BABAD PADMA SUSASTRA
BABAD PADMA SUSASTRA Dhandhanggula Arum manis sarjana winasis, Winursita Ki Padma Susastra, Pangripta kasastran moncer, Endah reriptanipun, Wus makarti ing Bromartani, Djawi Kandha kababar, Kinarya panglipur, Candracantha Sasadara, Kalawarti ing saindhenging negari, Surakarta Diningrat. Gita gati yasa serat adi, Rangsang Tuban minangka waosan, Carita priyagung brang ler, Mengku wejangan luhur, Kandhabumi tepa palupi, Seratan Prabangkara, Pituduh sesuluh, Madu basa Pathi basa, Wulang becik Wama basa gya katitik, Wedharan Hariwara. Urapsari sayekti prayogi, Tata cara mbabar buditama, Erang Erang kang rinonce, Ngiket sabarang ngelmu, Serat kancil sengsem anginthil, Lampahan sato kewan, Kanggo mulang muruk, Wegig basa wikan klapa, Ki Padma Susastra memetri Baletri, Jiwa Jawi ngrembaka. Timur nguni ingaran Su...