BULU BEKTI MITRA KAWULA TANAH JAWI.

 BULU BEKTI MITRA KAWULA TANAH JAWI. 



Mugi konjuk ing ngarsanipun 

Sahandhap Sampeyan dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sri Susuhunan Paku Buwono XIV Hamgabehi. 



1.

Pasok bulu bekti minangka landhesaning pasuwitan. 


2.

Caos wulu pametu, tanda kemakmuran bumi. 


3.

Caos maneka warna tetuwuhan siti, isine bulu bekti. Pala wija, pala pendhem, pala gandhul, pala simpar, pala mambang, pala silem, pala kitri. 


4.

Kehing tetuwuhan mimbuhi kawula tansah manggih panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja. 


5.

Puji pangastuti. Sinuwun Paku Buwono XIV Hamgabehi, saestu narendra gung binathara, mbahu dhendha  nyakrawati, ber budi bawa laksana, ambek adil paramarta, memayu hayuning bawana. 



Surakarta Hadiningrat, 

Setu Kliwon, 23 Mei 2026.


Sesulih mitra kawula tanah Jawi, 


KP Bambang Hadiningrat

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd