KAWRUH LARAS PELOG LAN LARAS SLENDRO

 KAWRUH LARAS PELOG LAN LARAS SLENDRO



Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum. 
Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA
Hp. 087864404347


A. Olah Kridhaning Wirama.


Wirama gendhing dumados dening swara, tuntunaning kendhang. Jelas yen beksa manut tuntunaning keprak, kados kasebat ing ngandhap. 


Kendho kencenging lampah dumados dening antal utawi seseging tabuhan kendhang, lebet cetheking swara dening swara dang utawu dung antep enthenging greget: swara pak utawi tong. Swara ingkang ngumandhang. 


Rampak runtuting mosik lan ebah tansah tutwingking keteking kendhang, inggih swanten tek. 

Dados swaraning kendhang makaten, kajawi saged antal utawi seseg, wonten warni: dang, dung, pak, tong, tuwin tek.

 Sanes sanesipun nama prenesan sadaya, delang, delung, sut, dan gembleb. 


 Wondene rampak runtuting lampah kareksa ugi dening thuthukaning saron, kethuk, kenong, kempul, tuwin gong, ingkang kenging kaupamekaken titik lampah, titik pedhotan, titik padalingsa, titik padadirga tuwin titik pada, kadosdene tatananing cara pancering sekar.


Kajawi menika swaraning kempul makaten nuwuhaken raos minggah, entheng utawi cethek, satemah damel bingah, wondene swaraning kenong nuwuhaken raos medhak, lebet, antep, satemah damel tentrem utawi sareh, swraning gong makaten cetha nuwuhaken raos marem, lega, sampurna (Wignya Sutarno, 1956).


 Lampahing gendhing menika kecetha dening lampahing saron, sarta kaperang dados kalih warni ingkang pokok. Kados lampah lamba, thuthuking balunganing gendhing, lampah dados ngracik. Yen tikelipun lampah lamba, ingkang lajeng saged damel cethaning lagu. 


B. Lampah Lamba. 


Katrangan ingkang cetha kados mekaten. Ing salebeting lampah lamba ing dalem sakenongipun isi wolung thuthukan saron tumrap gendhing alit lan gendhing madya. Wondene tumrap gendhing ageng isi nem belas thuthukan. 


Yen gendhing kethuk sekawan utawi isi tigang dasa kalih thuthukan. Dene ing salebeting lampah dados cacahing thuthukan saron wau lajeng tikel kaping kalih. Ing dalem sagonging inggih sinebat sawilet. 


Gendhing menika saged isi kalih kenongan, saged ugi isi kawan kenongan gendhing, majemuk, aneh, margi isih gangsal kenongan.

Saben sakenongan, yen gendhing alit ngangge kempul, dhawah ing wilangan lampah saron. Gendhing madya lan ageng boten ngangge kempul.


 Ungeling kethuk menika dhawah ing wilangan. Yen gendhing alit utawi madya ingkang wirama lamba  thuthukan, yen wirama dados  thuthukan kethuk. 

Yen gendhing ageng ingkang isi kethuk. Kethuk dhawah ing wilangan, yen wirama lamba. 


C. Peranganing Gendhing. 


Gandheng kaliyan wiramanipun, kados kasebat gendhing menika kaperang dados 3 warni. Inggih menika: 

Gendhing alit,  thuthukan lamba utawi yen ngracik  mawi kempul.


 Gendhing alit kaperang malih dados: ketawang, ladrang, gangsaran, sabrangan, tropongan, bibaran lan sanes sanesipun. Ketawang isi  kenongan, sanes sanesipun  kenongan. Kempul ingkang sapisan salebeting wirama lamba, lampah seseg) boten katabuh wela. 


Kajawi ketawang, margi ketawang amkaten wirama antal (Dwijo Carito, 2000). Wonten malih gendhing gendhing ingkang kalebet gendhing alit. 


Kadosta: sampak playon, srepegan ingkang tumrap dhawahing swara kethuk, kempul, kenong lan gong. Ngangge wewaton sanes, boten ajeg, makaten ugi gendhing dolanan lan prenesan.


Gendhing madya tengahan saben sakenongipun isi thuthukan kados gendhing alit.

Kados ingkang ngracik, namung kemawon saantawisipun langkung antal tinimbang gendhing alit, limrahipun sinebut gendhing kethuk kalih. Gendhing madya makaten kados gendhing ageng nggadhahi bagiyan ingkang ngajeng, kawastanan gendhing. 


 Dhawahing gendhing makaten lajeng dados wirama rangkep. Inggih gendhing makaten lajeng dadoas kethuk sekawan, utawi sok saged ugi dados gendhing ladrangan mawi kempul. Gendhing kethuk kalih. Lajeng tengahan, madya, upaminipun : candra, gandrung gandrung, sarayuda, lahela. 


Gendhing ageng, sakenongipun isi kethuk utawi kethuk. Inggih menika thuthukan  utawi gendhing kethuk. Gendhing ageng upaminipun gendhing mawur, jangga, semang lan sanes sanesipun.


 Kangge mastani wiramanipun gendhing, cekap sarana mastani cacahing kethuk utawi kendhangipun, kadosta gendhing kethuk kalih kendhangan candra, lajeng cetha sipating wirama.


D. Tuwuhing Laras Pelog & Slendro. 


Larasing gendhing Jawi menika ingkang nggadhahi pirantos gangsa wonten kalih warni, inggih menika salendro tuwin pelog. Wonten malih laras barang miring. 


Nanging namung kangge lagu swara, gangsanipun boten wonten (Gondowasito,  1965). Laras salendro menika langkung sepuh tinimbang laras pelog.


 Dene salendro asal saking Sailendra, asmaning para nata ingkang yasa Borobudhur. Laras salendro menika nggadhahi 5 laras. Inggih menika barang, jangga, dhadha utawi tengah, gangsal lan enem. 


Sadaya swarantara sami agengipun, pramila gadhah raos gagah lan bingah. Laras pelog langkung enem tinimbang laras salendro, nggadhahi laras ugi, sami namanipun kaliyan ing salebeting laras salendro nanging swarantaranipun boten sadaya sami. 


Antawisipun barang kaliyan jangga ageng, jangga dhadha alit, dhadha gangsal ageng, gangsal enem alit, enem barang alit.

Wilahan bem panunggul tuwin wilahan pelog menika sajatosipun inggah inggahan barang tuwin dhadha


 Wilahan pelog saged ugi edak edakanipun gangsal. Ngedhakaken utawi nginggahaken laras makaten minangka asri asrining cengkok, sarta namung kadhang kadhang katandukaken.


 Minggahipun laras barang dados bem. Jelas yen kangge tetep, lajeng ngawontenaken laras rakitan swara enggal, inggih laras bem. Genah boten ngangge barang, kajawi namung kadhang kadhang kangge prenesan. 


Wondene maneka kawruh gendhing. Laras barang miring menika ingkang sepuh piyambak, tandhanipun kangge ing salebeting Ki Lurah Semar tetembangan, mangka Semar menika wayang ingkang sepuh piyambak. Laras barang miring boten nggadhahi pirantos gangsa. 


Kawuningan ing jamaning laras barang miring. Dene tiyang Jawi dereng saged damel gangsa, saweg nggadhahi suling, gambang calung tuwin kendhang. 


Laras barang miring makaten ing bagiyan ngandhap, wiwit barang dumugi gangsal swarantara memper laras salendro. Wiwit gangsal dumugi barang memper pelog, pramila caranipun nyekaraken barang miring makaten ngangge gangsa salendro. Sanadyan  cengkokipun semu raos pelog. Mangkono yen ngangge gangsa pelog. 


Kawruh laras pelog lan laras slendro murih gancaring pamulangan seni karawitan. Wiyaga lan waranggana prayoga sinau kanthi permati

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.