Pendadaran Pambiwara

 Pendadaran Pambiwara



Karaton Surakarta Hadiningrat kagungan sanggar pambiwara. Dwija anggladhi siswa wawasan lan ketrampilan. Sanggar kabawah Yayasan Pawiyatan, ingkang ngesuh dhatengl Lembaga Dewan Adat. Pasinaon lumampah kanthi gati tumata. 


Tata cara pendadaran sanggar pambiwara ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Mapan ing Bangsal Smarakata. Rikala dinten Ahad Legi, tanggal 19 April 2026. Lumampah miturut rancangan. Ketingal regeng merbawani. 


Pamulangan tata wicara, tata busana, tata basa sampun paripurna kababar. Para siswa lajeng ndherek ujian. Pendadaran katindakaken dening para dwija. Wanci enjang sami siyaga ing gati, sawega ing dhiri. Ing pangangkah gancar lancar ingkang nembe kadadar. 


Gendhing ngumandhang ing awang awang. Ladrang slamet, ketawang ibu pertiwi, ketawang sri widada, lancaran kebo giro ngrenggani paheman. Mligi siswa ingkang gladhen pranata cara. Nanging wekdalipun tetep winates. Supados sedaya waradin. Ringkes mentes pantes gandhes luwes dhemes. 


GKR Wandansari mandhegani tata cara. KGPH Puger andadar kanthi suka gembiraning penggalih. Setunggal mbaka setunggal katimbalan majeng. Medhar sabda kados tuntunan pamulangan. Lajeng kadangu maneka warna seserepan. 


Sanggar Pambiwara Karaton Surakarta nguri uri budaya Jawi murih rahayu lestari. Pasipamarta wadhah siswa paripurna. Saben lapan kempal pepanggihan. Rembagan mekaring kabudayan, jumbuh kaliyan nuting jaman kelakone. 



Minggu Legi,19 April 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd