WAYANG THIMLONG NGANJUK.
WAYANG THIMLONG NGANJUK.
Dening Dr Purwadi SS M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA. Hp 087864404347
A. Baboning Carita.
Carita wayang thimlong asumber saka crita Panji. Kang nyaritakake lelakon panguripan jaman Kraton Daha, Jenggala, Kediri lan Kahuripan. Sejarah bisa kababar lumantar pagelaran seni wayang thimlong. Mesthi wae luwih bisa seneng nggayeng.
Iringan gamelan mawa lelagon ilir ilir, Kediren, dhung rajul, ayak wolu, sanga kidul, saronan SMKI, kediren nyura. Rata racake ditabuh dening para seniman unggulan. Kaya dene Trah Dhalang Ki Widayat Sonoageng lan Ki Ali Gandhu. Lumrah yen wegig ing babagan gendhing.
Paraga utama yaiku Panji Asmara Bangun lan Galuh Candra Kirana. Akeh piwulang luhur kange bisa kapethik sakjroning Carita Panji. Kasatyan, darma bekti, unggah ungguh, tata praja asring kababar kanthi terang terwaca. Wayang thimlong dadi piranti sumebaring ajaran budi pekerti.
Pagelaran wayang thimlong mapan ing dhusun Sanggrahan Rt 02 Rw 03 kelurahan Kedondong Bagor Nganjuk. Wondene kang ngadani KRT Sukoco Madunagoro, pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat pang Nganjuk. Katindakke rikala dina Minggu, 17 Oktober 2021.
Kepareng ngestreni gelar seni budaya, yaiku Dr Tien Farida Yani. Direktur RSUD Nganjuk kang micara miraga mirasa. Prigel lincah wasis ing samukawis. Sugih pengalaman mranata babagan kesehatan. Ewa semono Dr Tien Farida Yani tetep kersa nguri uri budaya Jawi.
Tepa palupi mau piguna tumraping para seniman. Dimen gumreget gumregut gumregah anggone makarya. Dr Tien Farida Yani paring sesorah mawa basa Jawa. Suwasana tambah suger sumyah.
Tata pagelaran iki uga disengkuyung dening Ibu Ida Srimurtini. Kadhapuk minangka ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA cabang Kabupaten Nganjuk. Rum kuncaraning bangsa dumunung ing luhuring budaya. Mula saben kala mangsa Lokantara Nganjuk uga ngadani acara budaya. Contone nalika tanggal 11 Agustus 2021. Macapatan diadani ing pundhen Sanggrahan. Ingkang kapatah nindakake puja hiswara Drs Sumarsono saka ISI Surakarta. Angin sumilir mimbuhi tuwajuhing panuwunan.
Murih gancaring pagelaran wayang thimlong Mas Mada dan Mas Riska sengkut sabiyantu. Trampil nabuh gamelan. Kempul kenong, demung ngiringi gladhen. Sewengi natas latihan lelagon luwih dhisik. Mas Mada lagi nedheng nedhenge sinau ing jurusan sejarah, Fakultas Ilmu Budaya, Universitas Diponegoro Semarang. Sejarah pancen gathuk cedhak karo kesenian.
Bu Iin kebat rikat ngayahi dokumentasi. Suguhan mbanyu mili kabiyantu dening Mbak Nurul sakgarwa. Gancar lancar gladhen pagelaran wayang thimlong.
Dene dhalang kang ngayahi wajib saka desa Nglawak Prambon Nganjuk. Asma Ki Jamiran Gople. Makarya ndalang wiwit tahun 1962. Dhalang wayang thimlong sing ngugemi seni edi peni warisane para leluhur.
Pesindhen diasta dening Mbak Kolin Nurwe Dewi. Priyayi asal Sonopatik Brebek Nganjuk. Alumni ISI Surakarta. Kerep ndherek dhalang kondhang. Kayata Ki Purbo Asmoro. Garwa kinasih, Mas Anto saka Karanganyar, ngasta guru ing SMAN 3 Nganjuk. Lulus raharja memetri kagunan.
Lelagon kang den gladhi cukup sigrak gumyak. Kanthi irah irahan gambuh Nganjuk Sarujuk lan Nganjuk Mranani.
