Babad Soekirman

 Babad Soekirman



I. 

Dhandhanggula Soekirman Bebrayan


1.

Gya pinilih sumitra kinasih, 

Perbaungan Insinyur Soekirman, 

Nem April tanggal lahire, 

Seket lima kang tahun, 

Pagarjati SD nglampahi, 

SMP Lubukpakam, 

STM sumambung, 

Fakultas ing Pertanian, 

Tatas titis dadya sarjana winasis, 

Tamat  ing USU Medan. 


2.

Bu Marliah garwa prameswari, 

Searca Agung Nugroho putra, 

Panji Septo Cahyo kiye, 

Dimas Tri Aji katlu, 

Dipa Wicaksono tumuli, 

Dene wragilipun, 

Prasetyo Feldafing nama, 

Panca siwi milangeni darma bakti, 

Bebrayan kautaman.


II. 

Pangkur Soekirman Manembah


1.

Syariat miwah tarikat, 

Pak Soekirman lampah hakikat jati, 

Makrifat jroning manekung, 

Ngibadah ing panembah,

Cipta muhung marang ingkang Maha Agung, 

Miturut sabda brahmana, 

Lelandhesan kitab suci. 


2.

Kapurwakan sholat Isyak, 

Barjamaah nuli ibadah wengi, 

Wanci esuk Subuh khusuk, 

Ing sanggar pamelengan, 

Banjur dhuhur dhumateng kang Maha Luhur, 

Lajeng Ashar trang sumunar, 

Kaping lima lajeng Magrib. 


3.

Kulakan ing pengajian, 

Dhateng Kyai ulama ngelmi mumpuni,

Mungguh sagunging pituduh,

Manah pasrah sumarah, 

Kang katuju sumuyud telenging kalbu, 

Menga ajaran agama, 

Manunggal kawula gusti.


III

Gambuh Soekirman Momong


1.

Gembira siang dalu, 

Pak Soekirman bareng momong putu, 

Aneng kebun methik bayem jagung pari, 

Mesem guyu lucu lucu, 

Gesang dadi tambah kraos. 


2.

Seneng saba ing kebun,

Macul ngarit ngasak  dhangir matun, 

Pak Soekirman patuladhan among tani, 

LSM sami kayungyun,

BITRA aktivis kesohor. 


3.

Garapan tekan tekun, 

Keh priyantun melu padha gumun, 

Olah tani Pak Soekirman pancen ahli, 

Nandur puhung pari jagung, 

Dhedhompolan agrom awoh. 


4.

Sabarang kang tinandur, 

Thukul subur bisa gawe makmur, 

Tegal sawah kebun Pak Soekirman ngudi, 

Jangkah gathuk langkah mathuk, 

Guyub rukun gotong royong. 


5.

Sugih ber bandha bandhu, 

Linambaran tata ngelmu laku, 

Pak Soekirman yekti sung tepa palupi, 

Bebrayan unggul pinunjul, 

Ayem tentrem lahir batos. 


IV. 

Pucung Sayuran Soekirman


1.

Sayur mayur ijo royo katon makmur, 

Tandang Pak Soekirman, 

Laras laris sarwa manis, 

Perkebunan dedalane kemakmuran.


2.

Tela puhung ing kebun tansah ngrembuyung, 

Sedhep yen sinawang, 

Pak Soekirman nenanduri, 

Pala wija pala pendhem trus ngrembaka. 


3.

Pala simpar pala mambang pala gandhul, 

Sakehing tanaman, 

Pak Soekirman analiti, 

Kacang loncang timbang bawang pancen kondhang. 


5.

Lombok kencur timun lombok sing misuwur, 

Terong cipir bayam, 

Pak Kirman nandur kenikir, 

Gambas talas anjalari bagas waras. 



Rebo Kliwon, 13 Mei 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd