BABAD DEKANAT
BABAD DEKANAT
1.
Dhandhanggula
Winisuda kinen amakarti,
Pra priyagung Dekan Wakil Dekan,
FBSB ing UNY,
Pambagya harja konjuk,
Dhateng Dekan Prof Zulfi Hendri,
Prof Dok Maman Suryaman,
Wakil Dekanipun,
Myang Doktor Ari Purnawan,
Doktor Heni Kusumawati maringi,
Bagya mulya widada.
2.
Sinom
Wawasan lan pengalaman,
Kawengku Prof Zulfi Hendri,
Rekadaya budidaya,
Rikat cukat tandang kardi,
Tangkas trengginas trampil,
Linambaran ilmu laku,
Sigrak grapyak semanak,
FBSB sung pepuji,
Kanugrahan kawibawan kawidadan.
3.
Pangkur
Profesor Maman Suryaman,
Winursita Mahprabu Siliwangi,
Sunda kuncara arum,
Narendra Pajajaran,
Wakil Dekan bidang akademik tuhu,
Sarta kemahasiswaan,
Mranata para alumni.
4.
Mijil
Doktor Ari Purnawan mersudi,
Keuangan umum,
Sumber daya rinancang ginawe,
Sembada wirotama binudi,
Basuki lestari,
Amrih subur makmur.
5.
Gambuh
Bidang riset misuwur,
Kerjasama usaha teratur,
Doktor Heni Kusumawati angesti,
Sistem informasi bagus,
Wakil Dekan trus mencorong.
6.
Pucung
Gya ngrembuyung FBSB sinengkuyung,
Gumreget gumregah,
Tekat kuat dosen tendik,
Bareng njangkah kasembadan kang den arah.
7.
Durma
Departemen seni rupa seni kriya,
Seni tari lan seni musik,
Bahasa daerah,
Basa Indonesia,
Basa Jerman Inggris Perancis,
Wusnya siyaga,
Ngupakara pakarti.
8.
Megatruh
Jangkep fasilitas laboratorium,
Karawitan tari musik,
Ruang AC adhem edhum,
Parkir jembar kelas resik,
Pendhapa kantor kesohor.
9.
Asmarandana
Lingkungan tinata apik,
Gapura satpam rumeksa,
Cleaning Servis nyambut gawe,
Motor mobil jinajaran,
Munggah ing lif sarwa penak,
Kantin warung wus jumurung,
FBSB angrembaka.
10.
Kinanthi
PLA punjering gedung,
Pengurus fakultas merti,
Sarana pembelajaran,
Bisa lumaku lumaris,
Sing belajar gancar lancar,
Tatas titis gelis wasis.
11.
Maskumambang
Dekan wakil dekan dosen miwah tendik,
Jumangkah cipta manunggal,
Suwita maring negari,
Labuh labet nusa bangsa.
FBSB UNY Yogyakarta,
2 Mei 2025
Purwadi,
FBSB UNY
Komentar
Posting Komentar