B. Gambuh Nganjuk Sarujuk.
Warga Nganjuk sarujuk,
Tandang gawe amrih sarwa mathuk,
Guyub rukun tekade padha nyawiji,
Jumangkah tunggal panemu,
Tuwa anom gotong royong.
Tlatah Nganjuk misuwur,
Mbudi daya urip subur makmur,
Nandur brambang kacang dhele jagung pari,
Sandhang pangan papan cukup,
Kanthi patrap andhap asor.
Desa kutha ing Nganjuk,
Sawah tegal saben dina pethuk,
Gunung renteng gunung pandhan gunung Wilis,
Kali brantas brumbung badhug,
Wus kondang wisata praon.
Sarapan aneng Nganjuk.
Sega pecel lawuh peyek krupuk.
Jajan pasar jongkong cucur dumbleg cenil.
Ondhe ondhe tempe tahu.
Jangan asem jangan bobor.
Budaya adi luhung,
Karawitan pedahalangan agung,
Tayub kledhek jaran kepang edi peni,
Seni tumangkar ing Nganjuk,
Maweh ayem lahir batos.
C. Nganjuk Mranani.
Kutha cilik sangisore gunung Wilis,
Iku pantes dadi pacangkramaning pra turis,
Yo kanca ing Sedhudha,
Ing perenging arga,
Lelumban lan byur byuran,
Weh bagasing raga,
Rampung njajan nginep ing pesanggrahan,
Wis mesthi kepranan nyawang kaendahan,
Ja lali ja keri kutha Nganjuk mranani.
Kali Bening sakperenge gunung Pandhan,
Iku dadi proyek kacukupan sandhang pangan,
Ngocori sabin sabin saeloring kutha,
Mesthi agawe pengin,
Wong sing padha teka,
Sumur kompor ing ngendi endi ana,
Tandur tandur subur bisa gawe makmur,
Ja lali ja keri kutha Nganjuk ngenteni.
Kabudayan kesenian pancen nyata,
Iku dadi pikukuh kaprobadening bangsa,
Kerawitan pedhalangan beksa olahraga,
Candi Ngetos wis nyata peninggalan kuna,
Pembangunan kuncara liyan praja,
Rerenggane kutha wis sarwa tumata,
Ja lali ja keri kutha Nganjuk nggon seni.
D. Memetri Budaya Adi Luhung.
Murih gancaring olah kagunan seni, wong Grogol Mojorembun Rejoso Nganjuk uga ndherek gladhen. Jenenge Purwadi. Ibarat timun wungkuk jaga imbuh. Melu udhu bahu suku lan panemu.
Wiwit tahun 1979 meguru karawitan marang Ki Hardjo Sukondho. Misuwur kasebut Tarimin Unuk. Banjur tahun 1984 mersudi tembang gendhing ing Talang Rejoso marang Ki Djianto. Loro loroning dhalang lsn pengrawit kang mumpuni.
Gambyong tayub sinau marang Ki Karen Wibisono tahun 1988. Pangarsa Paguyuban Seni Karawitan Puspo Laras. Kerep pentas ing Mlaten, Sonopatik, Brebek. Umume didhawuhi nggelar seni langen tayub ing kidul dalan sepur.
Tahun 1995 sinau pedhalangan marang Ki Panut Darmoko. Suluk, sanggit, sabet, ada ada, dhodhogan dipersudi kanthi permati. Ki Panut Darmoko dalang pakem saka Ploso. Pensiunan guru SPG lan alumni Konservatori Karawitan Surakarta tahun 1951.
Ngangsu bab gerongan karo Nyi Triyanti ing Begadung tahun 2004. Malah ajar gelaring seni kentrung kanthi lakon Joko Tarub. Garwa kinasih Mas Eko Suseno, dalang kang swarane gandem gandhang arum. Lenggah ing kelurahan Kedhungdandang.
Ndherek sinau ing Sanggar Lokantara Sanggrahan Kedondong Bagor Nganjuk. Ibu Ida Srimurtini asal Musir mandhegani budaya adi luhung. Kanthi sesanti: ilmu iku kelakone kanthi laku.
Semoga kesenian di Nganjuk semakin maju..
BalasHapus