Dhandhanggula 2 Mei

 Dhandhanggula 2 Mei




Katur Mbak Avi Meilawati, 

Sugeng ambal warsa panjang yuswa, 

Ginanjar nugraha gedhe, 

Jiwa raga rahayu, 

Mbanyu mili sugih rejeki, 

Rinaket kadang mitra, 

Jumbuh kang ginayuh, 

Sembada ingkang jinangka,

Siyang rantri manggih basuki lestari, 

Kalih Mei minulya. 


Makarya ngembani basa Jawi, 

Tatas titis gya rikat trengginas, 

Minangka pejabat sekdep, 

Juru tulis pinunjul, 

Barang gawe rampung mrantasi, 

Wawasan pengalaman, 

Udhu bahu suku, 

Gumregut greget gumregah, 

Kang kaesthi sami antuk bareng mukti, 

Suka lila gembira. 



Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.