Dhandhanggula Cik Venny

 Dhandhanggula Cik Venny 







Cik Venny Indria Ekowati, 

Pendadaran tandha paripurna, 

Selikur April selawe, 

Gancar lancar pikantuk, 

Panyengkuyung lan pangastuti, 

Jurusan basa Jawa, 

FBSB tuhu, 

Pawiyatan Karangmalang, 

Disertasi sinerat kanthi basuki. 

UNY bagya mulya. 


2.

Pangkur


Miraga lincah micara, 

Embak Venny Indria Ekowati, 

Cekap cakap cakep cukup, 

Sigrak grapyak semanak,

Bahu suku  panjangkah udhu panemu, 

Kawruh saking Malaysia, 

Njajah praja manca nagri.


3.

Gambuh


Keplok imbal gumuruh, 

Kadang mitra caos sapa aruh,

Puja puji Cik Venny Indera Ekowati, 

Iguh pratikel tinempuh, 

Ujian promosi Doktor. 


4.

Kinanthi


Lulus ujian tertutup, 

Ing garapan disertasi, 

Tata cara penulisan, 

Miturut dhawuh pembimbing, 

Lan penguji pendadaran, 

Katitik teliti becik. 


5.

Durma


Greget saut mawa gumregut gumregah, 

Revisi disertasi, 

Mawa paugeran,

Tata tulis premana, 

Ujian terbuka nusuli, 

Suka gembira, 

Lega jroning penggalih.



21 April 2025

Purwadi





Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri