Macapat Untoro Hariadi

 Macapat Untoro Hariadi

Purwadi


1.

Dhandhanggula Untoro Hariadi


Wus makarya Untoro Hariadi, 

Dosen ing Fakultas Pertanian, 

Janabadra rame gawe, 

Greget sengkut gumregut, 

Tri darma perguruan tinggi, 

Naliti pendidikan, 

Pengabdian wutuh, 

Tunggal cipta rasa karsa, 

Jroning kapti bekti mring ibu pertiwi, 

Ngejayeng nusantara. 


Untoro Hariadi mersudi, 

Kawruh ing peguron Gadjah Mada, 

Nyata duwe tekad gedhe, 

Saben dina sinau, 

Kapribaden lan jatidhiri, 

Pengalaman wawasan, 

Lantip trampil tangguh, 

Tanggap ing cipta sasmita, 

Kang katitik sung tuladha sarwa becik, 

Suwita marang praja.


2.

Kinanthi Untoro Hariadi. 


Pra kadang sami nyengkuyung, 

Mring Untoro Hariadi,

Supaya dadi pangarsa, 

Bumi Projo Taman Sari, 

Warga gunung kutha desa, 

Keplok alok nayogyani. 


Tlatah Bantul kang pinunjul, 

Lan Untoro Hariadi, 

Gumregah mbangun negara,

Gemah ripah loh jinawi, 

Tata tentrem karta harja, 

Masyarakat bareng mukti. 


3.

Sinom Untoro Hariadi. 


Wilayah karang padesan, 

Mas Untoro Hariadi, 

Sanyata terus manunggal, 

Among dagang mitra tani, 

Siyang ratri anyukupi, 

Bisa urip subur makmur, 

Sandhang pangan lan papan, 

Bagya mulya lahir batin, 

Gya sumebar wilayah Bantul kawentar. 


Gagasan dadi harapan, 

Bumi projo taman sari, 

Kawula ngesti pangarsa, 

Ngudi pimpinan sejati, 

Untoro Hariadi, 

Minangka Bupati Bantul, 

Tekad rakyat mupakat, 

Sumadiya ngajak milih, 

Mbangun praja sangune laku utama.


4.

Gambuh Untoro Hariadi. 


Bantul kutha pinunjul, 

Subur makmur wilayah misuwur, 

Papan ngabdi Mas Untoro Hariadi, 

Den upadi tambah maju, 

Ayem tentrem lahir batos. 


Bantul katon ngrembuyung, 

Rakyat kutha desa kang nyengkuyung, 

Laju mlaku lan Untoro Hariadi, 

Teguh wutuh ampuh  tangguh, 

Genah pemimpin berbobot.


5.

Pangkur Untoro Hariadi.


Mendukung Kangmas Untoro, 

Mandhegani ing Projo taman sari, 

Bumi Bantul moncer mantul,

Masyarakat tumata, 

Tatas titis sugih bandha sugih bandhu, 

Rumaket grapyak sumanak, 

Sumendhe luhuring budi. 


Mas Untoro pancen nyata, 

Cocok lamun benjang dadi bupati,

Aneng Kabupaten Bantul, 

Mengabdi marang rakyat, 

Wiwit tlatah kutha desa tekan gunung, 

Gumreget Miwah gumregah, 

Labuh labet marang praja.


6.

Asmarandana Untoro Hariadi. 


Mas Untoro Hariadi, 

Mbudidaya mbangun praja, 

Sregep sengkut nyambut gawe, 

Bebarengan masyarakat, 

Kakang putri tuwa mudha,

Mendukung Bupati Bantul, 

Mangka pemimpin idaman. 


Bantul pilihan bupati, 

Mas Untoro gya jumangkah, 

Linambaran tekad gedhe, 

Mujudake kemakmuran, 

Tumrap kabeh masyarakat, 

Sinartan budi rahayu, 

Winantu ing karaharjan.


7.

Pucung Untoro Hariadi. 


Tela puhung Bantul sugih pari jagung, 

Bayem brambang kacang, 

Mas Untoro Hariadi, 

Tani bungah bareng nandur aneng sawah. 


Tandur subur warga Bantul tambah makmur, 

Mas Untoro pakar, 

Bidang pertanian yekti, 

Doktor handal dadi aktivis sosial. 


Sampun sambung Mas Untoro asring srawung, 

Jagad pertanian, 

Kawruh etis filosofis, 

Kanggo srana pengabdian marang praja.


8.

Mijil Untoro Hariadi. 


Mendukung Untoro Hariadi, 

Manah andhap asor, 

Kondhang mumpuni kepinterane, 

tatas titis tutug gelis wasis, 

Watak welas asih, 

Pemimpin satuhu.


Yen Untoro bertugas bupati, 

Rakyat kang rinaos,

Mrih sejahtera nasibe, 

Jroning tekad kudu melayani, 

Ngedohi korupsi, 

Tansah laku jujur.


9.

Megatruh Untoro Hariadi. 


Sigra mikir Mas Untoro terus maju, 

Mengabdi ibu pertiwi, 

Minangka bupati Bantul, 

Sepuh anem kakung putri, 

Warga kabeh keh mendorong. 


Sigra ngulir Mas Untoro ngudi makmur, 

Tekad kuat amakarti,

Gugur gunung guyub rukun, 

Greget saut kerja bakti, 

Sagung rakyat gotong royong. 


10.

Durma Untoro Hariadi. 


Jiwa mawur sumawur mujur tenanan, 

Untoro Hariadi, 

Berjuang nggo rakyat, 

Bareng lan masyarakat, 

Semangat manunggal nyawiji, 

Mbangun negara, 

Raharja loh jinawi. 


Nggayuh makmur sempulur bareng lan rakyat, 

Untoro Hariadi, 

Gumregut gumregah, 

Berkah ingkang diarah, 

Sinengkuyung dadi bupati, 

Mranata praja, 

Murih luhure nagri. 


11.

Maskumambang Untoro Hariadi. 


Ayo mendukung Untoro Hariadi, 

Ngupadi mangka pangarsa, 

Bantul projo taman sari, 

Amanat dhawuhe rakyat. 


Benjang lamun ndherek pilihan bupati, 

Masyarakat wus sepakat, 

Mas Untoro Hariadi, 

Kinarya mbangun negara.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.