Babad Prof Dr Rukiyati M.Hum
Babad Prof Dr Rukiyati M.Hum
1.
Dhandhangula
Winisuda Bu Prof Rukiyati,
Bagya mulya mangka Guru Besar,
Kampus Ungu ing UNY,
Wanci tahun nem likur,
Tanggal rolas ing sasi Mei,
Ngudhar mbabar wedharan,
Kehing wulang wuruk,
Momong sagung mahasiswa,
Sarwa becik sanak kadang dosen tendik,
Peguron Karangmalang.
2.
Pangkur
Mersudi bidang filsafat,
Kontemplasi golong gilig refleksi,
Prof Rukiyati manekung,
Tata cara ilmiah,
Sistematis integral karana laku,
Metodologi ingarah,
Pemikiran komprehensif.
3.
Kinanthi
Plato tokoh ahli filsuf,
Aristoteles pamikir,
Socrates sang jalma limpat,
Mengkoni jagad sakalir,
Madhangi alam pikiran,
Mring Profesor Rukiyati.
4.
Pucung
Siang dalu Prof Rukiyati andulu,
Wejangan wewarah,
Saking kakang mbakyu adhi,
Ibu bapak genep jangkep pepak jenak.
5.
Gambuh
Tanggap tangguh tumuwuh,
Kulawarga nuting para sepuh,
Filosofi Bu Profesor Rukiyati,
Sareng garwa putra putu,
Tekad gembleng condhong raos.
6.
Maskumambang
Logika etika estetika yekti,
Prof Rukiyati nggegulang,
Jangka jinangkah patitis,
Tumuli awoh kawulyan.
7.
Asmarandana
Cipta rasa karsa nenggih,
Sakjroning falsafah Jawa,
Prof Rukiyati nggatekke,
Prof Damardjati Supadjar,
Nalika ngesthi kawignyan,
Fak Filsafat Bulaksumur,
Perguruan Gadjah Mada.
8.
Megatruh
Ngangsu ngelmu linambaran temen temu,
Sarjana ing strata siji,
Lajeng magister rumuhun,
Bu Profesor Rukiyati,
Dugi nempuh program doktor.
9.
Mijil
Dedalane warni sewu margi,
Rukiyati Profesor,
Gumregah gumregut tekad gedhe,
Betah lara lapa tahan uji,
Pepalang sumingkir,
Budi teguh hayu.
10.
Durma
Jangkah langkah ngarah arah antuk berkah,
Prof Rukiyati ngudi,
Pamuji pandonga,
Rekadaya pakaryan,
Jumbuh tunggal pakarti lathi,
Karya mirasa,
Selaras guru murid.
11.
Sinom
Karangmalang trus ngumandhang,
Guru Besar Rukiyati,
Ing pidato pengukuhan,
Sineksenan dosen tendik,
Rektor sinartan wakil,
Dekan pangarsa direktur,
Tumangkar gya ngrembaka,
Mangambar sumerbak wangi,
Bakti darma kemajuan nusa bangsa.
Selasa Wage, 12 Mei 2026,
Purwadi

Komentar
Posting Komentar