JENANG PIRANTI UPACARA JAWI

 JENANG PIRANTI UPACARA JAWI 


Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum. 
Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta 
Hp 087864404347


1. Jenang Sungsum.


Jenang sungsum kinarya njangkepi tata cara wilujengan ing negari Mataram. Karaton Mataram madeg tahun 1582. Kutha praja mapan Kutha Ageng. Jaman Kanjeng Panembahan Senapati. Sinengkuyung dening Garwa prameswari Kanjeng Ratu Waskitha Jawi, putri Ki Ageng Penjawi Bupati Pati. 


Kutha praja Mataram pindhah ing Kerta tahun 1613 jaman Sinuwun Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma. Pindhahe kutha praja kanthi tata cara jangkep genep genah. Jenang sungsum sinugata dening Kanjeng Ratu Batang. 


Tahun 1645 kutha praja Mataram pindhah dhateng Plered jaman Sinuwun Amangkurat Agung. Jenang sungsum sinugata dening Kanjeng Ratu Mas lan Kanjeng Ratu Kencana. 


Tahun 1677 kutha praja pindhah saka Plered tumuju Kartasura. Jaman Sinuwun Amangkurat Amral. Jenang sungsum sinugata dening priyayi Surabaya tahun 1677. 


 Saking Kartasura tumuli pindhah ing Surakarta Hadiningrat. Jaman Sinuwun Paku Buwana II. Jenang sungsum sinugata dening Kanjeng Ratu Mas putri Pangeran Purbaya Bupati Lamongan. 


Pindhahan kutha praja sinartan jenang, minangka piranti ndedonga. Murih sami pinanggih yuwana wilujeng. Gancaring tata cara akarya tentreming kawula dasih.


Kanjeng Sinuwun Paku Buwana II ngadani wilujengan negari tanggal 17 Sura 1745. Kanthi pangajab pinanggih yuwana rahayu. 


 Para mudha prayogane nlesih sejarah para leluhur. Sinau tata cara Jawa bisa kanggo ngangsu kawruh adat istiadat kang wus lumaku ing madyane bebrayan. Kanthi pangajab warganing bebrayan tansah nemu suka basuki. Upamane tata cara slametan jenang Sura.


 Upacara iki kanthi pangangkah murih rahayuning sagung dumadi. Jenang dadi piranti kanggo nenuwun. Puji pangastuti linambaran budaya adi luhung, seni edi peni. 


Gegandhengan kalawan gegayuhan luhur mau, ayo bebarengan migatekake upacara Slametan wilujengan Sura sing diadani setaun sepisan. 


Tata cara adat Slametan wulan Sura katindakake rikala dina Setu Wage, 17 Sura tahun Jimakir 1954 utawa 5 September 2020. Mapan ing Sasana Sumewa Pagelaran Karaton Surakarta Hadiningrat. 


Wilujengan jenang uga katindakake nalika dina Rebo, 25 Agustus 2021. Wanci jam 15 sore. Kanthi busana  Jawi jangkep. 


Kepareng ndherek wilujengan para abdi dalem, sentana sarta tamu sinedhahan.

Tumrape bebrayan Jawi jenang dadi sarana panuwunan.


Jenang sungsum minangka pratandha rampunge pakaryan. Jumbuh kang ginayuh, sembada kang sinedya. 


Kabeh lumaku gancar lancar. Mula cak cakane jenang sungsuman kanthi swasana sigrak sumarah. Ngrahapi jenang sungsum ateges ngudharake suka sukur.


2. Jenang Baro baro.


Jenang baro baro karipta dening abdi dalem gandarasan. Ingkang ndhawuhi Sinuwun Amangkurat Agung, ingkang sumare ing tlatah Tegalwangi.


Dene jenang baro-baro ngemu surasa murih widadaning sedya. Tumapake gawe prayoga kinanthen jenang baro-baro, kang linambaran barikan.


Ngelmu laku jangka jangkah jangkane jaman. Kudrat wiradat anglakoni lelakon. Mangasah mingising budi, memasuh malaning bumi. Jenang baro baro karipta dening Kanjeng Sunan Giri Parapen jaman Karaton Pajang tahun 1546.


Prayoga den weruhi. Apik banget yen sakehing gawe diwiwiti kanthi sajen jenang baro-baro. Ing pangajab gagasan kang karancang bakal kaleksanan.

Para sesepuh pinisepuh tansah mersudi karahayon lahir batin.


3. Jenang Sengkala.


Jenang sengkala minangka tulak balak. Ingkang yasa Kanjeng Sunan Kalijaga jaman Karaton Demak Bintara tahun 1482. Jenang sengkala wigati banget. Suker sahit sumingkir, godha rencana ngedoh, sandhungan pepalang ilang.


Sakehing bebaya ora wani nyedhak. Jim setan peri perayangan ora wani nggendhak sikara. Iblis laknat ilu-ilu banaspti ora gelem ngganggu. Awit saka daya pangaribawane jenang baro-baro.


Prayoga banget jenang baro-baro disugata bareng karo kumandhange gendhing singgah-singgah.

Pangkur. 


Pangkur. 


Singgah singgah kala singgah.

pan suminggah durgakala sumingkir.

sing aama sing awulu. sing asuku asirah. sing atenggak lawan kala sing abuntut. padha sira sumingkira.

muliha mring asalneki.


Ana kanung saka wetan. Nunggang gajah telale elar singgih. kullahu barang balikul.

setan lan brekasakan.

amuliha mring tawang-tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik


Ana kanung kidul sangkanya. nunggang gajah telale elar singgih.

kullahu barang balikul. setan lan brekasakan

amuliha mring tawang tuwang prajamu. Eblise ywa keri karang. Rahman kulhu bolak balik


Ana kanung kulon sangkanya.

nunggang gajah telale elar singgih.

kullahu barang balikul. setan lan brekasakan

amuliha mring tawang tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik


Ana kanung lor sangkanya.

nunggang gajah telale elar singgih.

kullahu barang balikul. Setan lan brekasakan

amuliha mring tawang tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik


Ambalik marang awaknya. balik marang jasatira pribadi. balik kersaning Hyang Agung. tamat pasinggah setan.

tulak sarap punika gantya winuwus.

arane sarap den ucap. sagung kamasalah sami.


Aja anggodha ngrencana.

apan ingsun ya jatining ngaurip.

dumadeku saka henu. heneng henenge cipta.

singgasana ing tawang tuwang prajamu. sinebut pura kencana.

bebetenging rajeg wesi.


4. Jenang Ngangrang.


Jenang Ngangrang perlu mungguhing para nara praja, kang mandhegani olah gelaring pemerintahan.

Jagad Gumelar Lawan Jagad gumululung. Mugi rahayu sagung dumadi. Ancasing nyinau folklor Jawi uga magepokan karo panggugahe semangat kaprajan.


Sinuwun Amangkurat Amral ndhawuhi yasa jenang ngangrang tahun 1684. Kedhaton Mataram ing kartasura tetep mulya widada. Ngreksa kawibawan kanthi maneka warna. Ing tata cara panggugahing semangat kaprajan kinathen pasugatan jenang ngangrang.


Pratelan jenang ngangrang magepokan karo pangageng tedhak. Kawula dasih mesthi kepranan nampa rawuhe para penggedhe. Wibawa kang sumunar diwujudake pasugatan jenang ngangrang. Rawuhe pengageng kang tedhak digambarake kaya dene narendra agung binathara mbahu dhendha nyakrawati, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana.


Ing pedhalangan lumrah kinucap narendra guna ing ngaguna, tan ngendhak gunaning janma. Mula banjur sinebut ratu kang kinasih ing dewa, kinawula ing widodari, cinedhak ing brahmana, kekasih ing dasih.


6. Jenang pliringan.


Jenang pliringan karipta dening Sinuwun Amangkurat Jawi tahun 1725. Kapinuju gladhen olah gelaring keprajuritan. Bala kuswa barisan prajurit sinambrama kanthi pasugatan jenang pliringan.


Hambok menawa cocok karo iringan gendhing Singa Nebak laras slendro pathet nem.


Singa Nebak


Geter tambur bendhene munya angungkung

Suling sesauran selompret tetep nindhihi

Sigra mangsah lumampah anut wirama

Alun-alun Sitinggil gladhag magangan

Kori kamandungan lawang gapit balerata

Sri Manganti marakata marcukunda

Canthang balung sasmita monggang ngumandhang

Winor carabalen panyutra grebeg pareden

Dhawuh purwa kinanthi mandra budaya


Sairip karo gendhing Singa Nebak yaitu lancaran Maesa Kurda. Unine cakepan mangkene.


Mahesa Kurda


Bendhe umyung tengara budhaling wadya,

Kang tinata carub wor dadi sajuga

Sang Panganjur aba-aba nabuh tambur,

Teteg ajeng suling peling nut wirama

Kalamun cinandra pan yayah mahesa kurda.


Kumandhange gendhing prajuritan sinarta jenang pliringan mimbuhi gagah gumregah. Swara gamelan kompak sigrak nambahi regening swasana. Jenang pliringan sayekti dadi sarana bala kuswa gumreget, barisan prajurit gumregut, bala bregada gumregah. Luweh nges maneh yen diwenehi ater-ater tembang mijil.


Suluk Anata baris


Sang patih sigra anata baris.

Nyawiji gumolong.

