MANGKUNEGARA IV PELOPOR PABRIK GULA

 MANGKUNEGARA IV
PELOPOR PABRIK GULA. 



Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum. 
Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA,
 hp 087864404347


A. Pabrik Gula Colomadu lan Tasikmadu. 


Mangkunegara IV katelah pangarsa tanah Jawi ingkang lebda ing reh tata praja. Bangkit olah gelating kagunan. Terampil nganggit lungiting kasusastran. 


Pabrik gula Colomadu lan Tasikmadu tuwuh ngrembaka. Anjalari Pura Mangkunegaran makmur. Sentana abdi dalem sengkut gumregut makarya. 


Colomadu tegese gunung kang kebak rasa manis. Colo, cala, ancala, gunung, giri, prawata ngemu surasa papan dhuwur. Gagasan inggil kang den persudi kanthi gregeting pakaryan. 


Tasikmadu tegese segara kang kebak rasa manis. Tasik, segara, laut, jaladri, jalanidhi, jaladiyan ngemu surasa papan isi banyu kang jembar banget. Kanthi pangajab kawula dasih bisa ngrasakake mat manise urip. 


Sastra piwulang tumangkar ngrembaka. Serat Wedhatama, Tripama, Babad Wonogiri sumebar ngrenggani kagunan edi peni. Wiyaga waranggana rumaos kabantu antuk cakepan sae. 


Bebukaning serat Wedhatama yasan Sri Mangkunegara IV mawi sekar pangkur. Ing pangajab dados seserepan kagem nggulawenthah putra wayah.


Pangkur 


Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung.

Sinuba sinukarta,

Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung. 

Kang tumrap ing tanah Jawa,

Agama ageming aji.


Jinejer neng Wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi. 

Mangka nadyan tuwa pikun.

Yen tan mikani rasa,

Yekti sepi asepa lir sepah samun,

Samangsane pasamuan gonyak ganyuk nglilingsemi.


Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV miyos rikala dinten Ahad tanggal 8 Sapar, tahun Jimakir, Windu Sancaka 1738 utawi 3 Maret 1811. Asma timurkanthi sesebatan Raden Mas Sudira.




Duk nalika dinten Sabtu Pahing, tanggal 20 Rejeb, tahun Dal 1759 utawi 1833, Raden Mas Sudira nambut silahing akrami. Pikantuk kaliyan Bandara Raden Ajeng Dhunuk. Sarampunging palakrama, Raden Mas Sudira lajeng kaganjar nami Raden Mas Arya Gandakusuma.


Wondene Raden Mas Sudira piyambak kapernah wayah buyut Kanjeng Sinuwun Paku Buwana III ingkang jumeneng ing karaton Surakarta Hadiningrat tahun 1749 – 1788.


 Wiwit tanggal 24 Maret 1853 Raden Mas Sudira utawi Raden Mas Arya Gandakusuma winisuda anglenggahi dhampar kencana kanthi asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV. Ngasta pusaraning praja yuswa 42 tahun. 


Anglintir keprabon Sri Mangkunegara III ingkang sampun surud ing kasidan jati. Sri Mangkunegara IV tansah angengeti labuh labet ingkang sampun kaparingaken dening Kanjeng Panembahan Senapati, narendra gung binathara ing negari Metaram taun 1582 - 1601.


Sinom


Nulada laku utama,

Tumrape wong Tanah Jawi,

Wong agung ing Ngeksiganda,

Panembahan Senapati,

Kepati amarsudi,

Sudane hawa lan nepsu,

Pinesu tapa brata,

Tanapi ing siyang ratri,

Amamangun karyenak tyasing sasama.


Jumeneng ing pura Mangkunegaran mawi sangu ingkang pepak. Kanjeng Adipati Mangkunegara IV kawentar ngelmu sipating kawruh. Rinten dalu mersudi unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Wejangan luhur Pangeran Sambernyawa utawi Sri Mangkunegara I arupi tri darma : rumangsa melu handarbeni, rumangsa wajib hangrungkebi, mulat sarira angrasa wani


Nyambet wedharan kautaman kala wau, Sri Mangkunegara IV lajeng mawas dhiri. Panjenganipun anggraita kanthi pangandikan ingkang mentes, luwes, gandhes, dhemes.


Panguwasa iku sinambung tembung kang tansah gumunggung ana gunung. Tan sinelak panguwasa iku uga nugraha, hamung cak cakan kang kapacak, gumantung pakarti budi kang kapiji.


Yen ta panguwasa iku dadi panguripan, yekti lumebune mring angkara, andel rosa lan sora.


Nanging yen ta dadi kahuripan, yekti lumebune mring darma, andel rasa lan rumangsa.


Samengko keh kehe yen wus kuwasa, kalimput lali, tan lila kelangan kalungguhan.


 Hamung yen wus gaduk ing rasa, candhak ing tata, aja wedi nampi panguwasa.


Anggenipun mranata Pura Mangkunegaran tansah anglenggahi paugeran. Mila tahun 1854 Sri Mangkunegara IV netepaken layang paugeran.


Sarupaning wong kang ngarah kalungguhan, dadia ngabehi, demang, utawa rangga apadene bekel ing mengko ora kalilan yen nganggo sarana dhuwit, utawa barang liyane kang ana pangajine.


Amung kasangkanana lumebu dadi abdi dalem prajurit utawa liyane, ana dene yen kelakon, oleh kalungguhan, ora kalilan yen anjaluk dhuwit pangunjung tuwin panganyar-anyar marang bawah kareh rekane.


Apa dene yen nerak pepacak iki, kang ambekteni ora oleh kalungguhan, kang anampani bekti utawa anjaluk dhuwit panjunjung tuwin panganyar anyar bakal kena patrapan, kapirit saka ing prakarane.


Mersudi ing reh kautaman, kanthi lekas tumemen. Tata lahir makarti, jroning batin angesthi Gusti. 


B.  Tekun Teken Tekan. 


Sapa sing tekun bakal antuk teken. Sapa sing antuk teken, kajate bakal tekan. Ing kene tegese diajap sregep nyambut gawe. 


Ing pundi papan panggenan Sri Mangkunegara IV asung penget dhateng para sentana dalah abdidalem kinen anggayuh kamulyan. Salebeting gesang perlu gadhah tigang perkawis supados jangkep genep lan genah anggenipun gesang bebrayan. Tigang perkawis menika sinebat wirya arta winasis.


Sinom


Bonggan kang tan merlokena. 

mungguh ugering ngaurip. 

uripe lan tri prakara. 

wirya arta tri winasis. 

kalamun kongsi sepi. 

saka wilangan tetelu. 

telas tilasing janma. 

aji godhong jati aking. 

temah papa papariman ngulandara.


Serat Wedhatama ing nginggil saged dados penget lan gegondhelan menggahing tiyang Jawi. Pura Mangkunegaran wiwit canja winih kopi rikala tahun 1814. Mapan ing kebon kopi Gondosini Bulukerta Wonogiri, tapel wates Ponorogo. Kebon kopi lajeng dipun tanem ing tlatah Tawangmangu lan Betal Nguntaranadi.


Mbudi daya murih gancaring wulu pametu, kados pratelan ing nginggil, cihna bilih Pura Mangkunegaran tetep ngugemi sesanggeman wirya, arta, winarni. Wirya arupi kalenggahan panguwaos. Arta wonten sesambetan kaliyan dhuwit. Winarni gegandhengan kaliyan guna pangawikan.


Tanggal 8 Desember 1861 Sri Mangkunegara IV mandhegani jejeging pabrik gula Colomadu. Asiling gendhis Colomadu dipun sade ngantos dugi Bandanaire, Singapura. Untung tikel matikel, anjalari Pura Mangkunegaran sugih bandha bandhu.


Kalejangan hadeging pabrik gula Tasikmadu rikala tanggal 4 Juni 1871. Giling tebu mawi mesin uap. Nami majeng sanget. Amrih lancaring pabrik gendhis, perlu dipun sengkuyung olah tetanen ingkang trep lan leres. Upaminipun  tahun 1874 Sri Mangkunegara IV ngrekadaya nanem wit kina, kangge nanggulangi penyakit malaria. Papanipun ing Kalisaro Tawangmangu.


Kebon teh mapan ing Ngimorata Tawangmangu Karanganyar. Taneman teh wiwit tahun 1877. Kebon nila dipun tanem tahun 1892. Kebon tebu kangge lancaring pabrik gula.


Pura Mangkunegaran manggih jaman kencana rukmi. Wewangunan ketingal megah asri anglam lami. Pamedhan, regol, pendhapi, pringgitan, dalem ageng, patanen, dhimpil, senthongan, balai warni, pracimusana kawangunendah edi peni. Sedaya wewangunan kala wau betah prabeya kathah. Asiling kebon lan pabrik gula cekap kangge nyembadani kehing wragat.


Mekaring kasusastran, kabudayan, wewangunan langkung gampil menawi kasengkuyung wulu pametu. Pura Mangkunegaran sengkut gumregut mbudidaya kemakmuran. Kebon tebu lan mbako kagungan Pura Mangkunegaran jembar sanget.


Tanah Pura Mangkunegaran mundhut saking tlatah Demak, Terbaya Semarang, Pendrikan. Tanah saking tlatah Demak kapundhut saking kulawarga Bupati Jepara RAA Tjitirtrasoma. Tanah ing Semarang saking kulawarga RAA Soerohadimanggolo tanggal 11 Juli 1878.


Gancaring pambudi daya babagan wulu pametu, Pura Mangkunegaran andhawuhi kawedanan Kartapraja. Bebadan punika mbawahi kemantren harta usaha ingkang mandhegani kebon kopi, tebu, mbako, nila, teh. Kemantren Hartamimpuna mandhegani arta lan pajek. Kemantren Reksadana mandhegani pakaryan bendahara praja.


Pakaryan ingkang kaperang kanthi tumata, anjalari sedaya pedamelan lancar. Wulu pametu lumampah sae. Kemakmuran Pura Mangkunegaran majeng, kajen keringan. Kapribaden dados ajeg jejeg. Mandhireng pribadi ing tata gesang.


C.  Mersudi Wirya Arta Winasis. 


Ing pundi papan tiyang gesang kedah gadhah sangu cekap. Titis ing samukawis dados kasunyatan menawi kinanthen ilmu ingkang pepak. Perkawis ingkang abot ruwet sembada dipun udhari mawi jangkeping kawruh. 





Mila tiyang gesang wajib ngudi undhaking ngelmi. Lumantar udhu panemu, Serat Wedhatama nerangaken jangka jangkah ngelmu laku. 



Pocung


Ngelmu iku kelakone kanthi laku                 

Lekase lawan kas                                          

Tegese kas nyantosani                                  

Setya budya pangekese dur angkara.            


Angkara gung neng angga anggung gumulung,

Gegolonganira,

Triloka lekere kongsi,

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.


Beda lamun kang wus sungsem reh ngasamun,

Semune ngaksama,

Sasamane bangsa sisip,

Saewa sareh saking Mardi martatama.


Basa ngelmu mupakate lan panemu,

Pasahe lan tapa,

Yen satriya tanah Jawi,

Kuna kuna kang ginilut tripakara.


Lila lamun kelangan nora gegetun,

Trima yen ketaman,

Sakserik sameng dumadi,

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara,


Kawedanan among praja mbawahi kemantren sastralukita ingkang mandhegani olah kridhaning basa sastra. Kemantren reksapustaka mandhegani serat serat wigatos. Kemantren pamong siswa mandhegani pamulangan, kawruh, ilmu, seserepan.


Piranti ingkang karipta murih gancaring pamulangan, Pura Mangkunegaran yasa wayang madya. Dados sarana sumebaring Serat Witaradya ingkang paring pratelan negeri Mamenang lan Pengging. Wayang madya karipta tahun 1872.


Sri Mangkunegara ugi ngripta Serat Warayagnya, Wirawiyata, Nayakawara, Darmawasita, Salokatama, Paliatma, Sriyatna, Tripama, Wedhatama, babad sinawung sekar, babad Wonogiri, Giripura, Tegalganda, serat Ngadani Pabrik Tasikmadu. Sedaya reriptan menika kangge njembaraken kawruh.


Reriptan sanesipun inggih punika ngalamat, babad serenan, werdining bangsal tosan, ngadani Bendungan Tirta Swara, ngadani Bendungan Tambak Agung, Srikaton, Nyanjata Sangsam, Wonogiri Prangwadana, Werdining Pandel Mangkunegaran, Pesanggrahan Langenharjo, rerepen. Reriptan Sri Mangkunegara wau damel padhanging jagad raya. Tumuli sami ayem tentrem.


KGPAA Mangkunegara IV paring sesorah, murih gesang saged patitis ing samukawis. Wejangan wau sinebut astagina, inggih punika cacah wolu : 1) golek panggautan, 2) rigen, 3) gemi, 4) nastiti, 5) weruh ing petung, 6) taberi tatanya, 7) nyegah kayun, 8) nemen ing sedya.


Piwulang kala wau dipun landhesi watak kasudarman sregep, pethel, tegen, wekel, pangati-ati. Aja nganti sembrana nindakake panguripan. Yen wus kepleset, angel tangine. Wusana rekasa ing samubarang gawe. Weling utama mau prayoga wigatekna. Ing pangajab wilujeng lahir batos.


Wirya arta tri winasis dados landhesaning ngagesang. Pabrik gula minangka sarana murih gancaring arta. Satemah lampahing gagasan langkung gampil.


Sri Mangkunegara IV mersudi gesang tambah makmur. Ing pangangkah kawula sentana sami ayem tentrem.




Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.