Adityo Jatmiko Wisuda
Adityo Jatmiko Wisuda
1.
Pangkur
Adityo Jatmiko wisuda,
Ing Fakultas Filsafat pinilih,
Gadjah Mada Bulaksumur,
Kutha Ngayogyakarta,
Sampun lulus kalampahan bagus alus,
Purna gati pawiyatan,
Ijazah enggal katampi.
2.
Mijil
Wanci enjing padhang terang bening,
Sumanar cumlorot,
Sanak kadang teka gandheng renteng,
Rerenggan apik busana becik,
Tumata permati,
Adityo rahayu.
3.
Kinanthi
Tahun rong ewu selikur,
Adityo Jatmiko wiwit,
Kuliah ing Fakultas,
Filsafat jurusan Jawi,
Perguruan Gadjah Mada,
Nut tataning akademik.
4.
Asmaradana
PMM Adityo manggih,
Pertukaran mahasiswa,
Kota Padang panggonane,
Universitas Andalas,
Mentawai dipun ambah,
Kanggo nambah pengalaman,
Sarana jembaring kawruh,
Alam bumi nusantara.
5.
Durma
Jangkah langkah Adityo Jatmiko ngarah,
KKN kang katiti,
Tlatah Jawa Barat,
Kabupaten Kuningan,
Olah sampah dipun lampahi,
Bappeda suka,
Penghargaan wigati.
6.
Megatruh
Kantor BPJS pusat dipun gayuh,
Ing Ibukota Betawi,
Sowan mring Direktur Umum,
Pak Abdur Rahman Irsyadi,
Adityo winejang raos.
7.
Maskumambang
Mahasiswa Gadjah Mada perlu aktif,
Karawitan olahraga,
HMI ngaji rokhani,
Adit nyambung sesrawungan.
8.
Gambuh
Bisane tanggap tanguh,
Weruh bakti sosial tinempuh,
Mring sesami Adityo kudu mangerti,
Welas asih sinengkuyung,
Mardi momong momor momot.
9.
Dhandhanggula
Nalikane Adit nggarap skripsi,
Wulangan Sunan Paku Buwana,
Wira Iswara serate,
Ngemot filsafat luhur,
Pancasila dasar negari,
Gancare pembimbingan,
Dosen mangka guru,
Tata titi garapan kanthi permati,
Dumugi pendadaran.
10.
Sinom
Samengko ngudi pakaryan,
Pamrihe urip mandiri,
Dadiya jalma sembada,
Mulat petung ekonomi,
Jiwa raga pangaji,
Adityo Jatmiko luru,
Kehing papan gaweyan,
Srana pangembang profesi,
Tembe benjang gesange langkung cemerlang.
11.
Pucung
Matur nuwun Bapak Ibu sampun purun,
Maringi pamuja,
Anak kula nomer siji,
Ing filsafat kawisuda mrih manfaat.
Kemis Pon, 21 Mei 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar