Babad Ratu Mas Balitar
Babad Ratu Mas Balita 1. Maskumambang Trah kusuma rembesing madu pinuji, Kanjeng Ratu Mas Balitar, Lenggah garwa prameswari, Paku Buwana sepisan. Mantu dalem Amangkurat Tegalwangi, Narendra gung binathara, Mbahu dhendha nyakrawati, Kraton Plered Ngeksiganda. 2. Gambuh Katur Pangeran Timur, Wus misuwur dharahing ngaluhur, Putra Sultan Trenggana Demak narpati, Mangka Bupati Madiun, Rangga Jumena trah katong. Senapati kayungyun, Ngayun ayun wanita Madiun, Palakrami Retna Dumilah tumuli, Sinengkuyung Kyai Tundhung, Turidha manjing rinaos. 3. Pucung Wiwit timur Rangga Jumena sung lipur, Ratu Kalinyamat, Garwa Pangeran Hadirin, Ing Jepara nggulawenthah widyatama. Teguh hayu Rangga Jumena dinulu, Gentur tapa brata, Sura sakti mawas dhiri, Kuwat drajat kepanjingan pangkat semat. 4. Pangkur Angandika Sultan Pajang, Joko Tingkir paring ...