SEJARAH GENDHING LADRANG

 SEJARAH

 GENDHING LADRANG


Oleh Dr Purwadi, M.Hum.

Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA.

Hp. 087864404347


1. Ladrang Asmarandana, laras slendro


Gendhing menika wonten pagelaran wayang purwa nami wigatos sanget. Para wiyaga lan waranggana prayogi sinau kanthi premati. Kanthi mekaten swasana caking pakeliran saget langkung gumreget. Kangge nabuhi srambahan adegan kaputren ingkang prenes lan sigrak. Wonten ing pasisiran asring dipun sambut kangge nabuhi adegan kenyapuri ing sabibaripun jejer kapisan, mawi wirama lancaran utawi kakibaraken, kangge beksanipun para putri tuwin sapanunggalanipun, sirepan janturan wonten ing cengkok A. Cak-cakaning pakeliran ingkang jumbuh kaliyan wirama gendhing kala wau, saestu mimbuhi regenging swasana.


Ladrang Asmarandhana bisa digunakan untuk mengiringi tari golek dan gambyong. Syair-syairnya mudah untuk dihafalkan. Suasana gumyak, ayem dan meriah. Suasana romantis disajikan dalam bentuk estetis.


Buka: . 3 . 2        . 3 . 2         3 1 3 2         . 1 2   

A 2 1 2 6       2 1 2 3       Ganda arum cahyane angenguwung

B 5 3 2 1       3 2 3 1 cundhuk sekar menur karo sekr melathi

C 6 3 2 1       3 2 1 6       bergas kaya pinulas pindha golek kencana

D 5 3 2 1       3 2 1    tembene kang amulat temah lara asmara


Ciblon

A. . 2 . 1         . 2 .          . 2 . 1            1 2 3

B 6 1 3 2      5 3 2 1       3 5 3 2         5 3 2 1

C 3 6 3 2       5 3 2 1       3 5 3 2         3 1 2 6

D 5 3 5 3       6 5 2 1       3 5 3 2         3 1 2 6


Anjasmara ari mami

Mas mirah kulaka warta

Dasihmu tan wurung layon

Aneng kutha Prabalingga

Prang tandhing lan Wuru Bhisma

Kariyamukti wong Ayu

Pun Kakang pamit palastra

Wus bejane awak mami

Tan tulus pangestuning tyas

Dhasar gembeng wong acingeng

Aja gawe wirang Bisma

Mara age patenana

Eman-eman dhuh Wong Bagus

Yen mengko nganti palastra

Iba dukaning narpati

Ratu ayu Majalengka

Yen sira nemahi layon

Mbenjang yen ingsun kepanggya

Paran matur manira

Mesthine ingsun katempuh

Mangka pepulihing duka.

Sira sun anggep pangarih

Murih careming asmara

Mariya nggonku wirage

Prabu kenya nuli prapta

Nusul nggoningsun nendra

Sun kudang aneng jinem rum

Sung rungrum amanuhara.



 

2. Ladrang Ayun-Ayun, laras pelog


Ladrang Ayun-ayun bisa digunakan untuk mengiringi tari golek dan tari gambyong. Suasananya segar, gumyak dan gembira.


Buka 6 6 5 3 2 1 1 2 3 2 1 5 6 1 6

A 2 3 2 1           3 5 3 2            

B 5 3 2 1            3 5 3 2 

C 6 3 5 6           2 1 6 5            

D 3 6 3 2            5 3 5 6 


Ciblon

A 3 6 3 6           2 3 2 1            6 1 2 3            6 5 3 2 

B 6 2 5 3           2 3 2 1            6 1 2 3            6 5 3 2 

C 6 2 5 3           1 2 1 6            2 3 2 1            6 5 4 5

D 6 3 5 6           3 5 3 2            5 3 1 6            2 1 2 6


Cakepan:

Irama I


Ayun-ayun gobyog gawe gumun, Tekun sarwa rukun

Akeh kang kayungyun, Dadi srana iku mrih rahayu

Nyawiji ing panemu condhonge kalbu

Tulus rumangsang ayun ayun, Sarwa sarwi samar ayun ayun

Kang kadhung emeng ayun ayun, Tundhane nalangsa ayun ayun

Tansah ngayun-ayun

Kayungyun temah nandhang wulangun, Marmane nyata mendah baya

Tansah besus tansah hangadi sarira hangadi busana

Karana hamung sira pindha mustika, Esemu nimas maweh welas

Asih murih aja anandhang kaswasih, 

Mara age prayogane, Tumuli gambuh rasane 

Kang ana tambuhana, Kang ora ana takokna, 

Mrih condhonging kalbu, mrih aja rengu

Muga-muga adoh ing panyendhu, Bang-bang wetan soroting surya

Ing wanci bangun tan kendhat angayun-ayun


Tafsir dan makna :

Ladrang ayun-ayun ini terkenal sekali di lingkungan masyarakat Jawa. memiliki makna yang indah romantis. Terdiri dari irama wantah dan irama ciblon. Ladrang ayun-ayun laras pelog ini kerap digunakan juga untuk mengiringi tari golek ayun-ayun dan golek ayun-ayun. Kadhang pula disertai dengan cakepan yang berisi tentan gpitutur luhur dengan sajian yang halus, manis estetis.


3. Ladrang Clunthang, laras slendro


Gendhing menika wonten pagelaran wayang purwa nami wigatos sanget. Para wiyaga lan waranggana prayogi sinau kanthi premati. Kanthi mekaten swasana caking pakeliran saget langkung gumreget. Kangge nabuhi lampahing bambang utawi satriya ngambah wana ngajengaken prang sekar. Lampah-lampah ing panganggenipun kados ketawang subakastawa. Cak-cakaning pakeliran ingkang jumbuh kaliyan wirama gendhing kala wau, saestu mimbuhi regenging swasana.


Ladrang Clunthang, Sl. Pt. 9

Buka: 5 5 5 6         6 5 2       2 2 3 2        1 1 2 1

A. .5 . 6       . 2 . 1        . 5 . 6        . 5 . 6

. 5 . 6      . 3 . 5        . 2 . 1        . 6 . 5 

B. .   . 6     . 3 . 5        .   . 6        . 3 . 5

.   . 6     . 3 . 5        . 2 . 3        . 2 . 1

Cakepan:

Tindake sang pekik 

mandhap saking gunung 

anganthi repat panakawan catur 

ingkang nembe mulat 

ngira dewa ndharat 

geter petrek-petrek 

pra endhang swarane 

anjawat angawe-awe ngujiwat 

solahe mrih dadya sengseme

Dhuh Raden sang abagus 

mugi keparenga pinarak

wisma kula amethik sekar melathi

arum amrih wangi

kagema cundhuk sesumping

sangsangan amimbuhi

mencorong cahya ndika Raden 

Wauta sang kusuma

laju tindakira

tan kengguh mring pra endhang

lir madu ature yekti

awit anuhoni

sabdane Sang Mahamuni

tan nedya kendel lamun

sadurunge purna jatine

Nglangkungi dhusun-dhusun 

busekan pra janma 

geng alit anyabawa 

ngungun citrane sang pekik 

rame sung sesanti 

narka sangya maru bumi 

tan kendhat ngobong dupa 

pamrihe agung rejekine



4. Ladrang Kalongking


Ladrang Kalongking cocok untuk mengiringi adegan naik kuda atau kapalan. Suasana tercipta meriah dan lincah. Selincah hewan kelelawar yang sedang mencari makanan.


BK. . 2 3 5 3 6 5 3 6 6 1 2 3 2 1 6

A. . 5 6 . 3 3 5 6 .5 6 . 2 1 2 3

. 2 3 5 3 6 5 3 6 6 1 2 5 3 5 6


Bawa : 

Aja kleru ge batangan cangkrimanku

gumandul ing epang

yen mabur ing wanci bengi

pelem sawo pelem sawo

kemampo kena ing candra

Ciet ciet lawa kalong rame-rame

Kleper kleper ngendi akeh woh-wohane

Rebut ngarep cukat ceket panyidrane

Nganti lena kasrimpet mlebu jaringe

Prag kethoprag kuda-kuda nyongklang mbandhang

lanjong mimis lumajar tan numpak siti, 

Grinting rata miwah krincinging kendali

Kateteg pendyah gupala tambur suling 



5. Ladrang Nuswantoro, Pl. 6


Ladrang Nuswantoro berguna untuk membentuk rasa nasionalisme atau kebangsaan. Cinta tanah air dan bangsa supaya negeri kita tambah kokoh.


Buka 7 6 5 6           3 5 3 1             3 5 1 6           5 5 5 5 

A. 6 5 1 6           2 1 6 5             

6 5 1 6           2 1 6 5 

7 6 5 6           3 5 3 2 

3 5 1 6           2 1 6 5 

B. 1 6 3 5           2 1 2 6             3 2 3 1           5 6 3 5 

1 6 3 5           2 1 2 6             3 2 3 1           5 6 3 5 

6 7 5 6           1 5 1 6             2 3 6 5           2 3 1 2 

5 3 6 5           2 1 2 6             3 2 2 1           5 6 3 5 


Wus mestine ca pantesi padha

Angrungkebi ca laku darma

Bekti sungkem mring nusa bangsa

Nunggal cipta nunggal sedya

Wong sa nagara.

We lha mega mendhung temiyung

Mugi-mugi antuka pepadang

Ing nusantara kalis rubeda

Kang mardi kengrat tulus tata raharja

Ing nusantara wus kasub

Kasusra ngideri bumi

Panjang punjung tasik arga

Gemah ripah lah jinawi

Karta tata raharja, tuhu tan anggungkuli

Panjang dawa werdinipun

Punjung luhuring nagari

Pasir ywa iku samodra

Wukir gunung amastani

Pasir amengku landaran

Wukir angung kuraken ardi

Nengenaken benawi gung

Amungkur ken sabin-sabin

Tumibeng lahku jer wurya

Tulus pametune bumi

Jinawi iku pranyata

Mirah sandang pangan yekti.



6. Ladrang Pangkur, laras slendro


Gendhing menika wonten pagelaran wayang purwa nami wigatos sanget. Para wiyaga lan waranggana prayogi sinau kanthi premati. Kanthi mekaten swasana caking pakeliran saget langkung gumreget. Kangge nabuhi srambahan adegan keputren. Ing cengkok I, punika saged kadamel ompak, kaungelaken kaping wongsal-wangsul, sirepan janturan wonten ing cengkok A lan B, suwukipun wonten ing cengkok A. Cak-cakaning pakeliran ingkang jumbuh kaliyan wirama gendhing kala wau, saestu mimbuhi regenging swasana.


Ladrang Pangkur, Sl. Pt. Manyura

Buka: 3 2 3 2            3 1 3 2           . 1 2   

Lancaran:

A 3 2 3 1         3 2 1            

B 1  3 2        5 3 2 1 

C 3 5 3 2         6 5 3 2           

D 5 3 2 1         3 2 1   

Ciblon:

A .  .    .                   .  .  3 5         6   5 6 

B     .  .       5 2 2 1        3 2 6 5           6 5 3 

C .  .  3 5       6   5 6         3 5 6            6 5 3 2 

D 6   3 2      6 3 2 1          . 3 . 2            . 1 .   

Cakepan A:

Pangkur wirama lamba

Gala-gala cakrike slendro pathet manyura

Uga dadi sarana manunggal lahir trusing batin

Jumangkah tanpa mundur patut lan tangguh


Cakepan B:

Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan Mardi siwi,

Sinawung resmining kidung.

Sinuba sinukarta,

Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa,

Agama ageming aji.

Jinejer neng Wedhatama 

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun.

Yen tan mikani rasa, 

Yekti sepi asepa lir sepah samun,

Samangsane pasamuan gonyak ganyuk nglilingsemi.

Nggugu karsane priyangga,

Nora ngganggo peparah lamun angling,

Lumuh ingaran balilu,

Uger guru aleman,

Nanging janma ingkang wus

Waspadeng semu

Sinamun ing samudana,

Sesadon ingadu manis.

Si pengung nora nglegawa,

Sangsayarda denira cacariwis,

Ngandhar-andhar angendhukur, 

Kandhane nora kaprah,

Saya elok alangka longkanganipun,

Si wasis waskitha ngalah,

Ngalingi marang si pingging.



7. Ladrang Pucung, laras Slendro


Ladrang Pucung cocok untuk suasana santai, tenang dan suka gembira. Kesempatan untuk menyampaikan pesan luhur. Pendengar pun menjadi senang. Misal dengan mengutip ajaran Serat Wedhatama.


Buka: 6 1 2 3     2 2 1 6    2 3 1 2

A . 1 3 2      6 1 2 3

B 6 5 6 1     6 5 2 3

C 2 3 2 1     3 2 1 6

D 2 1 2 3     6 5 3 2


Ngelmu iku kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pangekese dur angkara.

Angkara gung neng angga anggung gumulung,

Gegolonganira,

Triloka lekere kongsi,

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Beda lamun kang wus sungsem reh ngasamun,

Semune ngaksama,

Sasamane bangsa sisip,

Saewa sareh saking Mardi martatama.

Taman limut durgameng tyas kang weh limput,

Kerem ing karamat,

Karana karoban ing sih,

Sihing sukma ngrebda saardi gengira.

Yeku patut tinulad tulad tinurut,

Sapituduhira 

aja kaya jaman mangkin,

Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna.

Durung pecus kesusu kaselak besus,

Apal marang rapal 

kaya murid tanpa pirit,

Pendhak pendhak angendhak gunaning janma.

Nora weruh rosing rasa kang rinuwuh,

Lumeketing angga,

Anggere padha marsudi,

Kana kene kaanane nora beda.

Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu,

Yen kabul kabuka,

Ing drajat kajating urip,

Kaya kang wus winahya sekar srinata.

Basa ngelmu mupakate lan panemu,

Pasahe lan tapa,

Yen satriya tanah Jawi,

Kuna kuna kang ginilut tripakara.

Lila lamun kelangan nora gegetun,

Trima yen ketaman, 

Sakserik sameng dumadi,

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara,



8. Ladrang Slamet, laras slendro


Gendhing menika wonten pagelaran wayang purwa nami wigatos sanget. Para wiyaga lan waranggana prayogi sinau kanthi premati. Kanthi mekaten swasana caking pakeliran saget langkung gumreget. Kangge srambahan nabuhi adegan ratu ingkang ruruh, sareh tuwin sapanunggalanipun. Ing cengkok A saged kaungelaken wongsal-wangsul, sirepan janturan wonten ing cengkok B, suwukipun wonten ing sadengah-sadengah gong. Cak-cakaning pakeliran ingkang jumbuh kaliyan wirama gendhing kala wau, saestu mimbuhi regenging swasana.


Buka: . 1 3 2            1 2 3          1 1 3 2        . 1 2   

A. 2 1 2 3          2 1 2           3 3 .  .         6 5 3 2 

5 6 5 3          2 1 2           2 1 2 3        2 1 2   


B. .  .  6 .             5   6         3 5 6          6 5 3 2 

6 6 .  .             5 11 6           3 2        .1  2   

Salisir

Parabe Sang Marabangun

Sepat domba kali Oya

Aja dolan lan wong priya

Gorameh nora prasaja.

Garwa sang Sindura prabu

Wicara mawa karana

Aja dolan lan wanita

Tan nyata asring katerka.

Sembung langu mungging gunung

Kunir wisma kembang rekta

Aja nggugu ujarira

Wong lanang sok asring cidra.

Gentha geng kang mungging panggung

Jawata pindha Harjuna

Jaman mengko kawruhana

Wong wadon keh ngamandaka.

Kramane suwaleng kayun

Ayam kuncung sabeng wana

Padune cuwa ing karsa

Wuwuse tan merak driya.

Burat pada perkutut gung

Sujanma misayeng mina

Mbok iku den langgatana

Dhokohe asor wong njala.

Gatrane kang kembang randhu

Wogan alit tumbal wisma

Kemaruk nekani karsa

Tan kena menging sadhela.



9. Ladrang Sumyar, Pl. br


Ladrang Sumyar bersifat gumyak, sigrak dan ramah. Cocok untuk mengiringi adegan yang bergembira ria.


Buka 3 3 2 7 6          7 6 7 3            2 2 2 2 

A. 7 3 7 2             7 3 7 2 

7 3 7 2             5 6 5 3 

5 7 5 6             5 2 5 7 

3 5 7 6             7 3 7 2

B. 7 6 7 3             7 6 7 2            7 6 7 3             7 6 7 2

7 6 7 3             7 6 7 2            5 . 5 6              7 5 2 3 

5 . 5 7              5 . 5 6             7 7 3 2             5 3 2 7

3 3 6 5             2 7 5 6            7 6 7 3             7 6 7 2




10. Ladrang Wahyu, laras slendro


Ladrang Wahyu berisi pitutur luhur. Cocok untuk mengiringi adegan kepemudaan. Mumpung masih muda sebaiknya rajin belajar.


Buka 3 5 3 2         1 1 3 3           . 6 5 3 

A. 5 2 5 3          5 2 5 3 

B. 6 5 6 3          6 5 6 1 

C. 6 3 2 1          3 5 3 2

D. 3 1 2 3        5 6 5 3

Pra taruna angudia 

saniskara sanguning dumadi

marsudi ing kawruh kang akeh gunane

bisane sembada tlatenana

mangga samya mbudi daya

anggayuh makmur bangsa lan negara

rencanane kluwarga kang mulya

aweh balewisma inggal tumata

tansah tekun lan taberi

tanpa wigih rengga dayane

ing gawe sepi ing pamrih

dasare nggayuh lan tuwajuh



11. Ladrang Wilujeng, laras pelog 


Ladrang Wilujeng untuk mengiringi pahargyan dalam sebuah acara. Tamu diberi ucapan selamat datang. Lagunya tenang dan penuh dengan kehormatan.

Buka: . 7 3 2       6 7 2 3        7 7 3 2         . 7 5 6

A. 2 7 2 3      2 7 5 6        3 3 .  .          6 5 3 2 

5 6 5 3      2 7 5 6        2 7 2 3         2 7 5 6

Ngelik:

B. .  .  6 .       7 5 7 6        3 5 6 7         6 5 2 3 

6 6 .  .        7 6 7 6       7 7 3 2         . 7 5 6 


12. Ladrang Wahyu


Pra taruna angudiya

saniskara sangune sagung dumadi

marsudi ing kawruh kang akeh gunane

bisane sembada tlatenana


Sing taberi lan nastiti

solah bawa gotong royong nyambut gawe

ngupaya ing urip piguna ing tembe

nindakna sabarang tandang karya


Mbudidaya kehing sedya

linambaran tekat kuwat bakuh kukuh

gegayuhan luhur gagasan kamulyan

pamrihe panjangkah kaleksanan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri