Babad Dr Galang Prastowo MA
Babad Dr Galang Prastowo MA
1.
Gambuh
Pendadaran wis rampung,
Mas Galang Prastowo sinengkuyung,
Disertasi rerembugan mistik Jawi,
Pitutuh sabarang kawruh,
Enggal antuk gelar doktor.
2.
Dhandhanggula
Rasa kalih nir sembah pinanggih,
Gangsal Mei nem likur kang warsa,
Mas Galang Prastowo prapteng,
Titi mangsane lulus,
Akulturasi mistik Jawi,
Jroning agami Islam,
Teks Menak rumuhun,
Caritane Amir Hamzah,
Gya ingukir olah rasaning pamikir,
Kinarya sangu gesang.
3.
Mijil
Wus katitik wedharaning mistik,
Ngelmu lahir batos,
Syariat tarikat trus sumendhe,
Hakikat makrifat rasa jati,
Mati jroning urip,
Sangkan paran hidup.
4.
Pangkur
Kama artha dharma muksa,
Kamadhatu rupadhatu sinandi,
Katiga arupadhatu,
Ing suwarga nirwana,
Sembah kalbu Galang Prastowo lumaku,
Serat Menak penak jenak,
Methik gegayuhan becik.
5.
Maskumambang
Ndhudhah serat Menak Amir Hamzah gati,
Kapitayan lan kagunan,
Jajar jejer laras laris,
Mas Galang sung pepadhang.
6.
Pucung
Sami kumpul karana bungah pinunjul,
Dosen basa Jawa,
Keplok alok pacak baris,
Doktor Galang Prastowo ngudal piwulang.
7.
Asmarandana
Wira wiri Yogya Ngawi,
Bidhal saking tlatah Kendhal,
Gunung Lawu pernahe ler,
Sinengkuyung garwa putra,
Mrih gancaring pawiyatan,
Urut atut runtut patut,
Jalma limpat prapat tamat.
8.
Kinanthi
Purun urun bahu suku,
Panemu sigra pinilih,
Mas Galang Prastowo tanggap,
Tanggon tangguh barang kardi,
Terampil rikat trengginas,
Manis manuhara cawis.
9.
Megatruh
Siyang dalu doktor Galang maca buku,
Mrih purnane disertasi,
Penulisan maju laju,
Tata tulis tliti aglis,
Ndherek dhawuhe promotor.
10.
Sinom
Jurusan basa daerah,
Sangsaya tumangkar yekti,
Kondhang kaonang ngrembaka,
Mas Galang sesumbang ngelmi,
Supaya tambah apik,
Sakwusnya bakda meguru,
Dadi sangu memulang,
Mahasiswa mahasiswi,
Muncer muncar ingajar dosen kawentar.
11.
Durma
Jangka jangkah doktor Galang antuk berkah,
Kapribaden mandiri,
UNY gembira,
FBSB mahargya,
Kadang dosen ing basa Jawi,
Jejawat asta,
Suka sukur ing galih.
Slasa Paing, 5 Mei 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar