Pakasa Pang Jepara

 Pakasa Pang Jepara




1.

Pangkur


Nenggih Pakasa Jepara, 

Sigrak gumyak lumaris pacak baris, 

Jeng Susanti Purwaningrum, 

Jeng Bambang Setiawan, 

Gya lumaku kanthi udhu bahu suku, 

Sukodono ing Tahunan, 

Tuwuh aris awoh manis. 


2.

Mijil


Nguri uri seni edi peni, 

Dinten Setu Kliwon, 

Joglo Hadipuran pangesuhe, 

Karawitan pedhalangan gendhing, 

Sastra tembang tari, 

Katon adi luhung. 


3.

Dhandhanggula


Gusti Kanjeng Ratu Wandansari, 

Sinartan Ratu Retno Dumilah, 

Ngestreni pahargyan gedhe, 

Tetepan pra pengurus, 

Pakasa Pang Jepara aglis,

Tetembangan ngumandhang, 

Bondowoso Bandung, 

Iringan kang kawentar, 

Gelar ringgit lakon mligi kebak sanggit,

Mimbuh suka gembira. 


4.

Sinom


Momong Pakasa Jepara, 

Gladhen tlaten mudha mudhi, 

Momot sakehing gagasan, 

Manca warna ing penggalih,

Pikoleh alih lilih,

Urup mletiking panemu, 

Nyengkuyung  Kanjeng Bambang, 

Selaras lan Jeng Susanti, 

Ing Jepara budaya arum kuncara. 


5.

Manggih hayu rahayu, 

Juru ukir kondhang tukang kayu, 

Endah edi tata titi merak ati, 

Ngayun ayun wus kayungyun, 

Kayat kerep karep kayon. 


6.

Asmarandana


Gagas pikir juru ukir, 

Ingaranan kaendahan, 

Sekar sumekar rinonce, 

Sumebar ing jagad raya, 

Jimat Sungging Purbengkara, 

Kraton Majapahit ngutus, 

Jepara dadya kaloka. 


7.

Pucung


Mesem guyu dagang layar sarwa payu, 

Wiwit jaman Demak, 

Kanjeng Pangeran Hadirin, 

Kalinyamat Ratu paring semat drajat. 


8.

Kinanthi


Mbudidaya murih unggul, 

Joglo Hadipuran ngudi, 

Prajurit Nguntara Praja, 

Pawiwahan angrenggani, 

Loka Budaya latihan, 

Olah kridha gelar seni.


Purwadi, 

Ketua Lokantara

HP 087864404347

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri