SURABAYA KOTA PAHLAWAN

 SURABAYA KOTA PAHLAWAN 


Dening : Dr. Purwadi, M.Hum
Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara - LOKANTARA 
Jl. Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta, hp. 087864404347


Surabaya kuthane Jawa Timur, 

Tlatahe katelah dadi kutha Pahlawan. 

Sura wani baya pakewuh cethane, 

Dadi pawitane revolusi bangsane, 

Sepuluh Nopember patang puluh lima, 

Cilaka dur angkara digempur lebur luluh, 

Pranyata gedhe kaprawirane pra mudha, 

Kasudirane arek Surabaya, 


Sura wani baya pakewuh cethane, 

Dadi pawitan revolusi bangsane, 

Singosari Majapahit nyata agung, 

Pangajab dadya tepa palupi ing ngaluhur, 

Mbata rubuh surake tur gumuruh swarane, 

Pambarisan Pahlawan Surabaya 


I. Dhandhanggula Anies Baswedan


Nusantara Babad kang winarni

asmane Anies Rasyid Baswedan

mumpuni kasarjanane

wusnya dhapuk Gubernur

Ibukota Jakarta yekti

mrih bisa kaleksanan

pemimpin satuhu

sinengkuyung pra kawula

tuwa mudha gedhe cilik kakung putri

tunggal cipta lan karsa.


Adhedhasar pengalaman nguni

Ilmu laku nempuh pendidikan

dadya labuh labet gedhe

sigra bangsane maju

cerdas bagas prigel mandiri

Anies Baswedan nyata

arum lan misuwur

suwene mimpin Jakarta

welas asih santun grapyak mitayani

mrantasi pedamelan.


Ngasta Gubernur Jakarta iki 

mandhegani warga ibukota

kathah godha rencanane

kadya ibaratipun

lelayaran ing jalanidhi

ombak alun lan topan

dados palangipun

nanging sing tekun katekan

linambaran wulang wuruk ingkang becik

sangune pengabdian.


Tata praja wilayah DKI

kedah emut kalawan prasetya

kang kababar nalikane

bawa rasa rerembug

jroning ambabar visi misi

mulyane nusa bangsa

sejatine luhur

krana kabeh sineksenan

sagungipun titah bumi pertiwi

kang wus paring amanat


Masyarakat tekade nyawiji

nyengkuyung marang Anies Baswedan

kang den gadhang enjang sore

amargi sababipun

sanak kadang lan mitra sami

kapilut lan gagasan

kang estu mituhu

dhateng darmaning satria

ingkang wajib ngreksa jejeging negari

rahayuning bawana


Sagung dulur paring donga ugi.

jagat raya sami anekseni

suka sukur salawase

daya asih para pemimpin 

sembada wirotama

anteng jroning kalbu

ing salaminipun

tandang gawe cerdas tangkas 

welas asih semanak luhuring budi

nama Anies Baswedan.


II. Pocung Anies Baswedan


Warga matur dhumateng priyantun luhur

Pak Anies Baswedan

Nyambut gawe sarwa becik

Gancar lancar Jakarta sangsaya mubyar.


Kawruh ngelmu wiwit biyen pancen perlu

Tumrap mitra mudha

Anies Baswedan mersudi

Para siswa mbudidaya bagya mulya


Para guru sinengkuyung murih maju

Ngemong pamulangan

Papane kadang winasis

Kutha praja pendidikan wus warata.


Mula patut Anies Baswedan gumregut

Bareng narapraja

Kanthi setya teguh ati

Kasembadan mranata kutha Jakarta.


III. Kinanthi Anies Baswedan


Mawa pepuji rahayu

Anies Baswedan nyawiji

Kang wus nyata manahira

Nalika srawung puniki

Tansah setya cipta karsa

Widadaning jagat raya


Karana rakyat puniku

Mawa karya budi becik

Mungguhe Anies Baswedan

Tata titi lan permati 

Margane awoh kamulyan.

Dadi gubernur patitis



IV. Pangkur Anies Baswedan


Rakyat sengkut gumregah

Tunggal cipta lan pemimpin linuwih

Ngayahi pakaryan agung

Kanthi suka legawa

Pengin urun barang budi adi luhung

Myang Anies Rasyid Baswedan

Tekun tekan amakarti.


Cahya sinar ing Jakarta

Wus madhangi kabeh bumi pertiwi

Nyata kanugrahan agung

Anies Rasyid Baswedan

Kang kadulu sarwa ayem jroning kalbu

Kawula tata raharja

Masyarakat bareng mukti


V. Sinom Anies Baswedan


Tilik kadang pawong mitra

Kapribaden jatidhiri

Benggala mulat sarira

Sambang sambung srawung iki

Gotong royong barang kardi

Kutha desa lan gunung

Gumregah Anies Baswedan

Mangasah mingising budi

Wus kuncara saidhenging jagad raya.


Lamun wus dadya pangarsa

Mandhegani kutha nagri

Pindha nasak wana wasa

Tumurun ing jurang terbis

Ngubengi jalanidhi

Sumengka angganing gunung

Sadaya warga Jakarta

Datan noleh sangga runggi

Kasembadan bareng lan Anies Baswedan 


Sanggya warga ing Jakarta

Atur puji sri hastuti

Manggiha mulya widada

Ngesthi pemimpin sejati

Nyata mucuki baris

Jejer panata panuntun

Langkah Anies Baswedan

Nggayuh panguripan becik

Suka bagya murih mulyane negara.



VI. Gambuh Anies Baswedan 


Bagus alus lan besus

Sopan santun nyambut gawe tekun

Solah bawa pinter cerdas rikat trampil

Anies Baswedan satuhu

Tindak tanduk andhap asor


Jujur luhur sempulur

Masyarakat dadi maju makmur

Rakyat sehat waras wiris wareg wasis

Sandhang pangan papan cukup

Anies Baswedan kesohor




Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.