Babad Marwanto Paripurna 1. Pangkur Pak Marwanto paripurna, Jro makarti tatag tutug teliti, Yuswane suwidak tahun, Mangka tepa tuladha, Pakar seni edi peni adi luhung, Kadang mitra sung pambagya, Dadi sedulur sejati. Wulangan tari Bedhaya, Mintaraga yasan Dalem Narpati, Kanjeng Sultan Ping Sepuluh, Kraton Ngayogyakarta, Ajaran gung Hamengku Buwana linuhung, Disertasi ngelmu rasa, Perspektif Hermeneutik. Lumaksana pendadaran, Pak Marwanto mantheng mandeng promosi, Doktor tari adi luhung, Ing kampus Karangmalang, Wusnya rampung Prof Suwardi anyengkuyung, Prof Kuswarsantyo gumregah, Dadya promotor pembimbing. 2. Sinom Ajarane ngelmu rasa, Ing bedhaya tari, Crita tutur Mintaraga, Yasan Dalem Sultan Aji, Ngayogyakarta nagri, Narendra kaping sepuluh, Hamengku Buwana yekti, Sung pepadhang jagad raya sigra terang. Prof Siswantoyo panga...