BABAD SISWA KENDAL

 BABAD SISWA KENDAL


dening : Agnes Luhjati Wisma Indriadi 



I. Gambuh Siswa Mbangun Turut 


1.

Siswa Kendal satuhu,

Bekti marang bapak ibu guru,

Mbangun turut tekun tekan ngati ati,

Seneng ngudi kehing kawruh,

Kang piguna lahir batos.


2.

Ngajeni tiyang sepuh,

Siswa Kendal pancen ampuh tangguh,

Wasis titis rikat trampil tata titi,

Sregep gawe lan sinau,

Sanyata budi mencorong.


3.

Eling marang pitutur,

Kang lumantar dhawuhe leluhur,

Tata krama sopan santun warni warni,

Siswa Kendal amituhu,

Tingkah laku andhap asor.



II. Dhandhanggula Sregep Sinau 


1

Wulang wuruk kagem siswa siswi,

Kang sekolah aneng tlatah Kendal,

Supaya bisa pikoleh,

Kawruh kebak pituduh,

Benjang dadi bocah winasis,

Trampil rikat trengginas,

Ngerti sopan santun,

Darma bekti mring wong tuwa,

Tingkah laku muna muni ngati ati,

Mersudi katentreman.


2

Kendal kaloka tlatah pesisir,

Ing sakulone kutha Semarang,

Padha sregep nyambut gawe,

Patuladhan kang patut, 

Tumrape para mudha mudhi,

Utamaning pra siswa,

Kang nembe sinau,

Prayoga mumpung sekolah,

Bapak ibu guru nuntun budi pekerti,

Mrih piguna mring bangsa.



III. Pucung Ajar Seni 


1.

Aja bingung siswa Kendal putri kakung,

Aneng pamulangan,

Ajar seni edi peni,

Karawitan sandiwara pedalangan. 


2.

Sarwa agung budayane adi luhung, 

Kapribaden bangsa, 

Wus kondhang manca negari, 

Kawruhana dimen sangsaya kuncara. 


3. 

Pancen mathuk kesenian sarwa gathuk, 

Tumrap siswa Kendal, 

Kinarya lipuring dhiri, 

Ati susah mesem ngguyu dadi bungah.



IV. Pangkur Pekarangan Sekolah 


1.

Pekarangan ing sekolah, 

Kanan kering katon resik gumrining, 

Tetuwuhan subur makmur, 

Tinata patamanan, 

Kembang arum weh suka dulur sadarum, 

Rineksa dening pra siswa, 

Tumandang gilir gumanti. 


2. 

Sehat kuat jiwa raga, 

Adoh saka bilahi suker sakit, 

Dhawuh bapak ibu guru, 

Prayoga den estokna, 

Kanggo sangu murih gancare sinau, 

Gegayuhan kasembadan, 

Urip mulya tembe buri.



V. Kinanthi Piranti Sinau 


1. 

Potlot setip pulpen buku,

Blabak tuding meja kursi,

Piranti ing pawiyatan,

Piranti nggo maca nulis,

Pasinaon dadi gancar, 

Gelis dadi bocah wasis. 


2. 

Piranti sekolah perlu, 

Rineksa murih lestari, 

Aja nganti padha rusak, 

Kulina gemi nastiti, 

Sabiyantu mring wong tuwa, 

Siswa Kendal bisa ngirit.



VI. Sinom Budhal Sekolah


1. 

Wayahe budhal sekolah,

Kabeh para siswa siswi,

Siyaga nampa wulangan,

Lungguh jejer kanthi becik,

Mrih titis samukawis,

Wawasan jembar kadulu,

Luwes ing pasrawungan,

Mrantasi sabarang kardi,

Tembe benjang gesang langkung padhang jingglang.


2.

Siswa busana seragam,

Katon endah ingkang warni,

Nalikane upacara,

Ngadeg gagah pacak baris,

Nuhoni tata tertib,

Ndherek bapak ibu guru,

Mengko dadya cah piguna,

Kaya sarjana winasis,

Dhasar nyata siswa Kendal kang tumata.


VII. Mijil Srawung Kanca 


1.

Sambang sambung  srawung para murid, 

Gembira ing raos, 

Budhal sekolah bareng kancane, 

Ora lali nyangking buku tulis, 

Pulpen potlot setip, 

Alat wulang wuruk. 


2.

Guyub rukun ingkang dipersudi, 

Alon alon klakon, 

Gremat gremet slamet saknyatane, 

Grapyak guyon maton muna muni, 

Gawe seneng ati, 

Sarana lelipur. 


VIII. Megatruh 


IX. Asmarandana Rikat Trampil


1.

Cerdas pinter rikat trampil, 

Yen sinau ing sekolah, 

Budhal esuk bali sore, 

Mlaku bareng dhampyak dhampyak, 

Geguyonan rerembugan, 

Anggone padha sinau, 

Gegayuhan kasembadan. 


2.

Maca nulis ora lali, 

Mrih gancare pamulangan, 

Denteliti kana kene, 

Kewajiban para siswa, 

Mbudidaya ketrampilan, 

Bisa kanggo sangu besuk, 

Lamun wancine dewasa. 


X. Maskumambang Gegayuhan 


1.

Ngudi gegayuhan luhur kang linuwih, 

Rekadaya kang permana, 

Permati gemi nastiti, 

Tindakna mawa tumata. 


2.

Jangka jangkah jangkane jaman rumiyin, 

Mamrih sedya kasembadan, 

Linambaran mesu budi, 

Paugeran kanggo siswa. 



Riwayat 

Agnes Luhjati Wisma Indriadi, lair ing Semarang. Sekolah ing SD Selosabrang, SMP Negeri 2 Pati lan SMA Negeri 1 Juwana. Banjur sinau ing jurusan Sastra Nusantara, Fakultas Sastra UGM. 


Buku reriptane Agnes Luhjati Wisma Indriadi kang wus nate kababar yaiku: Ngudi Urip Ayem Tentrem, Urut-urutan Manten Adat Jawa, Busana Jawa Kakung Putri gagrag Yogyakarta lan Surakarta, Bakulan Laris nganggo Iklan Basa Jawa, Wulang Wuruk Kasusastran lan Kawaruh Piwulang Bebrayan.


Alamat email: agnesindriadi2@gmail.com. Manggon ing Perumahan Wahyu Utomo Jalan Wahyu Asari Utara VII no. 5 RT 04 RW 06 Ngalian Semarang. Hp: 081901857333.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.