ANINDITO WISUDA ESPERO
ANINDITO WISUDA ESPERO
1.
Dhandhanggula
Paripurna tamat ngudi ngelmi,
Anindito Prasetya wisuda,
SMP Depok papane,
Ing Juni wolulikur,
Tahun slawe rampung mungkasi,
Siswa suka gembira,
Bapak ibu guru,
Wali murid sung pambagya,
Asih asah paring warah manggih berkah,
Gemilang tembe benjang.
2.
Sinom
Tahune rong ewu sanga,
Tanggale rong puluh Juli,
Ing kutha Ngayogyakarta,
Anindito sampun lahir,
Sumusul Bimo Adit,
Darah Salatiga Nganjuk,
Putra kang kaping tiga,
Pak Purwadi Ibu Sari,
Lumaksana pinanggih basuki yuwana.
3.
Mijil
Budhal mulih numpak sepedhah pit,
Tumuju ESPERO,
Munggah mudhun lewat dalan rame,
Wilayah Minomartani,
Tansah ngati ati,
Supaya rahayu.
4.
Kinanthi
Pasinaon nganti lulus,
ESPERO ketitik becik,
Wawasan sangsaya jembar,
Trampil rikat gelis wasis,
Minangka sangune gesang,
Kinarya tepa palupi.
5.
Pangkur
Gumregah bocah sekolah,
Maca nulis pamrihe tatas titis,
Ngawruhi sabarang ngelmu,
Anindito sakanca,
Matur nuwun guru ESPERO nenuntun,
Tumraping guna kawignyan,
Sinartan budi pekerti.
6.
Pucung
Pancen wutuh siswane ESPERO ampuh,
Tangguh tanggon tanggap,
Taliti gemi nastiti,
Padhang terang tembene bakal cemerlang.
7.
Maskumambang
Upacara wisuda ESPERO yekti,
Pasuryan muncar suminar,
Mitayani pra alumni,
Kanugrahan kawibawan.
8.
Megatruh
Jangkah langkah maju terus pantang mundur,
Anindito handayani,
Ngoyak gegayuhan luhur,
Mas Adityo ngrojongi,
Kangmas Bimo nyurung sokong.
9.
Gambuh
Mesthi saguh anggayuh,
Anindito jumangkah tumambuh,
Ibu Sari Indah Setiani ugi,
Mas Adit Mas Bimo udhu,
Bahu suku temu cocok.
10.
Asmarandana
Urut Mas Adityo lahir,
Patlikur Maret nol tiga,
Mas Bimo lima tanggale,
Nol nem September kang wulan,
Anindito trus rong puluh,
Juli ing rong ewu sanga.
11.
Durma
Sigrak gumyak gerak cerak jenak penak,
Anindito nglakoni,
Mas Adit mranata,
Mas Bima sung tuladha,
Bu Sari Indah Setiani,
Paring wewarah,
Gawa gawe mrantasi.
Yogyakarta, 28 Juni 2025.
Pak Purwadi
Komentar
Posting Komentar