BABAD KEDIRI KAWEDHAR
BABAD KEDIRI KAWEDHAR 1. Pangkur Kediri sigra kawedhar, Bu Profesor Sri Harti Widyastuti, Prof Suwarna mejang kawruh, Prof Afendy Widayat, Doktor Nurhidayati paring pisungsung, Miwah Doktor Fatkur Rahman, Sinartan dening Purwadi. 2. Pucung Wus den petung ing Kediri Tulungagung, Saking Karangmalang, Gancar lancar laras laris, Rinumpakan mrih kawignyan kasembadan. LELUHUR KEDIRI 1. Dhandhanggula Panji Daha Jenggala Kediri, Tedhak turun Kraton Kartasura, Minangka cikal bakale, Tanah Jawa aluhur, Demak Pajang Pengging Mentawis, Majapahit Koripan, Singasari agung, Setono Gedhong jimat, Raden Panji priyayi wus mesu budi, Nglakoni tapa brata. Amangkurat Sunan Mas Kediri, Narendra Mataram Kartasura, Sepi pamrih rame gawe, Santun guyub rukun, Welas asih kawula dasih, Miraga tur micara, Mirasa misuwur, Muna muni solah bawa,...