MACAPAT TRI LAKSITA
MACAPAT TRI LAKSITA
I
Dhandhanggula
Tri Laksita
1
Winursita sabda aris manis,
Pak Profesor Soeripto amedhar,
Jene pindha mas rinonce,
Ilmu laku dinulu,
Puja puji sri pangastuti,
Kawignyan kasampurnan,
Warisan leluhur,
Majapahit Kahuripan,
Singasari Daha Jenggala Kediri,
Demak Pajang Mataram.
2.
Wulang wuruk keh tepa palupi,
Maha Guru Profesor sanyata,
Pak Panut Mulyono aweh,
Padhang terang sumurup,
Anelahi bumi pertiwi,
Pangarsa Gadjah Mada,
Pawiyatan agung,
Ngrembaka arum kuncara,
Jroning kapti ngudi pakarti lestari,
Ngejayeng nusantara.
3.
Amarsudi wasita sejati,
Hardiyanto Profesor utama,
Sumarah sareh pikoleh,
Kedokteran satuhu,
Tata titi tatas pertitis,
Wibawa lan widada,
Uwur sembur tutur,
Jangka jangkah ngarah arah,
Lenging budi saranane darma bakti,
Sumungkem nusa bangsa.
II.
Gambuh Tri Laksita
1.
Sakeh wejangan kawruh,
Prof Soeripto ambabar pituduh,
Olah pikir mengkoni jagad sakalir,
Jiwa raga wenang dunung,
Pana pranawa miraos.
2.
Profesor agung luhur,
Bapak Panut Mulyono misuwur,
Wus katitik Gadjah Mada dadi becik,
Dosen mahasiswa guyub,
Gumregut jumeneng Rektor.
3.
Jumbuh ingkang ginayuh,
Hardiyanto Profesor kang teguh,
Ahli medis gancar lancar laras laris,
Urip urup tekad murup,
Pribadi cahya mencorong.
III.
Pangkur Tri Laksita
1.
Gumelaring Widyatama,
Maha Guru Soeripto sung pamardi,
Mesu budi sembah kalbu,
Wejangan olah rasa,
Kang tumuwuh pambengkasing baya kewuh,
Wulangan miwah wedharan,
Cipta saamita prayogi.
2.
Pangarsaning pawiyatan,
Panut Mulyono Guru Besar inggil,
Minangka Rektor pinunjul,
Nata universitas,
Sarwa unggul jangka jangkah sigra kabul,
Minterake mahasiswa,
Labuh labet mring negari.
3.
Mujudake kesehatan,
Pak Profesor Hardiyanto memetri,
Antep antuk wulang wuruk,
Pambudi bagas waras,
Talang tulung sawang srawung sambang sambung,
Tata tentrem karta harja,
Subur makmur lahir batin.
IV.
Mijil Tri Laksita
1.
Wening eling manjing tumaliling,
Suminar sumorot,
Amimbuhi gedhe perbawane,
Mbudidaya wosing meditasi,
Kapti wus nyawiji,
Pangrungu pandulu.
2.
Sabda pemimpin midhit angrangin,
Rektor andhap asor,
Lenggah jejer mahasiswa moncer,
Gya lumaris sarjana winasis,
Pinter samukawis,
Pra dwija nyengkuyung.
3.
Pak Profesor Hardiyanto yekti,
Sanak kadang caos,
Pakurmatan karana sumendhe,
Pangalembana dugi prayogi,
Wekdal olah ngelmi,
Sarana meguru.
V.
Sinom Tri Laksita
1.
Profesor Soeripto pirsa,
Jenggala Demak Kediri,
Singosari Kahuripan,
Pajang Medhang Majapahit,
Kraton Daha kawuri,
Mataram dadya pangesuh,
Tumangkar angrembaka,
Adi luhung edi peni,
Tata cara sinambrama upacara.
2.
Kang kawentar Guru Besar,
Panut Mulyono pinilih,
Pemimpin Universitas,
Gadjah Mada ing negeri,
Papane putra putri,
Pasuwitan ngudi ngelmu,
Sabang Merauke teka,
Ing pangangkah gelis wasis,
Pra sarjana labuh labet marang praja.
3.
Hardiyanto paring warah,
Tumrap sagung putra nagri,
Saindhenging nuswantara,
Ngulir nalar landhep lantip,
Rikat trengginas trampil,
Barang gawe purna rampung,
Siswane Gadjah Mada,
Sarwa bisa mitayani,
Rum kuncara mrih ngejayeng jagad raya.
17 Juni 2025
Purwadi,
Alumni Sarjana, Master, Doktor UGM.
Komentar
Posting Komentar