DOLAN NENG KOS KOSAN
DOLAN NENG KOS KOSAN
Dening Purwadi, Jl Kakap Raya 36 Minomartani YogyakartaHp 087864404347
A. Swasana Kos.
Ndoro Dalmadi kos ing Sagan GK V bareng karo Mas Karto jurusan sejarah. Priyayi asal Jambi iki pancen sigrak grapyak semanak. Mlaku ngliwati Panti Rapih, Bunderan, Bulevard, gelanggang, taman budaya njujug Fakultas Sastra. Esuk sore kanthi gumreget gumregut gumregah. Wiwit tahun 1990 Ndoro Dalmadi tetep betah ing kos kosan cerak kampus Bulaksumur.
Kos ing dalem Pak Suro Klebengan dilenggahi Ndoro Maharsi. Priyayi Trucuk Klaten nitih sepedhah motor bebek. Kang Rama asma Pak Mardi dwija ing SMA.
Nalika kadhapuk ketua Keluarga Mahasiswa Sastra Daerah, kabeh program kerja mlaku gancar lancar. Kadang mahasiswa lila legawa nyengkuyung Ndoro Maharsi. Lumrah nyengkuyung pimpinan apikan. Swasana kos kosan Klebengan nyenengake. Wayah sore bal balan ing lapangan.
Ingkang minulya Ndoro Kardiyana kos ing Pelem Kecut. Priyayi asal Playen Gunung Kidul iki tumuli pindhah kos neng Baciro. Pungkasan ing Blunyah Gedhe. Nitih pit balap. Kuliah bahasa Bali kang disuhi dening Pak J Padmapuspita tekan jl Taman Siswa.
Ndoro Putri Riana Saraswati kos ing Samirana. Bareng Mbak Ambar lan Mbak Sukinah. Nadyan suwe ing Jakarta, tapi nenek moyang saka tlatah Klaten. Bapak lan Ibu Sugiri sanyata luhur ing budi. Kagungan putri luwes alus merak ati.
Asrama Caritas karangbendho nate dilenggahi Ndoro Endah Budiarti. Tumuli pindhah ing Sagan Gk V. Kidul Panti Rapih. Saben kala mangsa antuk punjungan masakan bubur kacang ijo. Putri Lasem Rembang iki kukuh bakuh ing panemu. Saiki mapan ing tlatah Kadisoka.
Maemunah Wirawati kos ing Karangmalang. Bareng karo Teteh Heni Mulyani jurusan Antropologi. Putri asal Bojonegoro iki kalebu ewoning santri sing sregep ngaji. Dadi sarana nggayuh kamulyan.
Tuan besar Wiryo Harsanto priyayi saking Tegal. Kuliah ing sastra Jawi namung setahun. Lajeng pindah dhateng Fakultas Filsafat UGM. Kos ing Karangbendho. Ngajeng Fakultas Kehutanan. Ngepasi lor selokan Mataram. Pindhah fakultas malah nemu kabagyan. Wiryo Harsanto tansah ginanjar kawiryan.
B. Sowan Dalem.
Mahasiswa asli Yogyakarta yaiku Ndoro Setyawati Mardikaningrum. Dedalem ing Jl Wijilan. Pusat dhaharan gudheg. Ber bandha ber bandhu, tegese sugih sedulur. Kancane ndalidir mbanyu mili. Gonta ganti teka ndolani. Saiki bagya mulya karo kulawarga ing Rejondani.
Pogung Kidul dalemipun Ndoro Putri Rara Nurindah Rahmadewi. Putrinipun Bapak Preatisto dwija ing MAN 1 Yogyakarta. Polatane sumeh. Yen pinuju sowan ing dalem Pogung Bapak lan Ibu Preatisto gemati banget. Ndoro Rara kerep sinau tembang dhandhanggula ing lapangan Pancasila. Bali bocengan pit onthel. Dedalem ing tlatah Bogor minangka prameswari Mas Rifki asal Ungaran.
Jalan Ibu Ruswo daerah ring satu ing Yogyakarta. Iki dalemipun Ndoro Woro Nikendari. Suwe dedalem ing Cikarang Bekasi, nalika ngasta ing Homatsu perusahaan Jepang.
Usaha renes bathi tikel ing Bantul, sangsaya ngrembaka. Sakmarga marga Ndoro Woro Nikendari nemu drajat pangkat semat.
Putri linuwih Ndoro Enny Kumaladewi. Dedalem ing Kumetiran. Cerak Malioboro. Tindak kampus sering nitih mobil. Priyayi loman marang sesama. Kancane lara, diopeni. Digawakke obat. Jian apikan tenan. Yen kuliah, cathetane rapi urut patut. Jiwa sosial pantes tinuladha.
Terban jadi markas Ndoro Halimatus Sakdiyah. Bersama eyang kakung, belajar tentang banyak kehidupan. Dari semula cocok untuk jadi wanita karier. Pawakannya sesuai dengan tipe pramugari. Selamat sentosa dari Lampung ke tanah Jawa. Jalan hidup yang ditempuh melalui bermacam cara. Atur kasugengan.
Deresan dados papan pidalemipun Ndoro Hani Wahyu Wulandari. Mlebet Sastra Jawa UGM lewat jalur PBUD. Ngagem kacamripat pantes sanget. Ing Deresan sesarengan warga perumahan. Cerak penerbit Kanisius. Rembugan kalian Ndoro Hani ing dalem Deresan bisa suwe. Nganti jam jaman. Maneka warna kang digagas.
Kalasan dalem asli Ndoro Tatik Sulistyaningsih. Priyayi meneng anteng sugeng jeneng. Para kanca tahun 1995 atur bela raos. Kareben kinarya lelipur kagem Ndoro Tatik Sulistyaningsih. Andum rasa tumraping sedulur an.
Sae sanget, Mas Pur.
BalasHapusMaturnuwun sampun paring tetenger istimewa dhumateng kanca-kanca lawas sedaya.
Mugi tansah pinaringan kalancaran lan kasuksesan 🙏👍