KIDUNG DOKTOR AVI MEILAWATI
KIDUNG DOKTOR AVI MEILAWATI
1.
Mijil
Cahya ndadari sigra nelahi,
Sumunar mencorong,
Wolulas Juni tahun selawe,
Mahargya Avi Meilawati,
Wanci Rebo Legi,
Program doktor mungkur.
2.
Maskumambang
Disertasi pamulangan basa Jawi,
Leladi priyayi manca,
Kabudayan edi peni,
Ngrembaka arum kuncara.
3.
Megatruh
Doktor Avi sampun udhu bahu suku,
Njajah desa milangkori,
Lumaku sajuru juru,
Dumugi manca negari,
Ponggok India Tiongkok.
4.
Pucung
Kehing umbul jalaran dadi pinunjul,
Ponggok mubal toya,
Mbak Avi Meilawati,
Wus kepranan Pucung Sanggrahan Prambanan.
5.
Gambuh
Ingaran tanggap tangguh,
Wus tinempuh pasinaon ampuh,
Mitayani Mbak Avi Meilawati,
Departemen Jawa maju,
FBSB gya kesohor.
6.
Pangkur
Dosen tendik mahasiswa,
Avi Meilawati sung palupi,
Rikat trengginas satuhu,
Mrantasi kehing karya,
Mesthi rampung kadang mitra anyengkuyung,
Micara wasis miraga,
Gumyak sigrak lan semanak.
7.
Kinanthi
UNY minangka kampus,
Nggulawenthah para murid,
Saindhenging nuswantara,
Mbak Avi wis nyembadani,
Mrih gancararing pawiyatan,
Psngesthi wohing pambudi.
8.
Asmarandana
Jejeripun sekretaris,
Departemen Basa Jawa,
Prof Afendy pangarsane,
Tendik dosen sedaya,
Atur pambagya raharja,
Ibu Avi sampun lulus,
Tata cara pendadaran.
9.
Durma
Regeng gayeng keplok kang imbal imbalan,
Avi Meilawati,
Program doktor tamat,
Sanyata jalma lumpat,
Gembira bapak ibu siwi,
Wus paripurna,
Mardeka trus lumaris.
10.
Sinom
Tanah Klaten suka rena,
Sumberpucung amaringi,
Sanggrahan paring kabagyan,
Prambanan sung pangastuti,
Mrih basuki lestari,
Widada hayu rahayu,
Wibawa wicaksana,
Mbak Avi Meilawati,
Widyatama pawiyatan lumaksana.
11.
Dhandhanggula
Pendadaran kinarya memanis,
Manuhara ngumandhang gembira,
Pindha melathi rinonce,
Ngambar aganda arum,
Ilir ilir jagad sakalir,
Karangmalang gumilang,
Mathuk sarwa gathuk,
Penggalih lila legawa,
Amarsudi Mbak Avi Meilawati,
Wusnya mbabar tumangkar.
Purwadi,
Rebo Legi, 18 Juni 2025.
FBSB UNY
Komentar
Posting Komentar