Kepyakan Promosi Dr Sri Hertanti Wulan S.Pd M.Hum

 Kepyakan Promosi
Dr Sri Hertanti Wulan S.Pd M.Hum



1.

Mijil 


Mbak Sri Hertanti Wulan promosi, 

Antuk gelar doktor, 

Ana ing FBSB UNY, 

Sinengkuyung kadang mitra sami, 

Ndherek mangastuti, 

Gancar lancar sampun. 


2.

Kinanthi


Esuk sore menyang kampus, 

Sregep sinau permati, 

Tanpa kendhat istirahat, 

Sengkut nulis disertasi, 

Sinambi amomong putra, 

Alhamdulillah lumaris. 


3.

Pangkur


Jurusan basa daerah, 

Ngarah arah merti budaya Jawi, 

Ngolak ngalik maca buku, 

Referensi pustaka,

Sengkut urut kajian ilmiah patut, 

Nyata Sri Hertanti Wulan, 

Angrampungi disertasi. 


4.

Asmarandana


Kulawarga kakung putri, 

Purworejo amahargya, 

Minangka anugrah gedhe, 

Bungah susah wus linampah, 

Pancen nama jamak lumrah, 

Abot entheng luru ilmu, 

Wekasan nyandhang kamulyan. 


5.

Gambuh


Tekad ampuh tinempuh, 

Laku gliyak dadi wutuh bakuh, 

Mbak Sri Hertanti Wulan gemi nastiti, 

Gumregah greget gumregut, 

Saiki ngrembuyung awoh. 


6.

Pucung


Ulat semu jroning ati mesem ngguyu, 

Sri Hertanti Wulan, 

Lumaku nggonne makarti, 

Salam hormat tumraping warga sakbrayat. 


7.

Megatruh


Sigra dzikir pikir nglilir wanci bangun, 

Jago kluruk amelungi, 

Mangungkung manuk derkuku, 

Binarung angin sumilir, 

Gagasan Mbak Wulan klakon. 


8.

Sinom


Gelar doktor kasembadan, 

Tamat perguruan tinggi, 

Mapan ing pasca sarjana, 

UNY marahi wasis, 

FBSB pinilih, 

Cocok papane meguru, 

Mbak Sri Hertanti Wulan, 

Ping tiga dadi alumni, 

Bagya mulya krana wibawa widada. 


9.

Durma


Madhep mantep jangka jangkep genep genah, 

Hertanti Wulan ngudi, 

Kawruh sangu gesang, 

Mahargya tembe benjang, 

Pakarti pakerti pekerti, 

Dadya pedoman, 

Angger angger prayogi. 


10.

Maskumambang


Tata tulis disertasi ngati ati, 

Tesis skrisi sing digarap, 

Tanda baca koma titik, 

Babar pisan ora salah. 


11.

Dhandhanggula


Laras laris laku lancar manis, 

Mahargya Mbak Sri Hertanti Wulan, 

Kaya melathi rinince, 

Wangi semerbak arum, 

Kanan kiri sami mberkati, 

Purna nggennya makarya, 

Jumbuh kang ginayuh, 

Sembada ingkang kajangka, 

Sung pepuji mring Hyang Widhi mrih lestari, 

Suka sukur raharja. 



Rebo Wage, 

31 Juli 2024


Pisungsung saking Purwadi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.

Asal Usul Leluhur Prabowo Subianto