Dr Ismadi Mbabar Tenun Lurik
Dr Ismadi Mbabar Tenun Lurik
1.
Dhandhanggula
Mangayu bagya Doktor Ismadi,
Dosen FBSB Karangmalang,
Miyos saking tlatah Klaten,
Tanggale telung puluh,
Wulan Juni slawe kang warsi,
Promosi pendadaran,
Wusnya tamat lulus,
UNNES papan perguruan,
Disertasi tenun lurik edi peni,
Ngumandhang ing Semarang.
2.
Miji
Universitas Semarang Nagri,
Ngesti program doktor,
Fakultas Bahasa Seni kiye,
Wus sumandhing garap tenun lurik Tlingsing.
Amrih eksistensi,
Cawas Klaten tuhu.
3.
Pangkur
Sistem pranata sosial,
Tenun lurik Tlingsing rumeksa becik,
Myang budaya adi luhung,
Minangka pralampita,
Agung luhur subur makmur gya sempulur,
Saindhenging jagad raya,
Misuwur ibu pertiwi.
4.
Kinanthi
Pendadaran promovendus,
Doktor Abdullah Prijadi,
Pak Prof Tommi Yuniawan,
Prof Soesanto Doktor Syakir,
Dok Eko Haryanto miwah,
Profesor Tjetjep Rohendi.
5.
Asmarandana
Doktor Ismadi makarti,
Tenun lurik Tlingsing Cawas,
Kanthi tlaten Klaten panen,
Ngupakara kerajinan,
Ekonomi kerakyatan,
Pakaryan sigra binangun,
Bebrayan patut tinata.
6.
Maskambang
Kampus Sekaran Semarang Gunung Pati,
Dadi srana pendadaran,
Penulisan disertasi,
Ismadi purna wiyata.
7.
Megatruh
Kebak purun pengembangan kain tenun,
Winastanan lurik Tlingsing,
Gagrak Cawas wus misuwur,
Dumugi manca negari,
Eksistensi Klaten trus mencorong.
8.
Sinom
Panguripan boga wastra,
Wisma waras marga wasis,
Kanugrahan kacukupan,
Kerajinan tenun lurik,
Sakehing warga Tlingsing,
Cawas Klaten gya lumaku,
Sumebar nusantara,
Tumangkaring ekonomi,
Budidaya Ismadi karya ngrembaka,
9.
Durma
Greget gregah jangka jangkah megah mewah,
Inovasi kreasi,
Tradisi sanyata,
Pranata ing sosial,
Ngarah undhaking ekonomi,
Uripe rakyat,
Gunane tenun lurik.
10.
Pucung
Kedah wantun tradisi turun temurun,
Gagrak pewarisan,
Kreasi lan inovasi,
Bebarengan langkah jangkah kemajuan.
11.
Gambuh
Tandang sengkut gumregut,
Bandha bandhu inten mas jumerut,
Tenun lurik ketitik lumaris becik,
Doktor Ismadi andulu,
Tlingsing Cawas Klaten cocok.
Senin Pon, 30 Juni 2025,
Purwadi,
FBSB UNY
Komentar
Posting Komentar