GKR GALUH KENCONO PENGAGENG KEPUTREN KARATON SURAKARTA

GKR GALUH KENCONO PENGAGENG KEPUTREN KARATON SURAKARTA 



Dr Purwadi M.Hum. 
Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara  LOKANTARA. 
HP 087864404347


A. Tata Cara Mendhak. 


GKR Galuh Kencono putri Sinuwun Paku Buwana XII. Sugih pengalaman, kawruh lan grapyak sumanak. Remen tetulung, prigel titis wasis ing samukawis. 


Jejering pengageng keputren ing Karaton Surakarta Hadiningrat, nami jamak lumrah. Sangunipun pepak jangkep. GKR Galuh Kencono utawi GRAy Koes Supiyah saestu jembar wawasan, gampil srawung, mersudi kasusilan. Amemangun karyenak tyasing sesama. 


Rikala taksih timur GRAy Koes Supiyah mandhegani Dara Istana. Group penyanyi ingkang populer tahun 1960 an. Kerep pentas ing Jakarta, Surabaya, Semarang, Yogyakarta lan Solo raya. Penonton mesthi kebak njejel riyel. 


Dangu mapan ing Palangkaraya. Minangka ketua Darma Wanita lan ketua PKK Propinsi Kalimantan Tengah. Lajeng dedalem ing Jakarta. Urun udhu bahu suku, labuh labet marang praja. 




Dinten Kamis, 31 Oktober 2019 GKR Galuh Kencono kondur ing tepet suci, manjing ing suwarga jati. Abdi dalem lan sentana caos pakurmatan ingkang mirunggan. 


Trahing kusuma rembesing madu. Leluhur Mataram sumare ing Puralaya Kotagedhe, Pasareyan Girilaya lan Pajimatan Imogiri. Kanjeng Panembahan Senapati lan Sinuwun Hadi Prabu Hanyakrawati sumare ing Puralaya Kotagedhe.


Wondene Kanjeng Ratu Banuwati sumare ing Pasareyan Girilaya. Ingkang sumare ing Girilaya sanesipun nenggih Sultan Abdul Karim raja Cirebon. Lajeng Ratu Mas utawi Pembayun Ratu Kulon, garwa dalem Sinuwun Amangkurat Agung. Lajeng peputra Sri Amangkurat Amral. Mila Pasareyan menika kalebet pepundhen Mataram.


Gegadhangan kalian tata cara, katindakaken memule leluhur kekalihipun. Upacara Memule lumampah anut paugeran ingkang sampun turun tumurun.


Wanci dinten Ahad Pahing, 18 Oktober 2020 Karaton Surakarta Hadiningrat asung pepenget kagem alusipun GKR Galuh Kencono. Tata cara mendhak kapandhegan dening Pangageng Sasana Wilapa, GKR Wandansari. Kadherekaken sentana lan abdi dalem.


GKR Galuh Kencono surud ing kasedan jati, manjing ing tepet suci, lajeng sumare ing Pajimatan Imogiri. Lenggah tunggil papan kaliyan Sinuwun Paku Buwana XII dalah Kanjeng Ratu Ageng. Astana Kaping Kalih Welasan, winangun Joglo Kelanggengan.


Lenggah jajar sasana kaswargan sesarengan Sinuwun Paku Buwana X saha Sinuwun Paku Buwana XI. Wondene GKR Galuh Kencono sumare cerak KPH Harya Mataram miwah KGPH Kusumayuda.


Abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat pacak baris. Sekar sumawur aganda arum kasangkul winadhahan baki. Mawar melathi kenanga rinumpaka edi peni. Dupa garu rasamala angiringi. Lon lonan lumampah nut abaning pangarsa.




Kepareng nyalirani GKR Wandansari, GKR Retno Dumilah, GKR Ratu Timur, KPH Wirobhumi. Sesulih kulawarga KPH Satriya Hadinagoro, Kepareng rawuh Bendara Raden Ayu Salindri lan Ndoro Bimo. Sedaya sami amemuji kagem leluhur ingkang sampun cinandhi ing ngawiyat.


B. Mustikaning Putri 


Abdi dalem anon anon ingkang ndherek maneka warni. Saking tlatah Sukoharjo, Karanganyar, Boyolali, Klaten. Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat utawi PAKASA Nganjuk wiwit enjing sampun siyaga ing gati, sawega ing dhiri.


Minangka pengageng Lembaga Dewan Adat, GKR Wandansari sigra paring dhawuh. KRT Wiradipura kadhawuhan tahlil tahmid takbir. Ndedonga mawi cara Kejawen Islam Kraton. Kanthi nyebat para nata ingkang dados pepundhen ing Tanah Jawi.




Kukusing dupa kumelun, sumundhul ing ngawiyat. Ganda arum sumerbak sajuru juru. Pajimatan regeng ngengreng merbawani. Pendherek saluku juga, lampah manekung. Ngeningken cipta, amepet pancandriya. Satunggal ingkang sinidhikara.


Katarimah sedaya panuwunan. Puji pangastuti kapungkasi, kalajengaken sowan ing Ngarsanipun para nata ingkang sumare. Sinuwun Paku Buwana X 1893 – 1939. Sinuwun Paku Buwana XI 1939 – 1945. Sinuwun Paku Buwana XII 1945 – 2004.


Putri Sinuwun Hamardika, GKR Galuh Kencono saestu priyayi ingkang peng pengan. Wondene GKR Galuh Kencono miyos Maret 1950 –


Oktober 2019. Pusara putra Dalem Sinuwun Paku Buwana XII menika karengga payung ingkup warni jene.


 Kayu tetenger kinalungan melathi rinonce. Ing papan Pasareyan GKR Galuh Kencono kraos adhem ayem. Swargi kagungan kautaman, ingkang akarya sengseme sesami.


Jangkeping tata cara ugi mapan ing kaswargan Girilaya. 

Pasareyan Girilaya dipun pepundhi dening darah nata. Para abdi dalem sami enget luhuring budi. 




GKR Galuh Kencono asring tedhak ing sadhengah papan.

 Welas asih dhateng Kawula dasih. Mila duk rikala surut mesthi kejot ing galih.


Limrah menawi kejot ing raos. Abdi dalem lan sentana nawung dhuhkita. Rumaos kecalan payung pengayoman. Donga pamuji saking sentana tuwin abdi dalem tansah ndherek. GKR Galuh Kencono mapan swarga loka.




Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.