KABUDAYAN MURIH GANCARING BEBRAYAN

Kuliah Apresiasi Budaya.
Pertemuan 1


KABUDAYAN MURIH GANCARING BEBRAYAN 



Dening:

Dr. Purwadi, M.Hum. 
Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta. 
Hp. 087864404347


A. Mersudi Patuladhan Prayogi


Rum kuncaraning bangsa dumunung ing luhuring budaya. Sesanti menika wedharan Sinuwun Paku Buwana X ingkang saestu kawentar. Apresiasi budaya prayogi mendhet patuladan prayogi. Murih jejeging budaya. 


Wulangan wejangan wedharan rinumpaka  saklebeting sastra piwulang. Yasan para pujangga saged kangge nggayuh kautaman. Upaminipun serat Wedhatama. 

Bebukaning serat Wedhatama  mawi sekar pangkur. Ing pangajab dados seserepan kagem nggulawenthah putra wayah. Bebrayan ageng rinengga endahing kagunan. 


Pangkur 


Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung, 

Sinuba sinukarta,

Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung, 

Kang tumrap ing tanah Jawa,

Agama ageming aji.


Jinejer neng Wedhatama, 

Mrih tan kemba kembenganing pambudi, 

Mangka nadyan tuwa pikun.

Yen tan mikani rasa, 

Yekti sepi asepa lir sepah samun,

Samangsane pasamuan, 

gonyak ganyuk nglilingsemi. 


Tiyang Jawi tansah angengeti labuh labet ingkang sampun kaparingaken dening Kanjeng Panembahan Senapati, narendra gung binathara ing negari Mataram taun 1582 - 1601. Lelagon menika kerep sinugata kanthi cengkok gagrag sinom parijatha. 


Sinom 


Nulada laku utama,

Tumrape wong Tanah Jawi,

Wong agung ing Ngeksiganda,

Panembahan Senapati,

Kepati amarsudi,

Sudane hawa lan nepsu,

Pinesu tapa brata,

Tanapi ing siyang ratri,

Amamangun karyenak tyasing sasama.


Jumeneng minangka pangarsa negari Mataram mawi sangu ingkang pepak. Pujangga kawentar nyebat ngelmu sipating kawruh. Rinten dalu mersudi unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Wejangan luhur leluhur Jawi arupi tri darma:


rumangsa melu handarbeni, rumangsa wajib hangrungkebi, 

mulat sarira angrasa wani.


Nyambet wedharan kautaman kala wau, pujangga Jawi lajeng mawas dhiri. Wulang wuruk dipun graita kanthi pangandikan ingkang mentes, luwes, gandhes, dhemes. Bebrayan ageng lajeng sami ayem tentrem. 


Wedharan ingkang magepokan kaliyan tata praja perlu kawuningan. Jalaran saben bebrayan tartamtu mawi pranatan. Apresiasi budaya ingkang leres pancen nglenggahi pranatan baku. Mila perlu dipun penggalih ingkang saestu. 


Panguwasa iku sinambung tembung kang tansah gumunggung ana gunung. Tan sinelak panguwasa iku uga nugraha, hamung cak-cakan kang kapacak, gumantung pakarti budi kang kapiji.


Yen ta panguwasa iku dadi panguripan, yekti lumebune mring angkara, andel rosa lan sora.


Nanging yen ta dadi kahuripan, yekti lumebune mring darma, andel rasa lan rumangsa.


Samengko keh kehe yen wus kuwasa, kalimput lali, tan lila kelangan kalungguhan.


 Hamung yen wus gaduk ing rasa, candhak ing tata, aja wedi nampi panguwasa.


Anggenipun mranata  bebrayan tansah anglenggahi paugeran. Mila pangageng praja netepaken layang paugeran.


Sarupaning wong kang ngarah kalungguhan, dadia ngabehi, demang, utawa rangga apadene bekel ing mengko ora kalilan yen nganggo sarana dhuwit, utawa barang liyane kang ana pangajine.


Amung kasangkanana lumebu dadi abdi dalem prajurit utawa liyane, ana dene yen kelakon, oleh kalungguhan, ora kalilan yen anjaluk dhuwit pangunjung tuwin panganyar anyar marang bawah kareh rekane.


Apa dene yen nerak pepacak iki, kang ambekteni ora oleh kalungguhan, kang anampani bekti utawa anjaluk dhuwit panjunjung tuwin panganyar anyar bakal kena patrapan, kapirit saka ing prakarane.


Pitutur luhur patut kagem sanguning para pangembating negari. Kabudayan perlu kasengkuyung wulu pametu. Jiwa raga lahir batin lumampah sesarengan. Budaya saestu mbudi daya kanthi ngulir budi. 


Apresiasi budaya langkung kiyat menawi linambaran pakaryan. Wohing pakaryan awujud cekaping betah. Gesang lajeng jejeg mandhiri. 


B. Piranti Jejeging Budaya. 


Gancaring gesang kinanthen piranti jangkep genep genah. Seni edi peni, budaya adi luhung. Liripun seni magepokan kaliyan kaendahan estetis. Budaya magepokan kaliyan kaluhuran filosofis. 


Wonten sesanti jer basuki mawa beya. Kamulyan iku sinartan wragat. Gagasan ageng pancen tinumbas mawi udhu bahu suku panemu. Trap trapaning sesanti kala wau kedah leres. Boten pareng wor suh, ingkang njiret lampah. 


Wirya arta winasis nate dipun babar dening pujangga Sri Mangkunegara IV. 

Ing pundi papan panggenan pangarsa Pura Mangkunegaran asung penget dhateng para sentana dalah abdi dalem kinen anggayuh kamulyan.


Tiyang nyambut damel angangkah asil. Dagang angangkah bathi. Salebeting gesang perlu gadhah tigang perkawis supados jangkep genep lan genah anggenipun gesang bebrayan. Tigang perkawis menika sinebat wirya arta winasis, guna kaya purun. 


Sinom


Bonggan kang tan merlokena,

mungguh ugering ngaurip,

uripe lan tri prakara,

wirya arta tri winasis,

kalamun kongsi sepi,

saka wilangan tetelu,

telas tilasing janma,

aji godhong jati aking,

temah papa papariman ngulandara.


Sastra piwulang ing nginggil saged dados penget lan gegondhelan menggahing tiyang Jawi. Mbudi daya murih gancaring wulu pametu, kados pratelan ing nginggil, cihna bilih Pura Mangkunegaran tetep ngugemi sesanggeman wirya, arta, winasis. 


Wirya arupi kalenggahan panguwaos. Arta wonten sesambetan kaliyan dhuwit. Winasis gegandhengan kaliyan guna pangawikan.


Patuladan prayogi kinarya kaca benggala. Conto nyata nate kelampahan. Tahun 1814 Pura Mangkunegaran mbudi daya undhaking wulu pametu ing tlatah Gondosini Bulukerto lan Bental Nguntaranadi Wonogiri. Kanthi mbikak kebon kopi. Kalajengaken ing ereng erenging gunung Lawu laladan Tawangmangu. 

Kemakmuran njalari gesang tumata bawera. 


Tanggal 8 Desember 1861 Sri Mangkunegara IV mandhegani jejeging pabrik gula Colomadu. Asiling gendhis Colomadu dipun sade ngantos dugi Bandanaire, Singapura. Untung tikel matikel, anjalari Pura Mangkunegaran sugih bandha bandhu.


Kalejangan hadeging pabrik gula Tasikmadu rikala tanggal 4 Juni 1871. Giling tebu mawi mesin uap. Nami majeng sanget. Amrih lancaring pabrik gendhis, perlu dipun sengkuyung olah tetanen ingkang trep lan leres. Upaminipun tahun 1874 Sri Mangkunegara IV ngrekadaya nanem wit kina, kangge nanggulangi penyakit malaria. Papanipun ing Kalisaro Tawangmangu.


Kebon teh mapan ing Ngimorata Tawangmangu Karanganyar. Taneman teh wiwit tahun 1877. Kebon nila dipun tanem tahun 1892. Kebon tebu kangge lancaring pabrik gula.


Pura Mangkunegaran manggih jaman kencana rukmi. Wewangunan ketingal megah asri anglam lami. Pamedhan, regol, pendhapi, pringgitan, dalem ageng, patanen, dhimpil, senthongan, balai warni, pracimusana kawangunendah edi peni. Sedaya wewangunan kala wau betah prabeya kathah. Asiling kebon lan pabrik gula cekap kangge nyembadani kehing wragat.


Mekaring kasusastran, kabudayan, wewangunan langkung gampil menawi kasengkuyung wulu pametu. Pura Mangkunegaran sengkut gumregut mbudidaya kemakmuran. Kebon tebu lan mbako kagungan Pura Mangkunegaran jembar sanget.


Tanah Mangkunegaran mundhut saking tlatah Demak, Terbaya Semarang, Pendrikan. Tanah saking tlatah Demak kapundhut saking kulawarga Bupati Jepara RAA Tjitirtrasoma. Tanah ing Semarang saking kulawarga RAA Soerohadi manggolo tanggal 11 Juli 1878.


Gancaring pambudi daya babagan wulu pametu, bebrayan andhawuhi kawedanan Kartapraja. Bebadan punika mbawahi kemantren harta usaha ingkang mandhegani kebon kopi, tebu, mbako, nila, teh. Kemantren Hartamimpuna mandhegani arta lan pajek. Kemantren Reksadana mandhegani pakaryan bendahara praja.


Pakaryan ingkang kaperang kanthi tumata, anjalari sedaya pedamelan lancar. Wulu pametu lumampah sae. Kemakmuran bebrayan Jawi majeng, kajen keringan. Kapribaden dados ajeg jejeg. Mandhireng pribadi ing tata gesang.


Sinau apresiasi budaya nami wigatos sanget. Cak cakaning bebrayan murih tumata. Lajeng mahanani raos sareh sumeleh pikoleh. 


C. Titis ing Samukawis


Titis ing samukawis dados kasunyatan menawi kinanthen ilmu ingkang pepak. Perkawis ingkang abot ruwet sembada dipun udhari mawi jangkeping kawruh. mila tiyang gesang wajib ngudi undhaking ngelmi. 


Kawedanan among praja mbawahi kemantren sastralukita ingkang mandhegani olah kridhaning basa sastra. Kemantren reksapustaka mandhegani serat serat wigatos. Kemantren pamong siswa mandhegani pamulangan, kawruh, ilmu, seserepan.


Piranti ingkang karipta murih gancaring pamulangan, Pura Mangkunegaran yasa wayang madya. Dados sarana sumebaring Serat Witaradya ingkang paring pratelan negeri Mamenang lan Pengging. Wayang madya karipta tahun 1872.


Sang pujangga ugi ngripta Serat Warayagnya, Wirawiyata, Nayakawara, Darmawasita, Salokatama, Paliatma, Sriyatna, Tripama, Wedhatama, babad sinawung sekar, babad Wonogiri, Giripura, Tegalganda, serat Ngadani Pabrik Tasikmadu. Sedaya reriptan menika kangge njembaraken kawruh.


Reriptan sanesipun inggih punika ngalamat, babad serenan, werdining bangsal tosan, ngadani Bendungan Tirta Swara, ngadani Bendungan Tambak Agung, Srikaton, Nyanjata Sangsam, Wonogiri Prangwadana, Werdining Pandel Mangkunegaran, Pesanggrahan Langenharjo, rerepen. Reriptan Sri Mangkunegara wau damel padhanging jagad raya. Tumuli sami ayem tentrem. 


Pang panging kabudayan tumangkar saben jaman. Para pujangga paring sesorah, murih gesang saged patitis ing samukawis. Wejangan wau sinebut astagina, inggih punika cacah wolu: 


1) golek panggautan, 2) rigen, 

3) gemi, 

4) nastiti,

 5) weruh ing petung, 6) taberi tatanya, 

7) nyegah kayun, 

8) nemen ing sedya.


Piwulang kala wau dipun landhesi watak kasudarman sregep, pethel, tegen, wekel, pangati-ati. Aja nganti sembrana nindakake panguripan. Yen wus kepleset, angel tangine. Wusana rekasa ing samubarang gawe. Weling utama mau prayoga wigatekna. Ing pangajab wilujeng lahir batos.


Apresiasi budaya magepokan kaliyan tata cara bebrayan. Wulang wuruk dados paugeran. Unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Sayektos sampun lumampah wiwit jan kina makina, nak tumanak run tumurun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SARASEHAN PUSAKA BEDAYA KETAWANG

Macapat Mahargya Dr Sudarmaji M.Pd.

SUGENG RIYADI IDUL FITRI.