Ki Ageng Tarub Cethik Geni

Ki Ageng Tarub Cethik Geni 1. Dhandhanggula Kraton Surakarta cethik geni, Adang Kyai Dhudha gondorasan, Pawon gedhe wiyar rame, Nulad Ki Ageng Tarub, Pari wuli sempulur nuli, Bathari Nawangwulan, Cekap cakep cukup, Mantu Bondhan Kejawan, Sri Nawangsih garwa watak welas asih, Kinarya patuladhan. Siraman pusaka tanah Jawi, Winursita dandang Kyai Dhudha, Warna cemeng biru jene, Jaman Ki Ageng Tarub, Nawangwulan Dewi Nawangsih, Widodari Kahyangan, Tedhak turun ratu, Getas Pendhawa Ki Sela, Kyai Enis Pemanahan Senapati, Leluhure Mataram. Wanci Jumah Kliwon wus pinesthi, Wilujengan konjuk Kyai Dhudha, Sasana Karaton Kilen, Tata cara lumaku, Sarwa putih warna pinilih, Abdi dalem sentana, Lima tanggalipun, September slawe warsa, Mesu budi tunggal ciptaning pangesthi, Amiwiti gawe adang. Slasa Legi sigra murwakan...