KI PENJAWI PATI
KI PENJAWI PATI
1.
Pangkur
Lawan malih kula tanya,
Pun Siwa Penjawi wonten pundi,
Pangeran Ariya matur,
Jeng Rama sampun seda,
Wonten pundi pasareyan Uwa wau,
Pangeran Arya aturnya,
Mapan wonten dhusun Sani.
Datan matur sejatinya,
Sinarekna wonten ing Sitihinggil,
Ing Parenggan papan iku,
Dene purna winekas,
Pasareyan sampun katur mring Sang Prabu,
Paripurna gya mangkana,
Narendra arsa lumaris.
2.
Mijil
Pasareyan ing Parenggan katri,
Dene mapan ing lor,
Nenggih Kanjeng Rahadyan Panoleh,
Sisih tengahe Sentana Gadhing,
Papan Sitihinggil,
Nuli Sunan Makdum.
PENJAWI KEBANARAN
MANDIRAJA
1.
Dhandhanggula
Wus mesanggrah Ki Ageng Penjawi,
Munggwing pajimatan Kebanaran,
Mandiraja wiyar gedhe,
Banjarnegara luhur,
Bibit kawit trahing lelungit,
Darah trahing kusuma,
Myang rembesing madu,
Wijiling amara tapa,
Wus pinilih tedhaking andana warih,
Pangarsa tanah Jawa.
2.
Mijil
Wekasipun Ki Ageng Penjawi,
Mapan tlatah kulon,
Anusuli ingkang riyin sare,
Ing Susukan Kyai Ageng Giring,
Gumelem dwijadi,
Ceraking Serayu.
3.
Asmarandana
Garwa Ki Ageng Penjawi,
Rahadyan Ayu Penengah,
Putri Sunan Giri Prapen,
Peputra Ratu Waskitha,
Garwa prameswari nata,
Senapati ing Mentarum,
Run tumurun ngawibawa.
4.
Pangkur
Kyai Ageng Wanasaba,
Asesiwi Kyai Juru Martani,
Trah Getas Pendhawa sepuh,
Sela Rara Kasihan,
Tanggap tangguh tri tunggal winastan ampuh,
Laladan Banjarnegara,
Leluhur Kyai Penjawi.
5.
Kinanthi
Banjarmangu gya binangun,
Banjar Petambakan nuli,
Banjarnegara wekasan,
Ngiring sagung adipati,
Banyumas lan Purbalingga,
Labuh labet Ki Penjawi.
6.
Sinom
Dhawuh Kanjeng Sultan Pajang,
Mas Kerebet Jaka Tingkir,
Penjawi lan Pemanahan,
Dulangmas denreh prayogi,
Dadi ketitik becik,
Pemalang Tegal Temanggung,
Purworejo Magelang,
Kebumen Brebes Manik,
Rah tumerah wilayah ginanjar berkah.
7.
Maskumambang
Kanjeng Ratu Waskitha Jawi angesthi,
Kuncara nagri Mataram,
Sabiyantu Senapati,
Penjawi aris ngendika.
KADIPATEN PATI
1.
Dhandhanggula
Angleluri kabupaten Pati,
Kapurwakan Pangeran Benawa,
Putra raja Pajang kiye,
Ratu Cempaka ibu,
Hadiwijaya Jaka Tingkir,
Mantu Sultan Trenggana,
Narendra misuwur,
Karaton Demak Bintara,
Banuwati garwa Hadi Nyakrawati,
Jumeneng ing Mataram.
2.
Sinom
Nata Agung Brawijaya,
Angratoni Majapahit,
Rahadyan Bondhan Kejawan,
Pala krama lan Nawangsih,
Nawangwulan hapsari,
Garwa Kyai Ageng Tarub,
Putra Getas Pendhawa,
Rara Kasihan kang putri,
Suka girang dhaup lan Ki Ageng Ngerang.
3.
Kinanthi
Trahing Ngerang asesunu,
Nama Ki Ageng Penjawi,
Botoh unggul Kraton Pajang,
Agul agul Jaka Tingkir,
Lumawan Arya Penangsang,
Wus ginanjar bumi Pati.
4.
Pangkur
Ki Ageng Panjawi putra,
Winastanan Ratu Waskitha Jawi,
Ngembani narendra tuhu,
Prabu Hadi Mataram,
Sultan Agung edi peni adi luhung,
Trah Mataram Pajang Demak,
Kasusra arum kuncara.
5.
Pucung
Wiwit kuncung putra Pajang nganti gelung,
Pangeran Benawa,
Mbabar kawruh ngudi ngelmi,
Trah tumerah bisa ngrenggani sejarah.
RATU BANUWATI PRABU HADI
1.
Dhandhanggula
Tepa palupi Dyah Banuwati,
Siwi ayu Pangeran Benawa,
Kang ibu menggalih gedhe,
Rara Tasikmadu,
Pamekasan suta bupati,
Wisma ing Surabaya,
Bandaran kang agung,
Pelabuhan Tanjung Perak,
Dagang layar kayu sarem gamping laris,
Gancaring daya arta.
Sinuwun Hadi Hanyakrawati,
Dyah Banuwati minangka garwa,
Mumpuni kasarjanane,
Suka ambangun gedhung,
Pesanggrahan den arah bathi,
Pasewan Jayakarta,
Gumyak sigrak rebut payu,
Sambung srawung manca praja,
Emas picis anglumpuk lumaris manis,
Nambah santosa praja.
Dodol lisah bumi banyu mili,
Blora Bojonegoro lan Tuban,
Winangun punjering bale,
Dedunung kutha Cepu,
Banuwati angindhit dhuwit,
Karya wragat negara,
Mrih kuncara arum,
Mataram ngejayeng jagad,
Prameswari weruh petung lincah kesit,
Nuhoni trahing Pajang.
Raja putra Pajang kang winarni,
Asmanipun Pangeran Benawa,
Wusnya minulya sumare,
Ing Morotoko dhukuh,
Kapernah desa Wateshaji,
Minangka pajimatan,
Agung inggil luhur,
Suka lila angrumeksa
Warga Pati kecamatan Pucakwangi,
Ginanjar antuk berkah.
Narendra gung Raden Jaka Tingkir,
Jejuluk Sultan Hadiwijaya,
Kang kawentar Mas Karebet,
Wasis waskitha ampuh,
Tedhak turun priyagung Pengging,
Atma Kebo Kenanga,
Tur rembesing madu,
Dhasare trahing kusuma,
Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati,
Turase Brawijaya.
Kanjeng Ratu Cepaka linuwih,
Ingkang ibu Pangeran Benawa,
Pindha melathi rinonce,
Ganda sumerbak arum,
Sekar dhaton kinasih aji,
Kanjeng Sultan Trenggana,
Bagas bagus alus,
Ber budi bawa laksana,
Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati,
Nata Demak Bintara.
Ratu Kalinyamat luwih sugih,
Pangeran Hadirin wus anggarwa,
Asale Samudra Pase,
Ber bandha lan ber bandu,
Rajabrana inten mas picis,
Rena tata wiyata,
Kawruh wulang wuruk,
Benawa ndherek suwita,
Gelis wasis tatas titis samukawis,
Meguru aneng Jepara.
Sami ndherek Pangeran Hadirin,
Kanjeng Madiun Rangga Jumena,
Dipati Pangeran Onje,
Benjang nuli kajunjung,
Purbalingga mangka bupati,
Raden Joko Kahiman,
Derajat ngaluhur,
Adipati Banyumas,
Wus permati nggulawenthah siswa siwi,
Jeng Ratu Kalinyamat.
Banuwati sung tepa palupi,
Minangka dadi garwa pangarsa,
Candra tiyang sepuh lare,
Mbudidaya praja maju,
Kanca estri wruh jatidhiri,
Wisma boga lan wastra,
Wareg cekap cukup,
Butuh jembar jangkah wiyar,
Sagung putri kebat rikat amakarti,
Mbangun nagri Mataram.
2.
Pangkur
Banuwati mulang mejang,
Tata cara urip sampun kawuri,
Warisan para leluhur,
Demak Pajang Mataram,
Ilmu laku pasahe krana panemu,
Gumregut greget gumregah,
Prameswari kang sejati.
Pangeran Benawa putra,
Paring asma Ratu Dyah Banuwati,
Wanita hayu rahayu,
Dhauping palakrama,
Prabu Hadi Nyakrawati gya miyos sunu,
Sultan Agung Nyakrasuma,
Narendra Kraton Mentawis.
Wondene Rangga Jumena,
Retna Dumilah garwa Senapati,
Tedhak turune Madiun,
Jeng Ratu Mas Balitar,
Prameswari Paku Buwana kang sepuh,
Tangguh tangggon tansah tanggap,
Ambawani tanah Jawi.
Benawa asung tuladha,
Nurunake darah santri priyayi,
Nggegulang sabarang ilmu,
Pesantren gya ngrembaka,
Pamulangan dadi piranti pituduh,
Gumebyar gilar sumebar,
Kinarya sangu makarti.
Aneng tlatah Jawi wetan,
Garwa Prabu Hadi Hanyakrawati,
Mrantasi pakaryan rampung,
Tuwa mudha pinercaya,
Langkah maju panemu laju limaku,
Mawi jejeging redana,
Kanjeng Ratu Banuwati.
3.
Gambuh
Sembada ampuh tangguh,
Darma bakti konjuk para sepuh,
Prameswari Kanjeng Ratu Banuwati,
Angengeti bapa ibu,
Mula banjur sregep maos.
Sowan marang leluhur,
Kraton Surakarta kang misuwur,
Putra Pajang sumare laladan Pati,
Benawa paring pitutur,
Mawi wejangan miraos.
Pangeran Benawa perlu,
Medharake sanggya ilmu laku,
Kawruh sepuh wutuh kasampurnan jati,
Drajat pangkat semat wahyu,
Rumasuk padhang sumorot.
Kedhung kawruh pituduh,
Banuwati prameswari wutuh,
Barang kalir lumaku gancar sumilir,
Mataram sangsaya maju,
Ing bawana trus kesohor.
4.
Kinanthi
Sampun mulang Sultan Agung,
Prameswari Banuwati,
Kawruh tama niti praja,
Sinerat ing sastra gendhing,
Wacan serat pagracutan,
Dimen dadi jalma lantip.
Benawa patut tiniru,
Bekti marang Senapati,
Pasrah panguwasa Pajang,
Kawibawan kraton Pengging,
Lumintir aneng Mataram,
Supaya lumaku becik.
Nak tumanak run tumurun,
Pangeran Benawa iki,
Pinaringan kanugrahan,
Kawiryan hartawan wasis,
Demak Pajang lan Mataram,
Widada sugeng lestari.
Adi luhung jiwa agung,
Kanjeng Ratu Banuwati,
Garwa nata ing Mataram,
Krana maringi tuladha,
Wulang wuruk becik apik,
Pepundhen para kawula,
Labuh labet mring negari.
PAJIMATAN GIRILAYA
1.
Pangkur
Pajimatan Girilaya,
Wus sumare Jeng Ratu Banuwati,
Ingkang ibu Sultan Agung,
Putra Raden Benawa,
Ayu hayu ayem ayom tur rahayu,
Wayah dalem Sultan Pajang,
Turun Demak Majapahit.
2.
Asmarandana
Mbrebes mili darah Pengging,
Makurung Handayaningrat,
Kebo Kenanga Karebet,
Kanjeng Ratu Mas Cempaka,
Sultan Trenggana ing Demak,
Raden Patah Ratu Panggung,
Sunan Ampel Surabaya.
3.
Bibit ratu rumambat mawa lelaku,
Pangeran Benawa,
Sumare ing Pucakwangi,
Gentur tapa mapan ing perenging arga.
Kamis Wage,
26 Juni 2025.
Purwadi,
Ketua Lokantara
HP 087864404347
Komentar
Posting Komentar