Pesanggrahan Deles Kraton Surakarta

  •  Pesanggrahan Deles Kraton Surakarta



Dhandhanggula


Pesanggrahan Deles laris manis, 

Kagungan Karaton Surakarta, 

Perenging Merapi Klaten, 

Paripurna binangun, 

Edi peni puncaking ardi,

Kinarya pawiwahan, 

Priyagung linangkung, 

Abdi kawula Pakasa, 

Amemetri warisan murih lestari, 

Pepak kebak nugraha. 


2.

Pangkur


Joglo limasan tinata, 

Jajar jajar pacak baris lumaris, 

Penak jenak adhem edhum, 

Siliring samirana, 

Hawa gunung pang pang wit witan ngrembuyung, 

Seger sumyah suka bungah, 

Pesanggrahan Deles adi. 


3.

Pucung


Sagah saguh warga Pakasa gumuruh, 

Saraya rumeksa, 

Setya sagunging pakarti, 

Pesanggrahan Deles cihna kawibawan. 


4.

Gambuh


Wola wali wewangsul, 

Gya sumusul pinanggih pinunjul, 

Sentana pangarsa asung bulu bekti, 

Kabudayan adi luhung, 

Jumbuh wedharan kedhaton. 


5.

Kinanthi


Yuswa panjang tatag tutug, 

Pesanggrahan Deles merti, 

Minangka dadi sarana, 

Manunggal kawula Gusti, 

Surakarta Hadiningrat, 

Pepundhening tanah Jawi. 



Kemis Pos, 16 April 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd