Postingan

SUMPAH PEMUDA KAWEDHAR

Gambar
 SUMPAH PEMUDA KAWEDHAR 1. Sinom Manunggaling nusa bangsa,  Anut lampahan kawuri,  Tetep jangkep genep genah,  Jroning kapti amarsudi,  Sumadya golong gilig,  Sami udhu bahu suku,  Gagasan gumelar,  Sumpah pemuda katiti,  Keluhuran  kemakmuran keagungan.  Pengetan Sumpah Pemuda,  Pak Rektor gya mandhegani,  Ing UNY Karangmalang,  Dosen tendik pacak baris,  Upacara lumaris,  Mahasiswa wus gumregut,  Rumeksa kebangsaan,  Sumungkem ibu pertiwi,  Tanah air tunggal bangsa tunggal basa.  Sabang Merauke nunggal,  Prasetyane muda mudi,  Winastan sumpah pemuda,  Tumpah darah tanah air,  Nusantara nyawiji,  Sedyane bangsa bersatu,  Bahasa persatuan,  Minangka sambung piranti,  Kesatuan kebangsaan kerakyatan.  Mersudi tekad semangat,  Gumregah warga negari,  Sumpah pemuda ngumandhang,  Mawa jiwa patriotis,  Rasa nasionalis,  Wiwit...

BABAD SUMPAH PEMUDA

Gambar
 BABAD SUMPAH PEMUDA 1. Sinom Pengetan Sumpah Pemuda,  Pak Rektor gya mandhegani,  Ing UNY Karangmalang,  Dosen tendik pacak baris,  Upacara lumaris,  Mahasiswa wus gumregut,  Rumeksa kebangsaan,  Sumungkem ibu pertiwi,  Tanah air tunggal bangsa tunggal basa.  Sabang Merauke nunggal,  Prasetyane muda mudi,  Winastan sumpah pemuda,  Tumpah darah tanah air,  Nusantara nyawiji,  Sedyane bangsa bersatu,  Bahasa persatuan,  Minangka sambung piranti,  Kesatuan kebangsaan kerakyatan.  Mersudi tekad semangat,  Gumregah warga negari,  Sumpah pemuda ngumandhang,  Mawa jiwa patriotis,  Rasa nasionalis,  Wiwit tahun wolu likur,  Nuju Oktober wulan,  Tanggal wolu likur yekti,  Nusantara tunggal cipta rasa karsa.  2. Mijil Sumpah pemuda dipun pengeti, Prastawa wigatos,  Indonesia tekade gedhe, Tanah air bangsa kang manunggil, Bahasa nyawiji, Nusantara arum....

SERAT BIMA SUCI ILMU SEJATI

Gambar
 SERAT BIMA SUCI ILMU SEJATI Purwadi,  Alumni Filsafat UGM A. Pengantar Kinanntgi Midering rat angelangut,  Lelana njajah negari,  Mubeng tepining samudra,  Sumengka angganning wukir,  Anelasak wana wasa Tumurun ing jurang terbis Selama 23 tahun, tanpa selang-seling saya menjadi gelandangan di  sekolah, dengan irama datar. Dari kota Nganjuk yang berbeteng Gunung Wilis, Gunung Kendheng, dan Gunung Pandan saya merantau ke kota Yogyakarta untuk berguru di Pawiyatan Luhur UGM, Fakultas Sastra dan Fakultas Filsafat. Sejak gagat rahina, saya cepat-cepat melangkah enjing bidhal gumuruh, berangkat ke kampus dengan rute Selokan Mataram sambil narabas ing mega mendhung, mubeng ngideri jagat, ngulandara lelana ngunggahi gunung,  katungkul ngumbar gagasan satemah ginawa ngimpi. Sebuah lakon yang belum selesai dan tidak akan pernah selesai. Sesuai dengan tata krama akademik perkenankanlah saya mengucapkan  terima kasih kepada Rektor UGM, Dekan Fakultas Fi...

SERAT DEWARUCI KAWRUH SEJATI

Gambar
 SERAT DEWARUCI  KAWRUH SEJATI Purwadi,  Ketua Lokantara HP 087864404347 A. Pujangga Yasadipura Kyai Yasadipura saestu pujangga trahing ngaluhur. Nalika timur paring asma Jenal Ngalim, Bagus Banjar, Bagus Songgom, Jaka Subuh. Miyos dinten Jumah Pahing, wulan Sapar  tahun 1729. Ingkang rama asma Kanjeng Raden Tumenggung Padmonagoro, ngasta Bupati Pekalongan tahun 1726 – 1741.  KRT Padmonagoro abdi kinasih Kanjeng Sinuwun Paku Buwana II ing Karaton Mataram Kartasura. Kyai Yasadipura pancen trahing kusuma rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih. Paripurna ngayahi jejibahan ing kadipaten Pekalongan, temah kadhawuhan mandhegani Kabupaten Pengging. Trah tumerah bumi Perdikan Pengging minangka tuk sumbering kabudayan, mekaring kasusastran. Mila perlu kawuningan sejarah lami Pengging jaman kina.  Rumiyin Kraton Pengging dipun pandhegani dening Sinuwun Prabu Kusuma Wicitra wiwit tahun 423 Saka. Garwa prameswari nata ing Pengging wonten kalih, inggih...

SERAT NITISRUTI PAUGERAN KRATON PAJANG

Gambar
 SERAT NITISRUTI PAUGERAN KRATON PAJANG Purwadi Ketua LOKANTARA.  Hp 087864404347  A. Kapujanggan Pengging.  Kapujanggan Pengging sugih ngelmu. Pangeran Karanggayam paring wulangan wejangan wedharan. Pujangga Karaton Pajang sestu mustikaning jagad raya. Kraton Pajang dipun pandhegani dening Kanjeng Sultan Hadiwijaya wiwit tanggal 24 Juli 1546. Asma timur Mas Karebet utawi Jaka Tingkir. Ingkang rama peparab Ki Ageng Kebo Kenanga, murid Syekh Siti Jenar. Ki Ageng Kebo Kenanga ugi katelah Ki Ageng Pengging. Dene ingkang ibu nama Ratu Raga Warih, putri Bathara Katong Bupati Ponorogo. Ki Ageng Pengging putra Adipati Handayaningrat patutan kaliyan Kanjeng Ratu Pembayun. Putri Sinuwun Prabu Brawijaya V punika saestu wasis ing samukawis. Saged winastan mustikaning putri, tetungguling widodari. Jaman kraton Majapahit manggih kencana rukmi, Kanjeng Ratu Pembayun dados sekar kedhaton ingkang misuwur. Jaka Tingkir nglintir keprabon Kasultanan Demak Bintara. Prameswari dalem Su...

Pagelaran Wayang Lakon Tandur Sorgum Kawedhar

Gambar
 Pagelaran Wayang Lakon Tandur Sorgum Kawedhar diselenggarakan oleh Pratista Inten Hikmi, di Kalisori Ngemplak Sleman Yogyakarta.  dalang Purwadi A. Urutan  Cerita 1. Adegan Kerajaan Majapahit Prabu Brawijaya, Patih Gadjah Mada, Arya Wiraraja, Adipati Ranggalawe. Bicara tentang budidaya sorgum sebagai pemberdayaan ekonomi.  Gendhing ayak kabor gleyong 2. Adegan kedhatonan Ratu Kencana Limbuk Cangik.  Diisi diskusi tentang tanaman sorgum oleh tim dan tokoh masyarakat.  Gendhing ayun ayun.  3. Adegan Paseban Jawi Kurawa. Hendak berkomplot untuk bikin gaduh bersama demit alas Roban dan Gunung Kemukus.  Gendhing tropong bang.  4. Adegan sabrang Nusa Kambangan. Batara Kala menyebar hama. Para jim dikerahkan.  Gendhing srepeg 5. Adegan Pertapan Semeru.  Empu Tantular mengajari Raden Panji Jayakusuma atau Hayamwuruk tentang budidaya sorgum. Bersama  Semar Gareng Petruk Bagong.  Gendhing ketawang Subakastawa 6. Perang Kembang....