Parapatan Sekar Wijayakusuma
Parapatan Sekar Wijayakusuma
1.
Dhandhanggula
Marakata sasana prayogi,
Kraton Surakarta Hadiningrat,
Warga Pakasa Trenggalek,
Ponorogo Madiun,
Salatiga Cilacap Ngawi,
Tegal Kudus Magelang,
Pati Sragen Nganjuk,
Sukoharjo Karanganyar,
Wonogiri Klaten Boyolali Pati,
Gumyak sami rembagan.
2.
Mijil
Gusti Kanjeng Ratu Wandansari,
Pangageng kedhaton,
Lembaga Dewan Adat wus prapteng,
Medhar pangandikan murih becik,
Pakaryan wigati,
Methik sekar arum.
3.
Kinanthi
Lumaku enggal dinulu,
Tibaning wiwaha benjing,
Sekar Wijayakusuma,
Magelang nuli miwiti,
Sowan Patih Sindureja,
Ngucul abur bebek putih.
4.
Megatruh
Wilujengan pulo Mageti rumuhun,
Lampahan Sela Masigit,
Gandheng renteng gupuh aruh,
Gawene titi premati,
Nusa Kambana mendorong.
5.
Pangkur
Pakasa punjer anabda,
Kanjeng Pangeran Harya Wirabhumi,
Bagus alus kang den utus,
Kanjeng Rudi sendika,
Tampi dhawuh Kanjeng Sunarso wus saguh,
Tumuju Donan Cilacap,
Sembada hayu basuki.
6.
Gambuh
Sami asung pisungsung,
Gathak gathuk pawarta sarujuk,
Gita gati Sami kersa nyembadani,
Nyugata sagunging tamu,
Suka gembira karaos.
7.
Maskumambang
Sareng kadang Pakasa marsudi ngelmi,
Nenuwun bisa kabula
Sabarang kayun kasanggit,
Hastuti Donan Cilacap,
8.
Asmarandana
Nyabrang teleng jalanidhi,
Mawi tumpakan baita,
Alun ombak topan gedhe,
Prayoga langkung waspada,
Weruh warah ngarah arah,
Dedunung samudra kidul,
Kapurih manungku puja.
9.
Durma
Tekat kuat drajat pangkat semat kangkat,
Nabi Kidir semedi,
Sunan Kalijaga,
Raja Pajang Mataram,
Ing Masigit Pulo Mageti,
Nusa Kambana,
Palapuran patitis.
10.
Pucung
Wus tunuju paminta donga pangestu,
Sekar dipun sanggar,
Pajimatan Kyai Giring,
Pangastawa mugi konjuk Sri Narendra.
11.
Sinom
Kanjeng Bambang Setiawan,
Nyi Mas Suci dokter Fitri,
Sesumbang kaum wanita,
Jejering pendhekar putri,
Kanthi weninging galih,
Temu udhu bahu suku,
Mimbuhi kawibawan,
Kawidadan saknegari,
Legaweng tyas bandha bandhu bagas waras.
Setu Pon, 11 April 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar