WILUJENGAN JENANG SURA ING KARATON SURAKARTA HADININGRAT.
WILUJENGAN JENANG SURA ING KARATON SURAKARTA HADININGRAT. Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA. Hp 087864404347 1. Jenang Sungsum. Jenang sungsum kinarya njangkepi tata cara wilujengan ing negari Mataram. Karaton Mataram madeg tahun 1582. Kutha praja mapan Kutha Ageng. Jaman Kanjeng Panembahan Senapati. Sinengkuyung dening Garwa prameswari Kanjeng Ratu Waskitha Jawi, putri Ki Ageng Penjawi Bupati Pati. Kutha praja Mataram pindhah ing Kerta tahun 1613 jaman Sinuwun Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma. Pindhahe kutha praja kanthi tata cara jangkep genep genah. Jenang sungsum sinugata dening Kanjeng Ratu Batang. Tahun 1645 kutha praja Mataram pindhah dhateng Plered jaman Sinuwun Amangkurat Agung. Jenang sungsum sinugata dening Kanjeng Ratu Mas lan Kanjeng Ratu Kencana. Tahun 1677 kutha praja pindhah saka Plered tumuju Kartasura. Jaman Sinuwun Amangkurat Amral. Jenang sungsum sinugata dening priyayi Surabaya tahun 1677....