agustus 2025.

Purwadi, 

FBSB UNY













Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri