Babad Doktor Ismadi
Babad Doktor Ismadi
1.
Dhandhanggula
Mangayu bagya Doktor Ismadi,
Dosen FBSB Karangmalang,
Miyos saking tlatah Klaten,
Tanggale telung puluh,
Wulan Juni slawe kang warsi,
Promosi pendadaran,
Wusnya tamat lulus,
UNNES papan perguruan,
Disertasi tenun lurik edi peni,
Ngumandhang ing Semarang.
2.
Miji
Universitas Semarang Nagri,
Ngesti program doktor,
Fakultas Bahasa Seni kiye,
Wus sumandhing garap tenun lurik tlingsing.
Amrih eksistensi,
Cawas Klaten tuhu.
3.
Pangkur
Sistem pranata sosial,
Tenun lurik tlingsing rumeksa becik,
Myang budaya adi luhung,
Minangka pralampita,
Agung luhur subur makmur gya sempulur,
Saindhenging jagad raya,
Misuwur ibu pertiwi.
4.
Kinanthi
Pendadaran promovendus,
Doktor Abdullah Prijadi,
Pak Prof Tommi Yuniawan,
Prof Soesanto Doktor Syakir,
Dok Eko Haryanto miwah,
Profesor Tjetjep Rohendi.
5.
Asmarandana
Doktor Ismadi makarti,
Tenun lurik tlingsing Cawas,
Kanthi tlaten Klaten panen,
Ngupakara kerajinan,
Ekonomi kerakyatan,
Pakaryan sigra binangun,
Bebrayan patut tinata.
Senin Pon, 30 Juni 2025,
Purwadi,
FBSB UNY
Komentar
Posting Komentar