Pahargyan Promosi Dr Yuli Sectio Rini M.Hum.

 Pahargyan Promosi

Dr Yuli Sectio Rini M.Hum.




1.

Dhandhanggula


Yuli Sectio Rini manggihi, 

Suka sukur sigrak gumyak jenak, 

Ibarat puspa rinoce, 

Anggarap syair lagu, 

Analisis etis estetis, 

Tembang dolanan anak, 

Kawruh wulang wuruk, 

Nyata warisan budaya, 

Wus katiti lumantaring disertasi, 

Doktor program Sarjana. 


Prof Siswatoyo kang mandhegani, 

Prof Edy Supriyadi andadar, 

Prof Lasiyo wedharane, 

Ndherek guru pinunjul, 

Prof Margana maringi ngelmi, 

Mrih gancar wewarah, 

Nenata nenuntun, 

Doktor Sumaryadi mejang, 

Doktor Wenti Nuryani

mangka penguji, 

Siyaga paripurna. 


2.

Mijil


Jamak lumrah nulis disertasi, 

Pancen alot abot, 

Mulane tekade kudu gedhe,

Nuladha Yuli Sectio Rini, 

Wasis samukawis, 

Gumregah gumregut. 


Pengalaman pengajaran olah seni, 

Kagunan kesohor, 

Tlaten panen nggennya  dhapuk dosen, 

FBSB UNY jurusan tari, 

Tambah edi peni, 

Mekar adi luhung. 


3.

Gambuh


Sanak kadang nyengkuyung, 

Seni tari ngrembaka ngrembuyung, 

Angombyongi Bu Yuli Sectio Rini, 

Anggone teguh anggayuh, 

Karya ilmiah berbobot.


Teken tekan lan tekun, 

Bu Yuli Sectio Rini purun, 

Siswa siswi wus antuk tepa palupi, 

Sregep meguru sinau, 

Trus sumandhang gelar doktor. 


4.

Kinanthi


Ing telung puluh Agustus, 

Patlikur sigra den uji, 

Wulang nilai etika, 

Kang kinandhut jroning syair, 

Lelagon dolanan anak, 

Sumebar bebrayan Jawi. 


Disertasi wulang wuruk, 

Minangka wacan prayogi, 

Kanggo pisungsung sumbangan, 

Mbangun watak generasi, 

Karakter bener piguna, 

Mahasiswa mahasiswi. 


5.

Sinom


Kanca dosen sami prapta, 

Marwanto Muhammad Mukti, 

Priyadi Hasta negara,  Kuswarsantyo Tri Wahyuni, 

Lan Titik Putraningsih,

Kusnadi admin Agus,

Titik Agustin sarta, 

Enis Niken Herawati, 

Nyoman Seriati lan Rumi Wiharsih. 


Myang Danang Anekan Fajar, 

Pramularsih Wulansari, 

Sutiyono lan Herlina, 

Sampun kersa hangestreni, 

Ujian disertasi, 

Nggelarake tembang tembung, 

Keplok alok gembira, 

Njoged mbeksa gerak tari, 

Gya ngumandhang miterang ing ngawang awang.



Pisungsung saking Purwadi, 

Prodi Basa Jawi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto