Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2025

Radio Pandawa Tulungagung

Gambar
 Radio Pandawa Tulungagung 1. Dhandhanggula Wus kawentar siaran kang becik,  Naminipun Radio Pandawa,  Siyang ratri enjang sore,  Papane  Tulungagung,  Masyarakat terus ngangeni,  Penyiare Mbak Vera,  Nembe nampi tamu,  Prof Tutik lan Prof Widayat,  Doktor Avi sinartanan Nur Awalin,  Angrembag basa Jawa.  2. Pangkur Nyata Radio Pandawa,  Pelestari bidang budaya seni,  Pendidikan budi luhur,  Kepribadian bangsa,  Gya misuwur Mbak Vera tandang sempulur,  Kanthi sarana siaran,  Murih bisa rum kuncara.  3. Maskumambang Radio Pandawa ngumandhang cumlering,  Mbak Vera dados penyiar,  Prof Afendi lan Prof Tutik,  Doktor Avi Fatkurrahman.  Purwadi FBSB Hp 087864404347

Dhandhanggula Dr Diah Kristianingsih

Gambar
 Dhandhanggula  Dr Diah  Kristianingsih Mahargya Diah Kristianingsih,  Gelar doktor klampahan sinandhang,  FBSB ing UNY,  Ndherek remen nyengkuyung,  Seni musik cumlering gasik,  Kawibawan kamulyan,  Basuki rahayu,  Pendidikan kesenian,  Laras laris luru lurus  lila lilih,  Cahya asung pepadhang.  Kemis Paing, 31 Juli 2025, Purwadi

Kinanthi

Gambar
 Kinanthi Sami atur suka sukur,  Tri Wahyuni Floriasti, Promosi doktor lumampah,  Pendidikan teknologi,  Sinartanan kejuruan,  Gya pinanggih gelis wasis.  Rebo Legi, 30 Juli 2025. Purwadi

Dhandhanggula Mantu Agung

Gambar
 Dhandhanggula Mantu Agung Sanak kadang caos pangastuti,  Mas Muhammad Rasyid Nur Khalifah,  Sanga Agustus selawe,  Wusnya tinata dhaup,  Habibatul Unayah nenggih,  Lestari palakrama, Tansah guyub rukun,  Brayat Bapak Abdurrahman,  Bu Ayuni Pak Sunarno Bu Haryati, Bagya mulya raharja. 9 Agustus 2025, Purwadi Sari

BABAD SULTAN AGUNG HANYAKRA KUSUMA

Gambar
 BABAD SULTAN AGUNG HANYAKRA KUSUMA Purwadi,  Ketua Lok antara Hp 087864404347 Pangkur Amung kalih welas warsa,  Laminira kang jumeneng Narpati,  Jeng Susunan nulya surud,  Ginantyan Narpadmaja,  Pangeran Adipati Anom ing Matarum,  Jejuluk Kanjeng Susunan,  Sultan Agung ing Mantawis. Prabu Hanyakra Kusuma,  Duk punika Pangeran Surawesthi,  Anyedhahi pra Tumenggung,  Manca negri bang wetan,  Wusing pepak  Surabaya ing sadarum,  Ngrembak arsa magut ing prang,  Ngrabaseng Nagri Mantawis.  Ana  kang tumekeng pejah,  Ana kanin ana kang nungkul aris,  Ing Mataram saya mashur,  Kadibyaning Sang Nata,  Kasektene para punggawa nung anung,  Winongwong Karatonira,  Kinasihan ing Hyang Widhi.  Dhandhanggula Kadi silem ing segara geni,  rasaning driya eka sangkala,  duk linakwan panyarike,  Nitipraja ingapus,  dening midha pracaya ngapti,  amiyateng sarira,...

Babad Tulungagung

Gambar
 Babad Tulungagung 1. Durma Tulungagung gita gita wus atata, Aglar sami sumiwi,  Nayaka kawula,  Guyub rukun jumangkah,  Maneka warna tinon asri,  Geleng golongan,  Teguh kukuh nyawiji.  2. Asmarandana Sumrek kang bala lumaris,  Bidhal saking tanah Ngrawa,  Tinon asri busanane,  Kehing wadya bala kuswa,  Perwira miwah tamtama,  Ageng agung Tulungagung,  Pindha ombaking segara.  3. Megatruh Gya lumintu undhaking wiyata guru,  Sinaring kang pamor,  Kekempalan aneng bale gedhe,  Wus nyawiji aneng prajamukti, Guru murid gladhi, Tlatah Tulungagung.  AMANGKURAT TULUNGAGUNG 1. Dhandhanggula Gumelaring jagad endah asri,  Tlatah Ngrowo basuki yuwana, Wewengkon keraton gedhe,  Kahuripan Panjalu,  Daha Jenggala Majapahit,  Demak Pajang Mataram,  Nama Tulungagung,  Amangkurat Kartasura,  Sri Narpati tedhak Bupati Kediri,  Kanjeng Purbanegara. 2. Pangkur Garwa Amangkurat ...

BABAD AMANGKURAT TULUNGAGUNG

Gambar
 BABAD AMANGKURAT TULUNGAGUNG 1. Dhandhanggula Gumelaring jagad endah asri,  Tlatah Ngrowo basuki yuwana, Wewengkon keraton gedhe,  Kahuripan Panjalu,  Daha Jenggala Majapahit,  Demak Pajang Mataram,  Nama Tulungagung,  Amangkurat Kartasura,  Sri Narpati tedhak Bupati Kediri,  Kanjeng Purbanegara. 2. Pangkur Garwa Amangkurat Amral,  Sekartaji Candrakirana nami,  Ngupakara Tulungagung,  Sela marmer tinata, Gya binangun kedhatun wangun tinuntun, Plered nuju Kartasura,  Wetan Merbabu Merapi.  3. Kinanthi Sagung warga Tulungagung,  Sambung Mataram Kediri,  Sinuwun Sri Amangkurat,  Trah Daha Jenggala Manik,  Angrenggani Tanah Jawa,  Sugih raja brana picis.  BABAD KEDIRI KAWEDHAR 1. Pangkur Kediri sigra kawedhar, Bu Profesor Sri Harti Widyastuti, Prof Suwarna mejang kawruh,  Prof Afendy Widayat,  Doktor Nurhidayati paring pisungsung,  Miwah Doktor Fatkur Rahman,  Sinartan de...