PAKU BUWANA IV PELOPOR HUKUM ADAT
PAKU BUWANA IV PELOPOR HUKUM ADAT
Dr. Purwadi, M.HumKetua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp: 0878 6440 4347
A. Paugeran Adat Tradisional.
Adat istiadat dados paugeran ing bebrayan Jawi. Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV saestu narendra gung binathara, mbahu dhendha nyakrawati, ambeg adil para marta, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana. Misuwur katelah raja pujangga ingkang baut ngripta wedharing kasusastran.
Serat Wulangreh karipta dening Kanjeng Sinuwun Sri Susuhunan Paku Buwana IV. Panjenenganipun sang nata miyos dinten Kamis Wage, 18 Rabi’ul Akhir 1694 utawi 2 September 1768. Narendra gung binathara bau dhendha nyakrawati punika jumeneng nata ing kraton Surakarta Hadiningrat dinten Senin Paing, 28 Besar 1714, utawi 29 September 1788 ngantos 1820. Surud dalem dinten Senin Paing, 25 Besar 1747 utawi 2 Oktober 1820.
Nalika ngrumpaka serat Wulangreh, Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV tansah sinengkuyung dening garwa pramesari. Asma Kanjeng Ratu Handaya. Ingkang peputra Gusti Raden Mas Sugandi. Ing tembe jumeneng nata kanthi sesebetan Sinuwun Paku Buwana V. Ngasta tahun 1820 - 1823. Medhar reriptan serat Centhini.
Ratu Handaya dipun caosi bedhayan Ndorodasih. Sinuwun Paku Buwana IV ngripta kagem ingkang garwa ingkang sampun surut ing kasedan jati, manjing ing tepet suci.
Dene Sinuwun Paku Buwana V ngripta bedhaya Ludira Madu. Pisungsung kagem GKR Handaya. Minangka tandha bulu bekti kagem Kang Ibu. Kanthi pangajab manggih suwarga loka.
Garwa prameswari angka kalih kapernah ingkang rayi GKR Handaya. Asma Gusti Kanjeng Ratu Kencono Wungu. Putri Bupati Pamekasan punika timuripun asma Raden Ajeng Sukaptinah. Peputra Gusti Raden Mas Sholikin. Ing tembe jumeneng nata ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Kanthi jejuluk Sinuwun Paku Buwana VII tahun 1830 - 1858.
Wulangreh dados gegebengan wigatos menggahing kawula ing sakpraja. Isinipun serat Wulangreh kabiwarakaken dening warangka dalem Patih Sosrodiningrat II. Sekar dhandhanggula murwakani babaran Serat Wulangreh. Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV paring sesorah babagan unggah ungguh, tata krami, kanthi andhap asor.
B. Wejangan Sinuwun Paku Buwana IV.
Dinten Minggu Pon, 28 Maret 2021 Karaton Surakarta Hadiningrat sowan ing Pajimatan Imogiri. Ugi ing kaswargan Sinuwun Paku Buwana IV.
Titi laksana hadicara pinandhegan dening GKR Dra Koes Mutiyah Wandansari M.Pd. Minangka Pangarsa Lembaga Dewan Adat lan Sasana Wilapa Karaton Surakarta Hadiningrat. Kepareng ndherek warga Pakasa utawi Paguyuban abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat. Kados ta Pakasa Nganjuk, Boyolali, Klaten. Ingkang ndherek ugi sentana ingkang dipunsuhi dening Panjenengan dalem GKR Retno Dumilah, Pangageng pasiten.
Nalika sowan ing pusara dalem Sinuwun Paku Buwana IV sami enget wejangan edi peni adi luhung. Pethikan ing ngandhap menika saged kagem patuladan.
Dhandhanggula
Pamedharing wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen keh kang ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-katula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Sasmitaning ngurip puniki,
mapan ewuh yen tan weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun utami,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurneng diri,
ing kauripan nira.
Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha manusia kang nyata,
ingkang becik martabate,
serta kang wruh ing hukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang sampun mungkul,
tan mikir pawehing liyan,
iku pantes sira guranana kaki,
sartane kawruhana.
Lajeng tegesipun Serat Wulangreh menika menapa? Menggahing tiyang Jawi Serat Wulangreh punika dados pandoming agesang. Serat tegesipun pustaka ingkang dipun anggit, minangka wedharing raos tuwin angen angen. Ngrumpaka serat kangge ngudhar gagasan sarta pratelan. Kawruh ingkang sae prayogi dipun ripta awujud serat.
Dene tembung wulang saemper kaliyan ajaran. Amila lajeng wonten tetembungan wulang wuruk, wulangan, wejangan, wedharan. Pratelan tumuju kesaenan winastan wulangan, sabarang tindak sapecak, sembur tutur uwur, wewarah kautaman ingkang tinatar ugi kawastanan wulangan. Tembung wulang kerep dipun agem ing sadhengah papan.
Katrangan tembung reh magepokan kaliyan pranatan. Reh tegesipun mranata, mandhegani, ngupakara, mbudidaya, ngrekadaya. Tembung reh ugi gadhah pikajeng barang sakalir. Upaminipun rehing kadarman. Tegesipun babagan darma bakti, labuh labet, kabecikan tumraping bebrayan. Reh tata krami, tegesipun paugeran babagan kasusilan. Ngereh tegesipun nyepeng wewenang adhedhasar panguwaos.
Wonten sejarah tembung reh asring kagem mratelakaken satunggaling panguwaos negari. Upaminipun wiwit tahun 1546 Kanjeng Sultan Hadiwijaya jumeneng nata ing Pajang. Panjenenganipun kagungan wewenang ngereh para Adipati ing Tanah Jawi. Conto sanesipun rikala tahun 1582 Kanjeng Panembahan Senapati kagungan panguwaos ngereh Negari Mataram. Cak-cakaning tembung reh ing katrangan punika wonten gandhengipun kaliyan tata praja.
Kanthi terang trewaca Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV mratelakaken tata cara gesang ingkang utami. Murih sampurnaning gesang, sadhengah putra wayah prayogi purun nggegulang dhiri. Caranipun mawi cegah dhahar lawan guling. Wedharan kala wau kapacak wonten pupuh sekar kinanthi.
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den-kaesthi,
pesunen sariranira sudanen
cegah dhahar lawan guling.
Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggowa sawatawis,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah nular ing batin.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira ngugung diri,
ywa paliket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak
atemahan nenulari.
Wosing serat Wulangreh pancen karumpaka kanthi ancas ingkang luhur. Sinuwun Paku Buwana IV yasa Serat Wulangreh kanthi basa prasaja, sastranipun edi peni, isinipun adi luhung. Wulangan salebeting serat Wulangreh ugi saperangan kababar saklebeting serat Centhini yasan Sinuwun Paku Buwana V, ingkang jumeneng nata tahun 1820 – 1823.
Kaserat mawi sekar macapat, kaangkah serat Wulangreh langkung gancar dados pamulangan. Gampil kangge apalan, cocok kaliyan swasana kejawen.
C. Watak Andhap Asor.
Abdi dalem Pakasa Nganjuk sengkut gumregut dherek tata cara nyadran. Ing margi sami rerembagan wulang wuruk.
KRT Sukoco Madunagoro, Ketua Pakasa cabang Nganjuk gita gita nawung gati. Sesarengan kalian KMT Ida Madusari, Nyi Behi Indarti Puspodiprojo, Nyi Behi Sunarmi Sekar Rukmi.
Andhap asor dados cepengan suwita ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Mendhet patuladhan saking tanem tuwuh jagad gumelar. Jamak limrah menawi dipun waos lajeng karaos miraos. Sekar gambuh ing ngandhap punika paring wedharan, supados tebih saking tindak adigang, adigung, adiguna.
Gambuh
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula tula katali,
kadalu-warsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.
Aja nganti kabanjur,
sabarang polah kang nora jujur,
yen kabanjur sayekti kojur tan becik,
becik ngupaya iku,
ing pitutur ingkang yektos.
Tutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pan esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
Si Kidang umbagipun,
ngandelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngandelaken geng inggil,
ula ngandelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
Iku upaminipun,
aja ngandelaken sira iku,
suteng Nata iya sapa kumawani,
iku ambege wong digung,
ing wasana dadi asor.
Sayektos serat Wulangreh dados piranti murih lantiping jiwa ingkang luhuring budi. Lumantar pawiyatan lan pakempalan kabudayan, serat Wulangreh 11sangsaya tumangkar ngrembaka.
Saben kala mangsa sowan ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Upacara nyadran ing Pajimatan Imogiri kinarya ndhudhah tepa palupi.
Komentar
Posting Komentar