Dhampyak dhampyak gumregut lampahe.

Binarung krapyak watang agathik.

Gumelar ngebaki.

Suraknya gumuruh.


Prajurit prawira anom, jayeng astra, panyutran pikantuk pakurmatan. Jenang pliringan mligi kanggo mahargya bala prajurit kang lagi netepi wajib. Jenang kang sinugata diolah dening Nyi Menggung Gondoroso. 


Abdi dalemiki duwe jejibahan olah-olah dhaharan kang magepokan karo upacara.

Nyi Menggung Gondoroso kabawah dening bebadan Purwo Kinanthi. Sakbanjure pengageng Purwo Kinanthi caos palapuran marang bebadan Mandra Budoyo. Tata cara adat dipandhegani dening Pengageng Mandra Budoyo.


7. Jenang Grendul.


Jenang Grendul tumraping kadang tani wigati banget. Sinuwun Paku Buwana III ndhawuhi yasa jenang grendul nalika tedhak ing tlatah kedhung banteng seragen tahun 1753.


Mbudidaya Kesuburan Tanah

Tumraping warga karang padesan tata cara tetanen isih digatekake banget. Folklor Jawi nyengkuyung tata cara tetanen kang bisa mahanani gregeting para kadang tani kang sengkut gumregut nyambut gawe.


Kadang tani kang mapan ing karang padesan ngayahi kuwajiban. Wiwit esuk umun umun budhal menyang sawah. Nandur pari, nandur jagung, nandur kedhele. Janganan, wowohan ijo royo-royo ngrembuyung merak ati. Sabangsane kewan iwen, ayam, bebek, menthok lan rajakaya sapi, kebo, menda anglar ing pangonan. Lakune urip ing karang padesan anut kridhaning among tani.


Jago kluruk


Ing wayah esuk, jagone kluruk

Rame swarane pating kemruyuk

Wadhuh senenge sedulur tani

Bebarengan padha nandur pari


Srengenge nyunar kulon prenahe

Manuke ngoceh ana wit-witan

Pating cemruwit seneng atine

Tambah asri donya saisine


Tanah supaya gembur perlu dikrakal, diluku, digaru. Ing kene kadang tani mahargya subure lemah kanthi pasugatan jenang grendul. Rasane legi kenyil-kenyil. Ngrakal sepisanan mathuk mangsa labuh. Jenang grendul sayekti nyuburake tanah gersang. Pangaribawan jenang grendul tanah tandhus tumuli gembur, cocok kanggo ulah tetanen. Para kadang tani tumuli nyawur winih.


Ewuh Aku


Ama kabur tandur subur,

Loh jinawi


Kok ewuh aku, Kok ewuh aku,

Kok ewuh aku, Kok ewuh aku,

Nginteri jo ngono, Wela berase kecer

Mbok sing ati-ati, Sinau gemi

Mbokya ngelingana

Yen nyeblokke winih


Pandha cancut taliwanda

Aja kena ama


8. Jenang Garut.


Wondene jenang garut kanggo tata cara mahargya olehe tetanen ngancik pari njebul. Kadang tani nduwe pangarep- arep. Njebule pari tumuli kasusul pari ambyak.


Jenang garut sinartan sakehing sesaji kang digawe saka pala pendhem. Ganyong, garut, tela, pohung, uwi digodhog.

Mangsa panen mesthi wae ndadekke swasana seneng, nggayeng, regeng. Yen ngundhuh pari sinartan upacara wit witan. Pethik pari nganggo tata cara mantun pari saagem. Pari sakjodho kapethik ing sisih pojok wetan. Ora keri ngobong dupa ratus garu rasamala. Kala mangsa wujud kemenyan diobong nganggo merang.


Sinuwun Paku Buwana V tedhak ing tlatah Sima Boyolali tahun 1822 ndhawuhi para demang kinen yasa jenang garut. Para kadang tani kang ndherek padha bungah.


Jajanan sesajen wujud kupat, lepet, pura. Sakbanjure diadani lek-lekan sewengi natas.

Pandherek wilujengan suran, ngangem busana jawi jangkep. Racake nganggo beskap putih lan ireng. Semono ugi ingkang mlebu kanca kaji. Ngagem serban putih.


Abdi dalem garap lan anon- anon golongan putri ngagem nyamping, sanggul, kebaya. Tata cara katindakake titi permati. Lumaku kanthi rahayu widada, nir ing sambikala.


Tata cara wilujengan jenang Sura mapan ing sasana sumewa pagelaran Karaton Surakarta Hadiningrat. Rikala tanggal 25 Agustus 2021. Ing pangajab jagad tansah rahayu widada. Sembah kalbu yen lumintu dadi laku. Manggih hayu ayem tentrem kang tinemu.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.