BRIGJEND RUDY PURUWITO SAKING DUWEL
BRIGJEND RUDY PURUWITO SAKING DUWEL
dening Purwadi
A. Labuh Marang Negara.
Lila lan legawa kanggo mulyane negara. Regeng seneng, gumyak semanak, gita nawung gati. Koko Prabu Brigjend Rudy Puruwito kawisuda minangka Danrem ing Kalimantan Selatan. Kepareng rawuh Panglima Jenderal Andika Perkasa sekalian garwa. Kabeh kanca atur pambagya minulya, mahargya upacara tetepan.
Asale Koko Prabu Brigjend Rudy Puruwito saka dhusun Duwel Sukorejo Rejoso Nganjuk. Ana apa dhusun Duwel iku?
1. Pabrik gendheng.
Wiwit kuna makuna warga dhusun Duwel pinter nggawe gendheng. Lemah lempung dijladreni dadi atap utawa gendheng kang becik. Gendheng Duwel kondhang kuat bakuh. Yen kanggo omah marahi adhem ayem.
2. Nyadran Jemah Pahing.
Tata cara adat nyadranan ing dhusun Duwel ditindakake kanthi jangkep genep genah. Awan nanggap tayuban. Suka parisuka, suguhane mbanyu mili. Bengi nanggap wayang kulit, kanggo sarana mbabar tontonan tuntunan tatanan.
3. Punjering Seni.
Seniman misuwur akeh sing dedunung ing dhusun Duwel. Cpntone dhalang, pengrawit lan sindhen. Ana dhalang sepuh asmane Gempon Darmo Suwito tahun 1890 - 1958. Dhalang kondang olah sanggit. Uga ana pengrawit peng pengan nama Ki Sarimo. Pengendhang unggul nama Gunadi. Ki Panut Darmoko dhisik nggelar wayang sepisanan lan pungkasan ing Duwel. Dhusun Duwel papan seniman nganti saiki.
Duwel papan kang edi peni adi luhung. Koko Prabu Rudy Duwel Sukorejo kepanjingan Wahyu Cakraningrat. Dewa tirta, wantahe hawungu nendra. Wong taruna panggah alabuh negara.
B. Alam Padhusunan
Gunung Wilis
Kutha cilik sangisore gunung Wilis. Iku pantes dadi pacangkramaning pra turis. Yo kanca neng Sedhudha ing perenging arga. Lelumban lan byur byuran weh bagasing raga. Rampung njajan nginep ing Pesanggrahan. Wis mesthi kepranan nyawang kaendahan. Ja lali ja keri kutha Nganjuk mranani.
Gunung Pandhan
Kali Bening sakperenge gunung Pandhan. Iku dadi proyek kacukupan sandhang pangan. Ngocori sabin sabin saeloring kutha. Mesthi agawe pengin wong sing padha teka. Sumur kompor ing ngendi endi ana. Tandur tandur subur bisa gawe makmur. Ja lali ja keri kutha Nganjuk ngenteni.
Candi Ngetos
Kabudayan kesenian pancen nyata. Iku dadi pikukuh kapribaden bangsa. Karawitan pedalangan beksa olahraga. Candi Ngetos wis nyata peninggalan kuna. Pembangunan kuncara liyan praja. Rerenggane kutha wis sarwa tumata. Ja lali ja keri kutha Nganjuk nggon seni.
Kanan kering dhusun Duwel sarwa asri anglam lami. Sidokare kawentar juragan brambang. Babadan kaloka amarga garapan gerabah. Kayata bul, genthong, ngaron, jun, kenthing, jambangan, kuwali, cuwek, layah, cuwo.
Koko Prabu Brigjend Rudy Puruwito masti menggalih Duwel Sukorejo Rejoso Nganjuk. Saiki jumeneng Senapati mandhegani prajurit.
Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anulada, duk ing nguni caritane, Andelira Sang Prabu, Sasrabahu ing Maespati, aran Patih Suwanda, Lelabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antebi, Nuhoni trah utama.
Jarweng Jalma mudhane Sang Prabu Kresna. Wong perwira dadi srana njunjung praja.
Brigjend Rudy Puruwito lan Kang Garwa nembe ngayahi pakaryan negari.
Gendheng napa gentheng?
BalasHapus