Anindito Wisnu Prasetyo Purna Wisuda

 Anindito Wisnu Prasetyo Purna Wisuda



1.

Dhandhanggula


Paripurna tamat ngudi ngelmi, 

Anindito Prasetya wisuda, 

SMP Depok papane, 

Ing Juni wolulikur, 

Tahun slawe rampung mungkasi, 

Siswa suka gembira, 

Bapak ibu guru, 

Wali murid sung pambagya, 

Asih asah paring warah manggih berkah, 

Gemilang tembe benjang. 


2.

Sinom


Tahune rong ewu sanga,

Tanggale rong puluh Juli, 

Ing kutha Ngayogyakarta, 

Anindito sampun lahir, 

Sumusul Bimo Adit, 

Darah Salatiga Nganjuk, 

Putra kang kaping tiga, 

Pak Purwadi Ibu Sari, 

Lumaksana pinanggih basuki yuwana. 


3.

Mijil


Budhal mulih numpak sepedhah pit, 

Tumuju ESPERO, 

Munggah mudhun lewat dalan rame, 

Wilayah Minomartani, 

Tansah ngati ati, 

Supaya rahayu. 


4.

Kinanthi


Pasinaon nganti lulus, 

ESPERO ketitik becik, 

Wawasan sangsaya jembar, 

Trampil  rikat gelis wasis, 

Minangka sangune gesang, 

Kinarya tepa palupi. 


5.

Pangkur


Gumregah bocah sekolah, 

Maca nulis pamrihe tatas titis, 

Ngawruhi sabarang ngelmu, 

Anindito sakanca, 

Matur nuwun guru ESPERO nenuntun, 

Tumraping guna kawignyan, 

Sinartan budi pekerti. 


6.

Pucung


Pancen wutuh siswane ESPERO  ampuh, 

Tangguh tanggon tanggap, 

Taliti gemi nastiti, 

Padhang terang tembene bakal cemerlang. 


7.

Maskumambang


Upacara wisuda ESPERO yekti, 

Pasuryan muncar suminar, 

Mitayani pra alumni, 

Kanugrahan kawibawan. 



Yogyakarta, 28 Juni 2025.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri