Babad Hardiknas
Babad Hardiknas
1.
Maskumambang
Sagung warga nusantara amengeti,
Pendidikan nasional,
Hari wiyosan wigati,
Kyai Hajar Dewantara.
2.
Kinanthi
Berjuang lumantar ngelmu,
Tumrap sarjana winasis,
Gya hadeging pawiyatan,
Pasinaon siswa siswi,
Mrih trengginas cerdas tangkas,
Mbengkasi sabarang kardi.
3.
Pangkur
Karangmalang wanci enjang,
Pacak baris gita gita lumaris,
Busanane abyor ungu,
Clana kemejan pethak,
Langit biru terang ing sajuru juru,
Sami ndherek upacara,
Rektor dekan dosen tendik.
4.
Gambuh
Sigrak gumyak sadarum,
Pendidikan kepentingan umum,
Kang den udi kemajuane negari,
Ayem tentrem adil makmur,
Guyub rukun gotong royong.
5.
Dhandhanggula
Pendidikan dadi investasi,
Kagem masa depan warga bangsa,
Pangajab Bapak Presiden,
Sigra ngendika dhawuh,
Pengajaran cak cakan urip,
Gagasan lan pakaryan,
Wutuh ampuh jumbuh,
Guna tumrap masyarakat,
Pak Menteri maringi sabda prayogi,
Warata saknegara.
2 Mei 2025,
Purwadi
FBSB UNY
Komentar
Posting Komentar